 |
| Bagong Ngumbar Swaro ... |
KELAKUANE MENUNGSO
Ngudo Roso :
"Ndelok kelakuane menungso akhir tahun iki kok koyok
demit ...!!
Menungso sak iki kejem-kejem.....!!
Serakah .....!!
Adigang.... adigung .... adiguna ....pokok'e...!!
Menghalalkan segala cara ...!!
Sing penting wetenge dewe warek ...
Isine dunyo isok dikeruk ijen ....!!"
"Pokal gawene akeh cem-maceme ... !!
Mulai tumekan seneng omben-omben ...!!
Perjudian...., perzinaan...., tawuran masal...., kebut-kebutan....
Curanmor ..., perselingkuhan...., perkosaan...., aborsi ....
Pembunuhan...., mutilasi...., narkoba.... , korupsi...., terorisme ...!!
Lan sak panunggalane.... !!"
"Ck....ck....ck.......ck......!!
Pancene motone
podho pichek ....!!
Bleg.... bleg.... bleg ....!!
Kupinge
podho dubleg ....!!
Tos...tos.....tos.....!!
Atos
atine koyok watu.....!!"
"Pituture agomo ora digugu.....!!
Dawuhe negoro ora dianggep...!!
Ngugu sak karepe udele dewe....!!
Brangasan ngumbar howo nafsune ...!!"
"Koyok opo nasibe negoro rong puluh tahun meneh ...??
Piye ...., anak putune awake dewe sesuk....?!
Opo isok kelakon unen-unen ...
Negoro tentrem kerto raharjo ... ?!
Opo isok tumekan negoro adil lan makmur ...
Gemah ripah loh jinawi ....?!"
"Jawabane mung embel ...
Mblegedes ... kiwer-kiwer ....!!
Yen kelakuane menungso isik
koyok bedhes ...!!
Isik kemanjingan sukmane
Doso Muko ...!!
Pancet
ngiblat danyange setan Iblis laknat ...!!"
"Opo bener yoo unen-unen ngene iki ...?!
Menungso iku ....
Yen rino dadio
singo ...
Yen bengi dadio
pendeta ...!!"
"Bingung aku ....?!
Yen mikir lan ngotak-ngatik sifate menungso ...
Sing ora isok dadi wong belajar bener ....!!
Ora gelem pinuju sebutan
insan kamil .... !!
Opo maneh nekuni
Maghrifat marang Gusti ....!!"
"Isine mung ....
Royokan dunyo bondo....!!
Cakar-cakaran rebutan jabatan.....!!
Seneng karo ujub dunia lan nyombongno diri ...!!
"Oaallaaah .....!!
Menungso-menungso ....!!
Lapo biyen Gusti Allah nggawe awakmu ...!!
Yen akhire mung dadi obong-obongane Neroko ....!!"
"Tobat.... tobat....
Ayok dhulurku kabeh .....
Mumpung isik urip ....
Ayok podho tobat.....!!
Nyuwun pangapuro marang Gusti Allah .....!!
Amiiinnnnn .......!!"
(
See you tommorow again Cak Bro ....!!).