Jumat, 29 Januari 2010

LURUH BUTUH SERI LORO



Sambungan Luruh Butuh Seri Siji


BABAK II : BAGONG BUDAL NANG PASAR

Sak wise nyropot wedang kopine, Bagong langsung adhus nang jeding. Gak suwe mari ngese'ng ambek nggebyor awak'e Bagong mentas soko jedhing , ganti kelambi langsung marani wedhuse nang kandhang mburi omah'e.

Wedhos :
"Embeeek....!! Embek....!! MMMbeeek.....!!

Bagong :
"Embak-embek...!!
Sementara gak isok ngekek'i sarapan awakmu dhisik yoo dhus...!!
Sak iki kowe kudhu melok aku nang pasar...!!
Sepurane seng akeh yoo dus...
Kowe tak dadek'no duwek sak iki...!!
Oalah dus... dus...!!
Abot-abot'te wong gak nduwe penghasilan koyok aku iki...
Ora onok sing dipangan lek gak nggawe duwek...
Sejeh maneh ambek awak'mu dus....
Koen mangan godhong-godhongan gak athek nggawe duwek...!!
Lha koyok aku....?!
Mangan'ne kudhu nggawe duwek..., dhus...!!"

Wedhos :
"MMMbeeek.....!! Embeeek....!! Embek....!!"

Nyai Bagong :
"Wis ora usah ditangisi Kang...!!
Meneh leh oleh rejeki..., lak yoo isok tuku maneh !!"

Bagong :
"Aku ngesakno Nyai...!!
Wedhus di-ingu mulai bayi sampek gedhe'ne koyok ngene...!!
Sopo sing nggak nelongso ndelok...!!"

Wedhus :
"Eembeek.....!! Mbe'eeek...!!"

Nyai Bagong :
"Wis ndang budal kono Kang Bagong....
Wis awan lho Kang....!!"

Bagong :
"Iyo... iyoo aku tak budhal....!!
Ayo dhus.... melok aku nang pasar !!"

Wedhus :
"Embeek......!!

Akhire Bagong budhal rodhok kawan'nen nang Pasar Paing ambek nuntun wedhus'se.
Rodhok suwe mlakune Bagong amergo wedhus'se bolak-balik menggok nang godhongan suket pinggaran dalan deso Karang Tumaritis.
Tapi..., Bagong tetep sabar ngenteni wedhus'se sarapan nyaplok godhong-godhongan nang pinggir dalan iku.
Dirasak'no wedhus'se wis cukup akeh mangan'ne..., Bagong nyeret wedhus'se maneh diajak ndang budhal neros'no lakune pinuju Pasar Paing.
Nang prapatan dalan pinuju Pasar Paing, Bagong ketemu ambek Petruk sing lagi andok sego pechel.

Petruk :
"Hee... Gong !!
Olaah opo wedhosmu mbok pulosoro koyok ngono iku...?!
Kene Gong...., mampir dhisik....!! sarapan-sarapan dhisik Gong...!!"

Bagong :
"Hai Mas Petruk...!!
Sorry Truk..., aku selak kesusuh mbudal nang pasar...!!
Engkok selak kawanen...!! Poro blantik kewan lak yoo wis podho moleh...!!"

Petruk :
"Wedhosmu opo apene koen dol tah Gong...?!"

Bagong :
"He'e... Truk !!
Aku dikongkon bojoku ngedol...!!"

Petruk :
"Apene koen dol piro wedhosmu iku Gong...?!"

Bagong :
"Yoo... sing penting cocok ambek pasarane rego wedhus saiki Truk...!!"

Petruk :
"Wis Gong...!! Gak usah nang pasar koen sak iki...
Tak tukune dhewe wedhosmu Gong...!!"

Bagong :
"Opo Truk...!!"

Petruk :
"Tak tuku'ne dhewe wedhosmu Gong...!!"

Bagong :
"Arep mbok tuku piro Truk wedhusku...?!"

