Senin, 26 September 2011

TUKANG URUT


Ngudo Roso :
Awak koe Rek.....!!

Bengi iku....,
Mas Gatot Koco lumah-lumah ndukur mbalai....
Ngenceng'no awak jarene....
Bolak-balik sambatan kesel....
Maklum dadi "petugas lalu-lintas" nang kota Suroboyo ora gampang tugase...

Sak'ben ndino kudhu budhal petheng...
Sak durung'e srengenge ngge'reng....
Balik mulih kudhu surup....
Sak uwise srenge'nge mulai ngiyup....

Opo maneh oleh tugas tambahan....
Kudhu nglembur ngaman'no dalanan....
Opo maneh ketekan dayoh wong penting sing nggowo "kepentingan"
Durung maneh ngaman'no "demo" sing nggowo "suara genting"....
Mas Gatot Koco "wajib pulang malam" ...

Dilakoni sakben ndino....
Dilakoni puluhan tahun....
Demi kewajiban dadi aparat...
Demi tugas pengabdian marang negoro....

Sak iki kari kesele...
Sak iki kari remek'e...
Butuh uwong sing isok mijet....
Butuh uwong sing isok ngurut (tukang urut)....

Supaya awak mbalik seger....
Rupa mbalik bunder...
Supaya awak mbalik gak melungker...
Rupa mbalik angker....

Gak suwe teko si tukang ngurut...
Wajahe mbesengut....
Janggut manggut-manggut....
Uwis tuwek sing kasebut "mbah buyut"
Ora suwe....
"Aduh.... Akh !! Kurang ngisor....!!
Yoo iku sing enak....!!
Nyaman tak kanak.......!!"

Selasa, 20 September 2011

UGAL-UGALAN


NGUDOROSO WONG MANCAL SEPEDA PANCAL :

Amit-amit.....
Ambek nebah dada...
Amerga jantung bolak-balik muni dag-dig-dug terus....
Was-was olehe sobo nang embong....

Mulai wayah isuk....
Mak pyur....!! Koyok manuk miber golek panganan....
Wong sak kota podho umek sak polahe...
Sing tekok arah Kidul mengalor....
Sing tekok Lor mengidul.....

Tumplek blek koyok beras diuteri...
Ngelompok ketemu nang "embong bunder" = (Bunderan Waru)
Gedhe-cilik ora onok sing gelem ngalah....
Uyel-uyelan....
Pepet-pepetan....

Nyalip tekok kiwo ora gelem ngebel...
Motong jalur sak karepe dhewe...
Opo maneh sing sepeda'e anyar....
Nge'ber sepeda'e sak banter-bantere....
Nge'rem ndadak sak karepe udel'le...

Jangkrik....!!
Jancoook....!!
Asuuu.....!!
Matamuuu....!!
Bahasa sego jangan sing sering metu tanggapan nang embong...

Podho ugal nang dalan nguber mephete jam....
Podho ngeyel sredel nguber kecekele penggawean...
Podo ngebut olehe nguber setoran...
Semrawut-wut .....!!

Opo maneh wayahe jam limo....
Tambah korat-karit isi'ne Suroboyo....
Opo maneh liwat Wonokromo....
Tepak ketambahan teko'e dayoh....
Sing nduwe ban wesi ndase mung siji...
Liwat RSI mlaku'ne athek kurang gizi.... (RSI=Rumah Sakit Islam)

Tambah bengi kok tambah sumpek...
Wayahe arek nom-noman sing podho umek....
Tangi turu wethenge warek....
Ngalor-ngidul gak gelem mandek....
Ugal nang embong...

Ora perduli kabeh di-srempet....
Ora perduli kabeh di-pepet....
Koyok jabret mari oleh sautan dompet.....
Koyok wong kencret enthek sak ceret.....
(Huuuuh.......!!)

Jumat, 16 September 2011

PLONGA-PLONGO


NGUDO ROSO GAWE MENUNGSO SING ISOK NGE'RASA :

Panas-panas....
Cacing nang njero weteng mulai ganas...
Tanda wetengku uwis kerasa luwe...
Njaluk kiriman sego sak ngombene...

Mancal becak ngalor-ngidul...
Mung oleh duit limang ewu...
Opo cukup digawe tuku sego tiwul...
Gawe mangan bojo, anak lan putu...

Srenge'e uwis onok nang ndukur unyeng-unyeng...
Marak'no siraku tambah suwe tambah puyeng...
Oleh duit mung cukup digawe ngiseni sak wetheng...
Ora wani mulih omah amergo bojoku engkok mbecureng...

Nasib... nasib....
Gerutu mas Bagong sing lagi muter-muter nang ndukur becak'e....
Ngalor-ngidul Golek penumpang...
Ora oleh-oleh....
Penumpang sing uwis pada ora gelem numpak becak...
Amergo kalah karo murah'e kriditane sepeda...
Sak iki dewek'ne mung isok plonga-plongo....
Koyok kebo ngolek jeruman...
Lambe'ne mung isok ndowe kepanasan...
Kadang-kadhang nyengir koyok iwak mujaer...
Ngesak'no.....