Rabu, 30 Januari 2013

BABU ....

Blog Punakawan Suroboyo

NGUDO ROSO :


Babu ...
Onok sing awake lemu ...
Onok sing awake  kuru ...
Podo pathing  Kemayu ...
Loro karone kesebut babu ...

Juragan pecuca-pecucu ...
Babu mung isok mesem ngguyu ...
Babu padha kurang turu ...
Ora tau ngombe susu ...
Mangan mung jangan tahu ...

Sakben ndino nguber wektu ...
Ngerisiki ruang tamu   ...
Dikongkon iki-iku ...
Grusa-grusu sampek awake catu ...
Ora tau sambatan "aduh" ...
.
Bolak-balik mlebu-metu ...
Durung oleh seminggu ...
Podho njaluk sangu ...
Pindah juragan sampek kaping wolu ...
Juragan ndowe mung nyonggo dagu ...

..... see you tommorow again !!

Senin, 28 Januari 2013

NARKOBA

Blog Punakawan Suroboyo

NGUDO ROSO :

Goro-goro narkoba ...
Bekakas sing nggowo bebaya ...
Uwis semebyar nang  jagat alam raya ...
Ora perduli pawongan enom lan tuwa ...

Semebyare nggawe aneka cara ...
Saka negara Alengka lan Manca ...
Liwat darat, laut, lan dirgantara ...
Tumekan saka jeroane menusia  ...

Sak goblok-gobloke menungso ...
Yoo kuwi sing nyuba nggawe narkoba ...
Sak o'on-o'one menungso ...
Yoo kuwi sing ngincipi narkoba ...

Uwis ero narkoba kuwi  larangane negaro ...
Uwis ero narkoba kuwi pantangane agamo ...
Uwis ero narkoba kuwi ngentekno dunyo ...
Uwis ero narkoba kuwi nyedaki  bongko ...

Ngono kuwi isik wae siro untal ...
Tumekan tekani pati sing kayal-kayal ...
Nyungsep nang lemah koyok kadal ...
Amergo nyowo siro uwis budhal ...

Nang akherat siro bakalan di-laknat ...
Karo Malaekat sing motone papat  ....
Nang akherat siro bakalan di-damprat ...
Karo Malaekat dijejeli geranat ...

Rasakno balungan siro podho  muncrat sak arat-arat ...
Malaekat motone papat tambah semangat ...
Rasakno awak siro podho ajur mumur korat-karit ...
Malaekat motone papat tambah kerat-kerit ...  

Syukur....Rasakno siro sak iki ...
Siro kakean pola ...
Siro kakean tingkah ...
Pokal gawe ngicipi narkoba ...
.
....... see you tommorow again !!

Rabu, 23 Januari 2013

KORUPTOR

Blog Punakawan Suroboyo

NGUDO ROSO :

Jenenge Koruptor...
Tumpakane montor...
Mlebu-metu njerone kantor...
Pikirane tansoyo  kotor...
Kerjane seneng ngolor-ngolor...

Sifate padha kemaruk...
Kabeh wae kudhu di-keruk...
Gawe ngiseni waduk...
Sopo sing nyenggol mesti di-saduk...
Sopo sing njawil bakalan di-thutuk ...

Ora wedhi karo bapak direksi...
Opo maneh bapak polisi...
Ora wedhi mlebu bui ...
Opo maneh terali wesi...
Kabeh dianggepe sepi...

Uripe tansayo resah... 
Uripe tansoyo gelisah...
Uripe tansoyo mbelarah...
Uripe tansoyo ora lumrah ...
Amergo olehe rejeki ora barokah...


Prestasi kerjomu tambah suwe tambah  jeblok ...
Duit negoro akeh sing podho mbok caplok ...
Lek gak ngono koen kabeh ora isok mbadhok ... 
Wetengmu gedhe kakean mangan sego endhok ...
Wong cilik rekoso golek urip....koen  keplok-keplok ....

Jangkrik .....!!
Ojok podho malangkerik ... !!
Ojok podho plirak-plirik ... !!
Kelakuanmu koyok kirek ... !!
Rupamu koyok cukrik ...!!

Ayok rek podho ...
Berantas Korupsi ...
Berantas Kolusi ...
Berantas Nepotisme ...
Yoo .....?!

Selasa, 22 Januari 2013

UWONG TUWO ....

Blog Punakawan Suroboyo

NGUDO ROSO :

Wong tuwo....
Senadjan turune ngowo...
Senadjan cucuke dowo....
Senadjan cangkeme ombo...
Iku ngono wong tuwo...

Sing  ngawe awake dewe ono...
Sing ngukir jiwo lan rago...
Sing ora perduli luwe lan loro..
Sing ora lilo lan mentolo...

Ndelok uripe anak-anakke sengsoro...
Ndelok uripe anak-anakke  kelunto-lunto...
Ndelok uripe anak-anakke kena gudho...
Ndelok uripe anak-anakke ketiban rekoso...

Isine mung ndungo rino lan wengi...
Memuji - ngabekti marang Gusti...
Ora lali teker-teker golek rejeki...
Sampek umure dadi kaki lan nini...

Gawe anak-anakke sing podho pethitha-pethithi...
Gawe anak-anakke sing ora nduwe wedhi...
Gawe anak-anakke sing podho njaluk komisi...
Gawe anak-anakke sing gak ngerti balas budi...

Yen uwis dadi kaki lan nini...
Anak-anakke  padho lali...
Wayahe ngenteni tekane pati...
Anak-anakke uwis ora perduli...

Kelakon wong tuwo uwis mati....
Ora onok sing gelem nyelameti...
Kelakon uwong tuwo uwis mati...
Ora onok sing gelem ngaji...


(see again tommorow...)


Rabu, 16 Januari 2013

GERIMIS ...

Blog Punakawan Suroboyo
NGUDO ROSO :

Gerimis ricik-ricik ....
Dino Kemis iku becik...
Jarene Pak Cilek ...
Sing rambute brintik...

Akeh menungso sing...
Podho wegah metu omah ...
Ora gelem ucul saka sarange....
Padho nglumpuk sak anak bojone...
Ora gelem ucul saka sarunge...
Pathing klumbruk sak kucing-kucinge ...


Pada enak-enakan ndelok acarane TV...
Pringas-pringis karo nyocop wedang  kopi...
Nyanding gegorengan tahu isi...
Sing gedhene sak kepelane polisi...

Tinimbang metu yoo ora onok konco sing nglumpuk...
Ora onok sing gelem diajak cangkruk...
Kabeh podho nyekukruk...
Kemulan sarung motone ngantuk...

Tiwas metu omah klambi isok kepleh...
Paling wuenak yoo leyeh-leyeh...
Cangkem ben ora ndoweh....
Nyandak piring mangan jangan lodeh...

Kabare TV...
Wuakeh daerah sing podho banjir...
Wuakeh omah sing podho kintir 
Para petani podho ora isok icir....
Para koruptor  podho balapan  ngacir...
Bayi lagi lair akeh sing dipluntir....

Amit-amit jabang bayi...
Komat-kamit ngrapal aji...
Kok onok kelakuan sing ora mbejaji...
Aku mung isok ngondeli ati...

(empreeettt.....!!!)