Selasa, 09 Februari 2010

LURUH BUTUH SERI PAPAT


Sambungan : Luruh Butuh Seri Telu

Srenge'e nang dhukure deso Karang Tumaritis wis lingsir semu abang nang kulon. Iku ngono tondo dino mancek wayahe sore. Wis podho akeh wong sing pating keluyur metu golek suket gawe pakan'ne ingon-ingonan'ne. Enom tuwek campur dadi siji. Podho nyekel arit ambek nyangking keranjang.
Bocah-bocah cilik patheng jelerit, uber-uberan dulinan. Onok sing nekeran, bekelan, ambek onok sing penek'an. Poro ibu-ibu pathing gerombol nang ngarepe omah. Onok sing lagi pethan, onok sing ramban godhong-godhongan, onok maneh sing podho nyusoni anak'e.
Pokok'e sore iku nang deso Karang Tumaritis rame tenan. Seje karo mau isuk. Amergo bengi'ne udan deres, mangkane jarang onok wong sing podho tangi isuk.

Bagong :
"Huahhh.... !! (Bagong bolak-balik angop leye'an ngarep omah ambek mbeber keloso)

Nyai Bagong :
"Lha endhi lho Kang Bagong...?!
Jarene Petruk arep ngeteri duit'te wedhos...?!
Lha wis sore koyok ngene kok dhurung teko-teko...?!"

Bagong :
"Pancene Petruk iku njaluk dikethak kok Nyai...!!
Dienteni uwong ket mau yoo gak moncol-moncol ...!!
Wis sedino wetheng nggak mangan ...!!"

Nyai Bagong :
"Lha mau jarene koyok opo lho Kang Bagong ?"

Bagong :
"Jarene mau ape njupuk duit'e dhisik nang omah ...
Terus langsung mrene Nyai...!!"

Nyai Bagong :
"Lha endhi..., uwong'e kok gak teko-teko ngeteri duite wedhos ...?!
Wis mari Ashar yoo gak mrene-mrene ...!!
Opo mau gak sampeyan peseni tah kang Bagong ?!"

Bagong :
"Peseni opo ...?!"

Nyai Bagong :
"Yoo sampeyan peseni lek ndang cepet duite diterno mrene !!"

Bagong :
"Yoo uwis Nyai ...!!
Dasar Petruk'ae sing rodhok ngreget'no Nyai...!!"

Nyai Bagong :
"Olah opo mau sampeyan ngedol wedhuse nang Petruk ... Kang Bagong ?!
Wis ero kelakuan'ne Petruk koyok ngono ...!!
Wis ngerti Petruk mbelere koyok ngono yoo sampeyan isik percoyo'ae ...!!"

Bagong :
"Lha ... pikirku timbangan'ne nang pasar wis kawanen ...
Mending nang Petruk sing idhek'ae gelem tuku wedhusku ... Nyai !!"

Nyai Bagong :
"Tapi..., koyok opo lek ngene iki ...?!
Wis nggak oleh duwek ..., kepekso dino iki aku nggak adhang !!
Cek podho kaliren kabeh wong sak-omah ...!!
Untunge isik onok kerene sego liwatan mau bengi ...
Dipangan ambek iwak asin yoo cocok tenan ...!!"

Bagong :
"Iyoo... enak tenan !! Tapi aku mau cumak kumanan sego sak lepek ambek sisane endhase iwak asin iku thok Nyai ...!!"

Nyai Bagong :
"Syokor ..., rasak'no dhewe ...!!
Dikongkon ndadek'no duwek kok malah moleh klewas-klewes nggak nggowo opo-opo !!"

Bagong :
"Pancen'ne Petruk iku juampuutt tenan kok arek iku ...!!
Opo enak'e tak susul'ae nang omah'e sak iki Nyai ...?!"

Nyai Bagong :
"Ngono yoo kenek Kang Bagong !!
Celatu'en ae Si-Petruk iku cek gak kurang ajar !!"

Bagong :
"Lha ... iku sopo sing ape mrene Nyai ...?!
Tekok adhoh kok pringas-pringis iku ... ?!"

Nyai Bagong :
Lho ..., iku lak Togog sing mrene Kang Bagong ...!!"

