Kamis, 28 Januari 2010

LURUH BUTUH SERI SIJI


BABAK I : DESO KARANG TUMARITIS TAHUN 2010

Prolog

Isuk iki adem temen. Sebab mau bengi deso Karang Tumaritis udan deres nggak mari-mari. Sampek-sampek dalanan deso kelem ambek amber're banyu udan. Mau soboh, udan wis leren kesel siram-siram jagat. Sak iki cumak karek blethok'e dalanan deso Karang Tumaritis.
Jam wis setengah wolu, tapi wargo deso dhurung akeh sing podho methu. Sing bolak-balik ngliwati dalanan deso cumak siji-loro. Iku'ae iyo wong wedhok sing lagi luruh butuh gawe adhang nang omah.
Lha wong lanang'e ambek sak joko-joko'ne isik podho mengkurep kemulan sarung. Masih dibuga emak ambek bojone cumak ogel-ogel sikil'le terus mancal kemul maneh.
Panchene howo adhem koyok ngene iki sing marahi uwong males tangi.Howo sing bener-bener nyudhuk jero'ne balong. Rasane awak koyok nggak onok tenogone. Opoh maneh mau benmgi akeh sing podho mancal. Emboh..., manchal opo ? Pikiren dhewe.
Karepe wong lanang ambek joko-joko methel iku wegah nyambot gawe. Ngrasak'no howo adhem koyok ngono cuma arep-arep sarapan wis cemepak. Syokor-syokor sing dikarepno wong lanang koyok wedang kopi ambek rokok'e cemepak nang mejo.
Saiki dhulor... ayo podho bareng-bareng ndelok koyok opo keadaan'ne nang TKP (nggone Kedadian Perkoro).

Nyai Bagong :
"Kang...!! Kang Bagong...!!
Mbok ndang tangi toh kang..., saiki wis jam setengah songo lho kang...!!
Jarene arep ngedol wedhuse nang pasar..., engkok selak kawanen...!!
Pasar're lak yoo wis sepi nggak onok uwong kang...!!

Bagong :
"Sediluk engkas nyai...
Moto'ku isih ngantuk banget... Sewengi aku nggak isok turu...!!
Oaaahh...." (Bagong balik mancal kemul)

Nyai Bagong :
"Sediluk engkas-sediluk engkas...!!
Wis ping piro'ae aku bolak-balik mbugahi sampeyan Kang...!!
Jawaban'ne sediluk enkas..., sediluk engkas....!!
Kadhong gregeten tak siram banyu kora-kora'an engkok sampeyan yoo Kang !!"

Bagong :
"Hoaaah.....!!
Iyooo....iyoo aku tak tangi...!!
Endhi wedhang kopi'ku Nyai....?!"

Nyai Bagong :
"Iko..., nang ndukure mejo...!!
Ndang cepetan adhus mareng ngono budhal nang pasar...!!
Wedhus'se lek nggak sampeyan dadhek'no duwek dino iki...
Isok gak adhang dino iki engkok ...!!
Beras'se, lengo gas, gulo, kopi, wis enthek...,
Dhurung kebutuhan sing liyane yoo melok-melok enthek Kang !!"

Bagong :
"Eheem...., srups...srup.... crups... wahh... !!" (Bagong nyro'pot kopi'ne)

Nyai Bagong :
"Kurang legi... tah Kang kopine ?!"

Bagong :
"Iyoo... kok pait'te koyok ngene Nyai...?!"

Nyai Bagong :
"Gulo'ne karek sak sendok iku mau kang !!
Mangkan'ne sampeyan ndang nang pasar kono...!!
Wis... tego-tegoan...., wedhos karek siji iku dholen'ae Kang !!"

Bagong :
"Rokok'ku karek siji mau bengi lha kok gak onok...?!
Sopo sing njupuk Nyai....??"

Nyai Bagong :
"Sopo maneh lek gak morotuwo'mu dhewe Kang Bagong...!!"

Bagong :
"Bapak morotuwo iku yoo ngono...!!
Melok-melok nyesepi rokokku'ae....
Lha rokok jagane tangi turu melok di embat pisan...!!

Nyai Bagong
"Wis jarno Kang...
Bapak lak yoo uwis tuwek..., wis gak kuwat nyambot gawe...
Pantes-pantes'ae lek rokok'an nunot mantu'ne....!!
Syukor-syukor..., sampeyan isok nukok'no jatah rokok'e Bapak...!!"

Bagong :
"Oaalah Nyai....!!
Aku'ae isok rokok'an leren teker-teker golek utangan nang warkop'pe Togog !!
Athek mbok kongkon njatah rokok'e Bapakmu....!!
Isok-isok dhodolan sarungku sing memet iki aku engkok...
Ngawe nglironi utang rokok-ku nang warung'e Togog !!"

Nyai Bagong :
"Wis ndang adus kono...
Ndang nang pasar...., engkok lah yoo dadi duwek wedhus'se !!
Isok sampeyan jupok sepoloh ewu gawe tuku rokok'e sampeyan ambek Bapak !!"

Bagong :
"Iyoo... iyoo Nyai....!!
Aku tak adhus dhisik...."

Bersambung