Petruk :
"Lha apene mbok dol piro lho Gong...?!"

Bagong :
"Wedhos... lemune koyok ngene iki yoo rego'ne wolong atos ewu... Truk !!"

Petruk :
"Piro... Gong ?!"

Bagong :
"Wolong atos ewu...!!"

Petruk :
"Wedhos koyok ngene kok regane wolong atus ewu...!!
Gak mbok dhelok tah Gong...!!
Bener awak'e lemu..., tapi lek mlaku rodhok pincang...!!
Wedhos iki lek mbok dol nang pasar...
Yoo... paling-paling di-enyang blantik mek limang atos ewu Gong...!!"

Bagong :
"Ah... sing temen koen lek ngomong Truk...?!"

Petruk :
"Lek koen gak percoyo..., yoo coba'en dhewe kono nang pasar...!!
Isok-isok..., regane ditowo ngisor're limang atos ewu Gong...!!
Amergo sikil'le wedhosmu rodhok pincang ngono...!!"

Bagong :
"Moshok'se...Truk !!"

Petruk :
"Wis..., lek koen gak percoyo karo aku.... coba'en dhewe...!!
Gowo'en wedhusmu nang Pasar Kliwon kono...!!"

Bagong :
"Opo isik nututi aku nang pasar tah Truk...?!
Sak iki jam piro Truk ?!"

Petruk :
"Jam setengah rolas..., apene adzan bedhok...!!"

Bagong :
"Lhaa... lha kok wis kawanen aku...!!"

Petruk :
"Yoo... wis kawanen koen Gong...!!
Pasar Kliwon isik adhoh tekok kene...!!
Koen engkok tekok kono..., iyoo lek gak poro blanthik'e wis podho moleh...!!"

Bagong :
"Waduuh...!! Kawanen temen aku iki...!!
Isok diseneni bojoku aku iki engkok lek wedhos iki gak dadi duwek...!!"

Petruk :
"Yak opo Gong...?!
Tak tukune dhewe'ae wedhosmu Gong !!"

Bagong :
"Apene mbok tuku piro Truk...?!"

Petruk :
"Lek oleh..., tak tukune limang atos seket...!!"

Bagong :
"Mosok mbok rego'ni wedhos iki sak mono Truk...?!
Dhadekno enem atos'ae tah Truk...!!"

Petruk :
"Waduuh..., berat-berat...!!
Soal'le sikile wedhosmu iki sing mbarahi murah Gong !!
Iku'ae wis pantes gawe ngregani wedhos iki...!!"

Bagong :
"Tambah ono piro ngono lho Truk...!!"

Petruk :
".... piro yoo !!
Wis.. terakhir Gong..!!
Aku nggak nowo maneh...
Oleh.. gak oleh wedhosmu tak tuku limang atos pitu limo...!!"

Bagong :
"........eeng.. yoo wis Truk setuju...!!
Timbangan'ne aku engkok moleh nggak nggowo duwek...!!"

Petruk :
".....tapi, tapi....!!"

Bagong :
"Tapi opo maneh Truk...?!"

Petruk :
"Tapi..., sak iki aku nggak nggowo duwek'e Gong !!
Lek koen percoyo karo aku..., tak gowo'ne wedhosmu dhisik...
Koen moleh'o ae dhisik nang omahmu...
Aku tak nggowo wedhos iki moleh..., ambek njupuk duwek'ku sing onok nang omah...
Terus..., langsung tak eterno nang omahmu... yak opo Gong ?!"

Bagong :
"Yoo wis truk...!!
Temen lho yoo.., tak entheni nang omah duwik'e Truk !!"

Petruk ;
"Iyo..iyo Gong...!!

Akhire, Bagong balik moleh nang omah'e. Wedhus'se sak iki dicekel ambek Petruk Si Kanthong Bolong. Koyok opo terusane cerito iki...
Ojok lali terus ikuti nang : Luruh Butuh Seri Telu.

BERSAMBUNG