Rabu, 27 Januari 2010

AKAL BULUS SERI LIMO


Sambungan Akal Bulus Seri Papat

BABAK V GARENG PETRUK KISINAN

Bagong :
"Hei... Truk-Reng !!
Sidho gegeran tak nggak... ?!
Iki lho tak gawakno clorit siji-siji...!!"

Gareng :
"Oooh wedhos iki...!!
Koen seneng lek onok dhulurmu gegeran ?!
Iyoo... Aku ambek Petruk bacok'an...., podho-podho matine...
Koen cek isok ngijeni oleh warisan'ne Bapak Semar..., ngono tah Gong ?!"

Petruk :
"Pancen'ne Bagong iku njaluk disuwek lamben'ne Reng...
Cek tambah njeber omboh...!!"

Bagong :
"Hehehe...!!
Koyok gak tau ngerti akal bolusmu Truk..Truk !!
Athek akal-akalan gegeran barang nang warung'e Yuk Lembok...!!
Iyoo... cek nggak mbayar..., ngono tah ?!"

Gareng-Petruk :
"....?!......."

Bagong :
"Koen kabeh opo nggak nge'sakno tah...
Athek duwe akal-akalan mangan-ngombe nang warun'e uwong nggak athek mbayar ?!
Warung iku yoo dagangan nggawe bondho duwek...
Ngesak'no lha wong golek sandang pangan kok koen bujuki...!!
Nang endhi roso kemanungsanmu iku hee...!!"

Gareng :
"Alaah... ijik pisan iki'ae thok kok Gong...!!"

Bagong :
"Ijik pisan... pisan...!!
Isok-isok koen kabeh keterusan nggawe ngakali uwong terus...!!
Lek kepingin njajan yoo kono nyambut gawe'o kono cek cekelan duwek...
Ojok njaluk enak'e dhewe...!!
Golek mangan-ngombe gratis ambek akal-akalan sing nglanggar agomo iku...!!"

Petruk :
"Bagong totor-totor Reng...!!"

Gareng :
"He'e... Truk !!"

Bagong :
"Wis podho tuwek'e nggak ngekek'i contoh sing apik...!!
Malah podho murshal... sak karepe dhewe...!!
Ngene iki lek kerungu Romo Semar... koyok opo... heee !!
Oh... tekek iku...!!
Dituturi malah plerak-plerok'ae...!!"

Gareng :
"Panchene motoku ngene Gong...!!
Koen ojok mecicili aku'ae...!!
Iku mau akal-akalan'ne Petruk....!!"

Bagong :
"Gak usah kake'an cangkem koen Reng !!
Podho dhene...koen ambek Petruk !!
Malah koen dhulur sing tuwo yoo.. nggak ngekek'i contoh sing apik....
Tambah melok-melok kelakuan'ne Petruk...!!"

Petruk :
"Lalalala.....!!"

Bagong :
"Koen yoo ngono Truk...!!
Kelakuanmu iku pancet'ae ...!!
Opo koen iku gak sadar-sadar tah...!!
Golek nyambut gawe sing temenan...
Mboh koen nguli batu..., mbecak.... opo ngrombeng....!!
Sing penting lak yoo hasil'le halal dipangan...
Ojok senenganmu mbujuki uwong'ae...!!
Isok-isok kuwalat koen engkok... baru kaphok !!"

Gareng :
"...Truk !! ..... Truk !!"

Petruk :
"Opo Reng..!!"

Gareng :
"...Yuuu... Yuk Lembok ...
....Am... am...bek Roo..moo... Se...maaarrr.... mee...rene.. Truuuk !!"
(Gareng kewedhen, awak'e kemringet, sikil'le ngethether...)

Petruk :
".... wuuaalaadalaah .... iih... yooo Reeeng ...!!"
(Petruk sak-kal melok ngethether kewedhen...)