Bagong :
"Waduuh ...!! Togog mrene apene nagih utang Nyai ...!!"

Nyai Bagong :
"Walaaa ..., iyo Kang Bagong ...!!
Awak'e dhewe lak janji mbayar utang dino iki ...!!"

Togog :
"Assalamu 'Alaikum ...!!"

Bagong + Nyai Bagong :
"Wa'alaikum Salam ...!!"

Togog :
"Waduh ...., cek enak'e uripmu Gong !!
Leye-leye kelonan nang ngarepe omah ...!!"

Bagong :
"Kelonan dengkolmu coplok Gog !!
Kene Gog ..., longgo kene ...!!
Nyai... tolong godhok'no banyu ambek gawek'no wedhang kopi yoo ...!!"

Nyai Bagong :
"Oalaah Kang Bagong ...!!
Sampeyan lali tah..., lek gulo'ne wis enthek ...!!
Opo gelem tah Togogh ..., lek gulone tak ganti ambek uya'ae ?!"

Togog :
"Hehehe...., Nyai iki senengan'ne guyon ...!!
Wis nggak usah repot-repot .. !!
Aku mau wis nggombe wedhang kopi kok ...!!"

Nyai Bagong
"Sepurane sing akeh yoo Gog....!!
Pancene gulo nang njero wis enthek tenan jare ...!!"

Bagong :
"Lek gak onok wedhang kopi..., sing liyane'ae sing onok kono !!"

Nyai Bagong :
"Oh... iyoo, sik tak jupuk'no dhisik ...!!"

Bagong :
"Arep mbok jupuk'no opo gawe suguhan Nyai ...?!"

Nyai Bagong :
"Opo maneh lek gak gorengan karak wingi sore ...!!"

Togog :
"Wis ora usah repot-repot Nyai ...!!"

Bagong :
"Lek isok ambek gorengan laron gowo mrene pisan Nyai ...!!"

Togog :
"Hehehe ...!! Koen kiro aku pethek tah ... athek mbok suguhi gorengan laron ?!"

Bagong :
"Pokok'e lak onok sing digawe camilan tah Gog nang kene !!"

Togog :
"He'e ... yoo Gong ...!!"

Nyai Bagong :
"Yoo wis tak jupuk'e dhisik nang pawon ...!!
Emboh isik onok opo wis enthek ... ?!"

Bagong :
"Lek enthek...!!, iku ngono digeripis'si Bapakmu Nyai...!!"

Togog :
"Hehehe ....!!"

Bagong :
"Duwe morotuwo ngragas'se ngalah-ngalahi rayap ...
Sembarang dienthek'no ....!!
Mosok..., rokok'ku mau isuk kathut di embat ... Gog !!"

Togog :
"Hehehe....!! Salahmu dhewe Gong !!
Athek gletak-gletek ndelehmu ...!!
Ojok koen salah'no morotuwomu ...!!"

Bagong :
"kadhung gregeten, tak cepak'i racun tikus'ae cek gak kerangsapan'ae ben dino !!"

Togog :
"Hehehe...!! Pikiranmu elek temen koen Gong !!
ancene wong wis tuwek iku yoo ngono..., sifat'te mbalik koyok arek cilik maneh !!
sak kethok'e moto'ne kudhu melok njaluk !!"

Bagong :
"Bener opo jare'mu Gog ...!!"

Togog :
"Wis..., aku selak kesusu...!!
Soale engkok sore mari Maghrib onok slametan nang omahku ...!!"

Bagong :
"Slametan opo Gog ...?!"

Togog :
"Pathang Puluhe Embahku Gong ...!!
Mangkane aku mrene apene njupuk duit sing mbok seleh minggu iko !!
Jaremu apene mbok lunasi dino iki ...!!"

Bagong :
"...........?!?!......."

Bagong nggak isok nyauti. Isok'e mek kokor-kokor endhase.
Koyok opo cerito sak teruse konco. Sepurane tak cekak sampek sak mene ...
Soal'le moto'ku wis nggantuk. Ojok lali yoo ..., woco'en seri sambungan'ne !!

BERSAMBUNG ....