Rabu, 08 November 2017

BU RISMA ...

Kidungan ....

Tuku sego di campur telo...
Bareng tekan omah ora ngrasakno
Budaya Kerjo Ayo ditingkatno...
Bareng Bu Risma mbangun Suroboyo

Contone Kampungku iki
Wargane Guyub bisa diandalno...

Gedhe dowo Arane Kathes
Walikotane Pancen Is The Best...

Suroboyo pancen Kota panutan...
Kono-kene akeh kemajuan...
Dibuktene akehe Penghargaan...
Walikotane pancen jempolan...

Mulo iku dulur ayo podho didukung...
Programe kabeh sing wes mlebu Kampung...
Contohne Kampunge awake dewe...
Wargane guyub aman lan Rukun... 

Saiki jaman bebas diktaktor ...
Isik cilik podho nggawe sepeda motor...
Wong tuwone nek turu podho molor...
Bareng wis tangi anake podho ndlosor...

Kembang Gading Kembang Kenongo...
Dadekno Siji ojo digawe dupo...
Ojo lali karo welinge wong tuwo...
Supoyo Kita Uripe Mulyo ...

Yu.. Yu.. Yu.. mrinio ..
Bu Wali Kota pernah janji opo...
Iku kabeh wis dadi nyoto ...
Kutho Suroboyo dikenal sak Ndunyo

Suroboyo pancen cinta Lingkungan
Kono-kene akeh Penghijauan
Wargane guyup cinta Persatuan
Urip makmur Sing dadi Tujuan ...


nuwun ....