Jumat, 28 Mei 2010

JAGAT UWIS RUSAK


MAS PETRUK URUN REMBUG :

KOYOK OPO GAMBARANE JAGAT SAK IKI. KETHOK-KETHOK'E TAMBAH SUWI KOK TAMBAH BEJAT KOYOK NGENE YOO REK !! OPO SING NGAWE RUSAK'E JAGAT IKI KABEH ? OPO MERGO TANGAN'NE MENUNGSO ? OPO TOH AMERGO JAGAT IKI UWIS TUWEK UMURE ...? OPO AMERGO GUSTI ALLAH WIS BOSEN NDELOK TINGKAH LAKUNE AWAK'E DHEWE KABEH.

YEN JAGAT UWIS TUWEK PANCHENE BENER REK ...!!
KOEN GAK PERCOYO ? LHA GAMPANG'AE NGEKEK'I GAMBARAN MARANG SAMPEYAN SEDOYO. COBO SAMPEYAN ITUNG, MULAI JAMAN'NE NABI ADAM SAMPEK TUMEKO JAMAN'NE BAGINDA ROSULLULLAH MUHAMMAD KUWI UWIS PIRANG-PIRANG ABAD SUWI'NE REK ...
LHA... SAK IKI UWIS TAUN PIRO ?

OPO NGGAK UWIS ENTHEK TENOGONE JAGAT IKI LEK DIKONGKON MUTER TERUS. LHA WONG BATERAI ABC, ALCALINE, EVERYDAY WAE ISOK ENTHEK. OPO MANEH BATERAI'NE JAGAT SING UWIS DIGAWE PIRANG-PIRANG ATOS TAUN KOYOK NGONO IKU.

RUSAK'E JELAS RUSAK IKU ENGKOK. OPO MANEH LEK DICEKEL TANGAN-TANGAN'NE MENUNGSO SING GOLEK SENENG'E DHEWE'AE... AJI MUMPUNG POKOK'E SIFAT'TE MENUNGSO IKU KABEH UWIS ORA PERLU MUNAFIK ATHEK NGGAWE EMBEL-EMBEL AGOMO AMBEK HAM BARANG. TEMBE AKHIRE YOO PODHO WAE KOYOK SING UWIS-UWIS.

GUSTI ALLAH MBLENGER NDELOK TINGKAHE MENUNGSO YOO JELAS BENAR SERATOS PERSEN. GAK KELIRU YEN MARINGI PERINGATAN UTOWO LAMBANG-LAMBANG SING ANEH-ANEH GAWE LAMPU KUNING.
TAPI TETEP WAE MENUNGSO PODHO ORA RUMONGSO. PANCET'AE KELAKUANE SAK KAREPE DHEWE KABEH ... MBEDUGAL GAK SADAR-SADAR. MECICIL KOYOK SAKTI-SAKTI'O DHEWE. PRINGAS-PRINGIS NDUKURE KURSI... MENGKERIK KOYOK ORA MATI WAE ...

JAGAT UWIS TUWEK..., JENGGOT'TE DHOWO KOYOK UMURE...PLAYUNE UWIS WATUK-WATUK. KESEL AMERGO ORA TAU LEREN MIKUL DUSO'NE MENUNGSO. ORA TAU DIBANCAK'I LAN DIWENEHI TUMBAL AMAL SHODAQOH. ORA IKHLAS OLEHI MENEHI WEWELAS...

NUWUN ....

KETIBAN APES SERI TERAKHIR Read Only



Sambungan seri sing pungkasan ...

Ndelok ngarepe onok arek wedhok, Petruk mlakune rodok cepet. Bagong sing onok mburine sampek kejungkel-jungkel amergo petheng.

Petruk :
"Wek... cewek !!Plok...plok...plok !! (Celuk Petruk ambek keplok-keplok)

Wong wedhok sing diceluk Petruk ora semaur opo meneh noleh. Dhewek'ne terus'ae ngacir. Padahal panggonane kuburan iku petheng dhedhet. Tapi kepenak'ae wong wedhok mlaku. Koyok uwis apal dalane'ae ...

Bagong :
"Truk...., engkok dhisik Truk ...!! Entheno'no aku Truk ....!! Wuaduh sampek sandal jepitku pedhot Truk ...!!"

Petruk :
"Cepatan tah lah Gong ...!! Cewek iku engkok isok ilang ...!!"

Bagong :
"Iyo... iyo Truk ...!! Lha sandalku pedhot koyok ngene' jare ...!!"