Bagong :
"Rasaak'no koen saiki...
Lakon'ne wis tekho... bongko koen engkok ... !!"

Lembok :
"Obuuuh....!!
Nah... iki anak-anak'e Kyai podho puk-klumpuk'an nang kene tak'iye..!!"

Semar :
"Eheeem....!! Grrrr...!!"

Bagong :
"Sabar... sabar Moo...!!"

Semar :
" Gareng...!!"

Gareng :
"Akh...akkh... aaakuu... Moo....!!"

Semar :
"Nyedhak mrene cong...!!
Petruk....!!"

Petruk :
"..... iikh...iyyoo Moo...!!"

Semar :
"Ayooo... nyedhak mrene !!"

Bagong :
"Mari tak tuturi kabeh iki mau Mo..!!" (Bagong kemlete pengkerak-pengkerik)

Semar :
"Wis meneng'o ojok nggambleh'ae cangkemu Gong...!!"

Bagong :
"....???!!!!#***....."

Semar :
"Koyok ngono.. tibak'no kelakuan'ne anak-anakku sing paling tuwo ?!
Athek duwe akal-akalan sing koyok ngono...!!
Sopo sing nguruk'i akal-akalan iku mau hee ...!!"

Gareng :
"...Pet...truk Moo ...!!" (Gareng tangan'ne ndudhing Petruk)

Semar :
'Koen.. dhulur sing paling tuwek...
Tak didik ajaran agomo mulai cilik ... sampek sak iki...
Lha kok dadi wong gak pokroh koyok ngono Reng !!"

Gareng :
"... sepurane sing akeh Moo...!! (Gareng mulai mewek...)

Semar :
'Petruk yoo ngono...!!
Panchen'ne kurang ajar koen iku Truk !!
Dirabek'no gak gelem...
Dikongkon nyambot gawe... wegah !!
Disekolah'no wong tuwo... mbedugal !!
Koyok opo saiki karepmu heh...?!"

Petruk :
".....akh...ekh....iikh...!! (Gak isok njawab...)

Semar :
"Uwong bukhak warung iku nggawe bondho duwek...
Athek.. koen kabeh duwe akal-akalan mari andhok nggak mbayar...!!
Opo... warung'e bhebek-mu tah...!!
Untung'ae Yuk Lembok nggak lapor nang Polisi...!!
Isok dikechek mlebu penjara koen engkok...!!
Soal'le akal-akalan mu iku podho karo penipuan...!!
Ngert tak nggak....!!"

Gareng-Petruk :
"....ngerti Moo...!!"

Semar :
"Ayoo... sak iki moleh kono...!!
Resik-resik omah kono...!!
Tak elem pinter koen kabeh lek resik-resik omah...
Timbangan'ne koen podho cangkruk'an koyok kebo kophok'en nang tengah alon-alon iki...!!"

Petruk-Gareng :
"...iyoo Moo...!!" (Banter-banteran nggenthirit ninggal'no Romo Semar)

Semar :
"Dasar konyok loro iku kurang ajar're nggak mari-mari...!"

Bagong :
"hehehe... rasak'no... sampai ketemu!!" (Ngece dhulur'e sing keplayon ambek dada-dada...)

Semar :
"koen pisan Gong...!!
Ayoo moleh kono... iseno-no jedhing'e sampek kebhek...!!

Bagong :
"....... huuuh...!!" (Moto'ne mulai mecicil ambek ngluyur ninggalno Romo Semar).

Semar :
"Sepurane sing akheh yoo... Yuk Lembok.
Panchene anak-anak'ku iku nakal'le koyok ngono...
Engkok tak ganthine kerugianmu..."

Lembok :
"Iyoot...Kyai'ne !!"

Semar :
"Ayook yuk.. yoo podho moleh....
Soal'le mendhung'e wis kethok petheng....
Bakal udan bengi iki ngengkok...!!"

Lembok "
"Ngo-monggo kyai'ne...!!"

T A M A T