Selasa, 31 Mei 2011

MODAL DENGKUL


"Modal mung kari dengkul...
Rambutku gundul koyo tuyul..."

NGUDO ROSO :

"Koyo opo yen kahanan urip koyo mengkene....
Penggawean ora nduwe...
Duit ora nyekel...
Anak pathing tre'cel...

Awak uwis kuru...
Amergo kurang turu...
Bojo mung isi'ne mecucu...
Moro tuwo melok-melok nyatru...

Mlebu omah rasane koyok mlebu goa hantu...
Isine mung kudhu nesu...
Anak podho njaluk susu...
Aku mung isok nyyonggo dagu...

Kapan.... nasibku isok berubah...
Katon gagah koyok pak Lurah...
Ngalor-ngidul nunggang avanza...
Bojo loro pathing sumringah...

Ora tau katon susah...
Isine ati mung katon bungah...
Nduwe sembarang sarwo mewah...
Opo kuwi sing kasebut swarga dunia...

Ora koyo awakku...
Sing rekoso ngangkati watu...
Sampek ora weruh waktu...
Mung isok digawe tuku tahu...

Nyuba usaha liya ora nduwe modal...
Nduwene mung kari sandal...
Nyuba dadi TKI kok ora budhal-budhal...
Ora ngerti duit'te uwis di-untal...

Modal mung kari dengkol...
Sak'ben ndino kudhu ngiseni wakol...
Uwis rambutku gundhul...
Yen di-dhelok koyok tuyul...."

(Ojo ngersolo wae Cak...!! Ora apik....)