Petruk :
"Buak'en ae sandal uwis pedhot kok isik mbok gawe'ae ...!! Engkok tak tukok'no nang pasar malam kono ...!!"

Bagong :
"Ikh ..., sandal sialan !!"

Petruk :
"Cepet Gong ...!! Cewek iku mau uwis tekok lawangan kuburan kono !!"

Bagong :
"Endhi sih Truk !! Aku gak kethok cewek'e !!"

Petruk :
"Moto'mu ombone sak lapangan yoo gak kethok arek wedhok Gong !! Lha iko lho arek'e !!" (duding Petruk arah nang lawang metune kuburan deso.

Bagong :
"Opo sing putih-putih iko tah Truk ?!"

Petruk :
Iyo ...!! Iku arek wedhok Gong !! Ayu pisan arek'e mau !!"

Bagong :
"Aku gak weruh rupane Truk ?!"

Petruk :
"Yoo matamu iku coplok'en Gong !! Mosok arek ayu koyok ngono koen gak ngerti !!"

Bagong :
"Lha... petheng'e koyok ngene jare Truk ...!!"

Petruk
"Ayo Gong !! Arek'e uwis metu soko lawang kuburan ....!! Ayo mlayu Gong !!
Wek cewek....!!"

Petruk akhire playon bengi-bengi njero kuburan. Bagong sing awak'e sak kepel melok kejungkel-jungkel ngethot'no playone Petruk. Tekok lawang metu kuburan deso, playune si-Petruk tambah banter. Bagong sing nyobak ngimbangi playu'ne Petruk sak-kal keglondong-glondong.

Sangking bantere Petruk olehe melayu, akhire Petruk kurang sak ithik wis nang mburi'ne arek wedhok kelambi putih iku. Tapi njelalah ....

Petruk :
"Lho..., nang endhi arek wedhok klambi putih iku mau ....!! Lha..., kok aneh liwat ngisor uwit trembesi iki sak kal dhewek'ne ilang ...!! Mengok nang endhi arek iku mau ?!" (Petruk clingak-clinguk ngisore uwit trembesi).

Bagong sing keglondong-glondong amergo kesandung watu akhire isok nyosol Petruk. Ambek'kane ngos-ngosan koyok wedhos.

Bagong :
"Lha... endhi arek'e Truk !! Hos... hos.... hos...!!"

Petruk ugo ambek'khane ngongsrong koyok celeng digeropyok uwong kampong, mek isok tolah-toleh koyok kebo kopok'en nang ngisore trembesi.

Petruk :
"Emboh Gong !! Aneh..., cewek iku mau dumadak ilang sak uwise menggok onok ngisor uwit trembesi iki ...!!

Bagong :
"Ojok guyon koen Truk !!"

Petruk :
"Sumpah Gong...!! Isok ngilang arek wedhok iku mau ?!"

Bagong :
"Ojok guyon lho Truk ...!!"

Petruk :
"Sing guyon sopo Gong !! Arek iku mau uwis tak uber kurang sak ithik wis kesosol...!! Lha... kok moro-moro ngilang sak uwise menggok uwit iki Gong !!

Bagong :
"Berarti ...!!"

Petruk :
"Opo Gong ....?!"

Bagong :
"Be..be...berartiii ...!!"

Petruk :
"Berarti opo sih Gong ...!! Kok maleh merinding guluku iki ....?!"

Bagong :
"Ikh...ikh.. iku... mau du... du... dudhuk menungso Truk ...!!"

Petruk :
"Ops....opo mak... maksuud ... muuu Gong...!!"

Bagong :
"Sun... sun... sundel ...!!"

Petruk :
"Sun ...sun... del... op...opoo... Gong ?!"

Bagong :
"Sudel bolong.....!!"

Petruk :
"Hah...!! Sun...sundel booloong.....!! Ayok mlayuuu Gong ....!!"

Bagong :
"Juangkriikkk .....!! Sundel boloooong ....."

Petruk :
"Cepetan Gong ....!! Ayok melayu mrono Gong ....!!"

Bagong :
"Truk....!! Entheno'no aku Truk.....!!"

Akhire wong loro sing mbethik iku keplayon-playon kewedhen. Petruk sing jangkane ombo playune sipat kuping bantere. Opo sing onok ngarepe diterabas. Emboh iku watu, tanduran. opo maneh telethong'e sapi uwis gak diurus. Sing penthing isok slamet pikire dhewek'ne.

