Jumat, 18 Maret 2011

BOM BUKU


DEN MAS PETRUK NGUDO ROSO:

"Jangkriikkk....!!
Keparat...!!
Kakean pola...!!
Asu tenan...!!
Mosok buku sing identik ambek ilmu lan wawasan pengetahuan nang njero'ne...
Sak iki malah dadi barang sing kudhu diwaspadai...

Kok onok menungso sing kelakuanne athek nggawe cara koyok ngono...
Ck...ck...ck..., buku kok digawe alat nge-bom... gawe tujuan nyelakai uwong liyo...!!
Yen berjuang-yoo berjuang sing bener...mas teroris...!!
Urip mung pisan mas... nang alam dunyo iki...!!

Ora usah aneh-aneh lan kake'an pola...
Awak'e dhewe iki kabeh uwis susah urip nang alam dunyo...
Ora usah athek tumindak sing macem-macem...
Opo toch keuntungan'ne sampeyan...?!
Oleh opo...?!

Swargo...?!
Duit sak kontener...?!
Widodari...?!
Jabatan...?!
Opo... kekuasaan...?!

Gawe opo iku...?!
Umurmu lho piro suwine...?!
Paling banter sampeyan urip mung sewidak taun...!!
Lah..., urip sak teruse nang endhi sampeyan...!!

Pikiren kuwi mas...!!
Ojok mung nuruti hawa nafsu wae...
Athek pola-pola pingin nyelakani uwong liya pisan...
Ora usah..., ora perlu..., mubazir..., muspro ora oleh opo-opo...!!

Sadar'ro yoo mas teroris...
Pikiren nggawe nalar sing bener...
Dhelok'en nggawe mata bathin'mu...
Roso'en ambek ati kang suci nang bathinmu...

Kowe berjuang nggawe teror kuwi gawe tujuan opo...?!
Negoro uwis sengsoro...
Rakyat cilik wis tambah melarat...
Megap-megap oleh'e golek pangan...
Iman nang Gusti Allah tansoyo tambah cilik...

Sepiro kepenak'e urip nang alam dunyo...
Sepiro gedhene rasa kenikmatan nang dunyo...
Kuwi onok watese lan umure...
Kabeh mengko bakalan sampeyan tinggal'no...

Naliko sampeyan kabeh....
Dadi bathang sing mathang-mathang koyok pindang...
Dadi mayit sing meyiyit tambah alit...
Dadi jenazah sing kudhu di-umbah...
Dadi jerangkong sing ketandur ngisor kerangkong...

Uwis... ora usah neko-neko...
Nyambut gawe wae sing bener...
Berjuang kudhu nggawe cara sing becik lan mulia...
Ndadekno negoro makmur lan jeneng sampeyan luhur...

Mung sak mene wae pituturku...
Salam sayang dan persaudaraan dari koe...
Den Mas Petruk sing nduwe kampung Karang Tumaritis...
Bye...bye...."