Rabu, 02 Maret 2016

GORO-GORO SEPEDA PANCAL (2)

Pituture Petruk
GEGUYONAN :

Bagong sing isik diragokno tobate karo si-Petruk...
Sak-kal mencolot motone..

Bagong :
"Jangkrik... kowe iki Kang..!!
Karo adimu dewe isik wae ora percoyo ...?!
Yoo.... ora dadi opo ...?!
Ora mbok silihi sepedamu yo ora dadi opo ...
Aku tak mlaku wae nang Suroboyo ..."

Tulkiyem :
"Silihno toch Kang ...?!
Durung mesti lek sepedane dijupuk engkok karo sing tuku ...!!
Opo sampeyan ora ngesakno Bagong... kedungsangan mlaku Kang ...?!"

Bagong :
"Wis ora usah repot-repot ngemisno aku Yuk...!!
Kang Petruk wis lali karo aku...
Wis ora nganggep aku iki adine ...?!
Ora opo-opo lek aku wis gak diakoni adine ...!!"

Bagong tambah ngepol emosine...
Tanganne mulai dikepelno rapet ...
Kudhu ngantemi si-Petruk ...

Petruk :
"Ora usah mbecungik kowe Gong ...!!
Aku dulur tuwo wis wajibe nuturi awakmu ...!!
Ora bakal aku lali lek kowe iku adikku...
Aku mung njajal sak piro tekadmu olehe mertobat karo Gusti ...
Opo maneh sak iki awak'e dewe wis ditinggal wong tuwo ...
Aku yoo termasuk dulur tuwomu sak wise kang Gareng...
Minongko gantine wong tuwomu...!!"
(Petruk mulai dadi kyai...)

Petruk :
"Wis ora onok wong tuwo ...
Lek isok ayoo podho sing rukun ...
Antarane aku..., kowe..., lan Kang Gareng ...!!
Ora usah bengkerengan perkoro tinggalane wong tuwo ...
Ora usah kepruk'an karo urusane dunyo ...
Ora usah benteng-ceweng karo sedulur ...!!"
(Petruk mandek sak nyuk ...karo ngucek motone)

Piye carane sak iki...??
Awak'e dewe isok mbales budi marang wong tuwo ..?!
Isok'e mung...
Ngirimi dedungo rino lan wengi ...
Ngebakti marang Gusti...
Minongko anak sholeh ngirim panganne wong tuwo ...
Ojok lali melu njaga asmane wong tuwo ...
Pikulen sing ndukur pendhemen sing jero ...!!"

Petruk :
"Ayok...!!
Ora usah kakean cincong koyok wong Hongkong...
Sak iki kowe tak eterno tuku cat nang Suroboyo ...!!"

Bagong sing mecicil motone...
Mulai ciut atine ...
Karo setengah mbrebes mili ...
Tanganne sing maune nggegem mececeng kenceng ...
Apene ngantemi Petruk, Sak-kal udar ...
Kenek jopa-japune mantra si Petruk ...
Bagong mulai kelingan karo wong tuwone sing wis ora ono ...
Kelingan karo nakal lan mbedugale biyen sing seneng nggudo wong tuwo ...
Seneng gawe susahne wong tuwo ...

Tulkiyem melok-melok ndelongop ...
Krungu bojone isok nuturi adine ..
Tuturane meh memper koyok wejangane Kyai ...
Setengah percoyo setengah ora ...
Gawok karo perubahane bojone .. (gawok = heran) ...
Kok isok Bojone sing biasene ingah-ingih nyepeti moto ...
Sak iki berubah dadi wong ngerti ...
Opo goro-goro mari Jum'atan iki tach ...(Pikire Tulkiyem)

Ora suwe ...
Sepeda motore Petruk wis keluruk maneh ...
Ngacir mengalor... ngeterno Bagong golek cat ...
Tulkiyem sing isik nggawoki omongane bojone mung isok nyawang wae ...
Nggemati bojone  saka kadhohan sepeda motoran...
Gegoncengan karo si-Bagong ..., koyok wong momot tabung gas sing ijo ....

Matur Nuwun ....