Rabu, 01 Desember 2010

" BECIK KETITIK OLO MESTI KETORO "


MBANYONI LELAKON :

Dadi wong jujur ing jaman kang ora nggenah iki pancene ora gampang. Akehe wong wis padha nekat ngalalke sakabehane cara kanggo nggayuh tujuane dhewe-dhewe. Malah ana sakperangane wong sing kandha “jujur marake ajur”. Sapa jujur bakale ora keduman apa-apa. Mula aja nggumun yen laku korupsi, nyolong dhuwite rakyat sak negara dadi laku kang ngambra-ambra ing negara iki.

Durung suwe iki Mbok Wedhok ngenehi palaporan yen jebul dhuwit bayaran listrik kang biasane dititipake tangga cedhak omah wis antarane telung wulan ora dibayarake marang petugas PLN. Critane ing esuk-esuk, Teh Neneng teka medhayoh lan ngabari yen sedina sakdurunge ana petugas PLN kang teka nagih bayaran listrik sing wis nunggak telung sasi. Lha terus terang wae, Mbok Wedhok lak langsung kaget girap-girap.

Biasane dheweke rumangsa ora telat nitipake dhuwit listrik ning Mbak Tum tangga cedhak ngomah. Iki kok ujug-ujug ora ana kenthang kimpule genah-genah ditagih mbayar meneh.
Akhire kanggo nlisik dhuwit mau, Mbok Wedhok lan Teh Neneng sepakat ethok-ethoke ora genah dhodhok perkarane. Ning semono, mengko Teh Neneng sing arep nakokake langsung marang Mbak Tum.

Nalikane bener-bener ditakokake, Mbak Tum kandha yen pancene wis telung sasi dhuwit titipan listrik mau ora dibayarake ning petugase. Dhuwit mau kepekso dienggo kanggo nutup utange. Mbak Tum banjur takon,”Lha si Teteh(Mbok Wedhok) apa ngerti bab kuwi?” Diwangsuli Teh Neneng, “ Deke durung ngerti kok!” Pesene Mbak Tum sakbanjure supaya crita kuwi aja nganti dingerteni Mbok Wedhok. Deweke ora ngerti yen jane Teh Neneng kuwi duta kanggo ngorek keterangan wae.

Mbayar dhuwit listrik ing lingkungan kampung kayadene ing panggonanku pancen umume dikoordinir bebarengan sak RW kareben ora nganggu penggawean warga ing saben dinane. Seko kono mengko saben warga dijaluki urunan minangka beaya administrasi kanggo kas warga. Rumangsa kepingin sesrawungan apik karo tangga teaparo ya mesti wae aku ora kabotan. Lha wis antarane meh rong taun iki, biasane Mbok Wedhok nitip marang Mbak Tum.

Jane kawit sepisanan nitip dhuwit listrik mbiyen Mbok Wedhok wis kandha yen Mbak Tum kuwi tindak-tanduke sarwa nyalawadi. Saben-saben mbayar listrik yen dijaluki struke mesti ngakune ora diwenehi karo petugase. Lan kawit kuwi yen wektune teko setor menowo Mbok Wedhok takon enteke piro mesthi le njawab entek pitung puluh ewu.

Sakjane karo wangsulan kuwi Mbok Wedhok mesti wae kurang percaya, ning nglabuhi ndak ribut karo tanggane dhewe ya trima ngalah. Pakertine Mbak Tum lekas kewiyak nalikane dheweke nemoni masalah ditagih utang ing sakwijine wong.

Critane, Mbak Tum kang dhuwe anak telu, sing pembarep wis sekolah SMP, nomere loro kelas lima SD, lan ragile isih umur rong taun mesti wae butuh ragad ora sithik ing saben dinane. Apa maneh bojone mung buruh pabrik kang bayarane uga pas-pasan.

Lha ndilalah Mbak Tum kebujuk utang kanthi jaminan masrahake kartu ATM nggone bojone. Jarene nganggo cara praktis mengkono ora perlu jaminan werno-werno lan dhuwit silihane bisa langsung cair. Ning cilakane, urusan mau ora dirembug karo bojone.

Malah nganti sing nagih utang, bojone lagi ngerti lan mesti wae kaget. Sak rapet-rapete wong nyimpen bathang, mesti wae bakal konangan ambune sing banger.

Minangka wong lanang mesti wae bojone banjur nesu. Mula perang bratayudha mesti wae ora bisa diendhani. Swasana omah-omah sing biasane adhem ayem sakbanjure dadi rame padudhan ing meh saben dinane.

Akhire sakwijine dina Mbak Tum nekad minggat. Ora jelas ning ngendi parane. Pirang-pirang dina bojone nggoleki nanging ora ketemu. Digoleki ning omahe sedulur-sedulure ya ora ono. Sing ciloko bojone wis kentekan dhuwit merga pancen wis tanggal tengahan. Wis ngono ATM-e digawa karo wong sing ngutangi.

Ngilang pirang-pirang dina akhire Mbak Tum njedhul. Jebul sakwene lunga, dheweke diumpetake karo ibu-ibu tangga RT sing padha sekongkol. Liwat ibu kuwi mau mbiyene Mbak Tum dilantari utang dhuwit.

Rumangsa kewiyak belange, Mbak Tum sakbanjure arang nangga. Saben dina mung ono ngomah wae momong anake ragil. Kayane dheweke rumangsa isin. Apa meneh karo Mbok Wedhok. Lha mosok dhuwit listrik telung sasi diembat!

Akhire kanggo mbayar rekening listrik Mbok Wedhok njajal nganggo cara liwat bank. Lha tambah kaget meneh. Mosok jebul listrik ing sasi iki mung entek telung puluh enem ewu ditambah beaya administrasine rong ewu. Welha jebul kebobolan to nganti rong taun iki. Biasane kandhane Mbak Tum listrik mesti entek paling sithik pitung puluh ewu. Wah elok tenan ki…….

Durung sempat arep nemoni Mbak Tum kanggo njaluk keterangan tanggung jawabe, malah keprungu kabar yeng dheweke mudik ning ndesane ninggal anak bojone. Mesakake anak-anake sing melu dadi korban. Mbok menawa kuwi sing diarani ngundhuh wohing pakarti.

Sing sapa nandur kabecikan bakal uga ngundhuh kabecikan. Ning kosok baline, sing nandur tumindak culika bakale nemu cilaka.

Ya wis diikhlaske wae. Nyebar godhong koro. Luwih becik perkara kaya mengkene cukup disirep tekan sakmene wae. Snajan dituntut tanggung jawabe, mbok menawa uga ora bakal ono gantine. Sing penting ono hikmahe yen ing jaman saiki kudu pinter-pinter mercayani wong liya.

Ora gampang nemu wong jujur ing jaman edan iki. Jebul ora wong gedhe thok sing korupsi, ning wong cilik yo iso korupsi. Sing gedhe le korupsi ya gedhe, sing cilik korupsine ya cilik-cilikan. Ya mugo-mugo wae keluputane Mbak Tum diapura dening Pangeran, lan mugo-mugo dheweke enggal kapok lan tobat anggone ngrugeni tangga. Becik ketitik ala ketara!

Sumber Inspirasi :
http://sangnanang.dagdigdug.com