Tapi seje maneh ambek Bagong, sing cikile cekak... Jangkane mung sak imit. Playune kalah banter karo pithik. Amergo sangking wedhine ..., playune dianggep uwis meh podho karo kucing nguber tikus...

Pokok'e apes... apes tenan wong loro iku ...
Syokor kapokmu kapan Truk...
Jongor koen Gong ....
Rasakno koen kabeh sak iki...
Babras kabeh dengkolmu sak iki...
Uwong kok nglithis'se koyok ngono ....

TAMAT COI ....

GARENG KESASAR JILID TIGA



Akhirnya Petruk dan Bagong-pun ikut meluncur ke luar desa menuju kota. Tujuan mereka cuma satu ingin segera menemukan kakak mereka Gareng yang tak kunjung pulang.

Teriknya mentari kian lama kian menyengat sebagai tanda hari kian siang. Pepohonan seakan memancarkan sinarnya sendiri hijau berkilauan. Truk sayuran yang membawa hasil bumi dan panenan warga desa meliak-liuk dijalanan menuruni pegunungan.

Truk itu melaju dengan kecepatan rata-rata, maklum memang kondisi jalanan yang mereka liwati tidak semulus jalanan aspal di kota besar. Jalanan yang mereka lewati penuh dengan lobang yang menganga. Batu-batuan besar berserakan di kiri-kanan jalan menuntut siapa saja yang melewati jalanan itu harus benar-benar ekstra hati-hati.

Petruk dan Bagong berdiri tersenyum dibelakang box truk yang mereka tumpangi. Walaupun cuma dapat berdiri diantara berbagai macam tumpukan hasil panenan warga desa dan beberapa ekor kambing di atasnya tak membuat mereka merasa riskan.

Maklum, hidup sebagai orang gunung yang baru pertama kali ini mereka turun gunung untuk pergi ke kota dengan tujuan terpaksa. Mata kedua anak gunung itu terbuka lebar-lebar seakan tak ingin melewatkan setiap jalanan yang mereka lewati. Terlebih Bagong, yang tak pernah berhenti bertanya setiap sesuatu yang belum dikenalnya selalu ditanyakan pada si-Petruk.

Untungnya si-Petruk, yang sedikit luas pengalamannya mau menanggapi kekurangan adiknya. Ia dengan lantang menjawab setiap pertanyaan Bagong sebatas kemampuan yang ia miliki.

Tanpa terasa, truk yang mereka tumpangi kini telah memasuki perkotaan. Bagong yang sejak dari tadi nerocos kian bertambah bloon-nya. Mulutnya seakan sulit di-rem, nerocos terus bagai kompor ngebros.

Bagong :
"Lha itu apa ? ... Lho yang itu apa lagi Kang Petruk ? Waduh.. waduh apa lagi itu Kang ?" (Dengan mata jelalatan toleh kiri-kanan sambil melongo keheranan).

Petruk :
"Hehehe...., itu toko televisi Gong !! Yang itu lagi bengkel sepeda motor ....!! Nah ...!! Yang itu orang jualan bakso keliling ...!!" (jawab Petruk).

Bagong :
"Kalau yang digotong itu apa-an Kang Petruk, kok diikuti banyak orang berkerudung ?"

Petruk :
"Oh itu..., itu orang mati yang di bawa ke pemakaman Gong !!"

Bagong :
"Lha .. yang itu apa lagi Kang..., kok joget-joget sendiri ?"

Petruk :
"Itu anak lagi dengerin musik di Hp !"

Bagong :
"Apa itu Hp Kang Petruk ...??"

Petruk :
"Hp yaa ... semacam telepon yang dapat disimpan di saku !!"

Bagong :
"Kalau itu... apa lagi Kang..., berdiri di pinggir jalan pakai kumis melintang ?"

Petruk :
"Itu yang namanya Pak Polisi Gong ...!! Ia sedang bertugas menjaga ketertiban lalu lintas !!"

Bagong :
"Oh..., itu yang namanya Pak Polisi !! Pantas gagah dan berwibawa begitu yaa Kang Petruk !!"

Petruk :
"Yaa.. iyallaah Gong!! Kalau Polisinya seperti kamu ..., ntar tidak ada yang takut dan pada melanggar peraturan semua !!"

Bagong
"Hehehe ....!!" (meringis seperti kucing)

Petruk :
"Nah ..., ada untungnya juga kita ke kota yaa Gong !! Kita jadi tahu langsung apa-apa yang belum pernah kita lihat!!"

Bagong :
"Iya... yaa Kang !!"


BERSAMBUNG KE LAIN WAKTU DISERI BERIKUTNYA