Kamis, 04 Februari 2010

LURUH BUTUH SERI TELU



Sambungan Luruh Butuh Seri Loro

Sak wise akad dol tinuku wedhos antarane Bagong ambek Petruk nang prapatan deso Karang Tumaritis. Bagong langsung moleh nang omahe ambek mbayang'no duek sing kecekel tangan.
Petruk isik ngadeg jegreg nang ngarepe gerdu ambek ndelok lakune Bagong sing moleh.


Petruk :
"Hehehe....!!
Dasar Bagong wong'e rodhok o-on...!!
Diakali kenek'ae....!!
Lha wong wedhos lemune koyok ngene didol enem atos pitu limo ewu...!!
Isok tak keplek'no nang wong sing golek wedhos payu wolung atos ewu iki engkok...!!
Aku yoo isik bathi rek...!!
Hehehe....!!" (Petruk mulai kethok licik'e pringas-pringis dhewe).

Petruk :
"Yoo wis...!! Gak kesuwen...!!
Tak gowone'ae wedhos iki nang omahe Togog...!!
Krungu-krungu... si-Togog jarene golek wedhos gawe slametan !!"

Gak suwe olehe tenger-tenger ambek nemokno akal sing licik. Petruk langsung nyeret wedhos'se Bagong nang omahe Togog. Ambek tetep cengar-cengir nang pingir dalan, Petruk iyo melok-melok mbayang'no duwek olehe bathi dodolan wedhos engkok.
Sampek nang ngarepe omahe Togog, Petruk mulai bengak-bengok nyeluk si-Togog.

Petruk :
"Gog....!! Togog....!!
Goog...!! Methu'o Gooog....!!"

Togog :
"Olaah opooo koen bengak-bengok iku Truk....!!" (Togog tangi turu kucek-kucek motone ambek kokor-kokor bekakase nang njero sarung'e).

Petruk :
"Iki lho Gog...!! Koen tak gawak'no wedhos...!!"

Togog :
"Oleh tekok endhi wedhos iku Truk...?!"

Petruk :
"Oleh tekok endhi...?! Yoo iki wedhosku dhewe Gog...!!
Jarene koen golek wedhos gawe slametan meneh...?!"

Togog :
"Iyoo...!! Pancene aku golek wedhos Truk...!!
Gawe slametan petang puluhe embahku Truk...!!"

Petruk :
"Yoo... wedhos iki'ae Gog tuku'en !!"

Togog :
"Mbok dol piro wedhosmu iku Truk ?!"

Petruk :
"Wis... murah-murahan'ae Gog....!!
Tuku'en wolong atos seket ewu'ae...!!"

Togog :
"Cek murah'e Truk...?!"

Petruk :
"Gawe koen dhewe yoo nggak usah larang-larang Gog...!!
Koen gelem nuku opo nggak ?!"

Togog :
"Wedhuse yoo.. kethok lemu...!! Mesti daging'e akeh...
Athek murah maneh...!! Yoo... Truk aku gelem nuku wedhosmu...!!"

Petruk :
"Enyoh gowo'en Gog...!!
Aku selak kesusu...!! Onok dayoh nang omahku !!"

Togog :
"Dayoh sopo Truk...?! Lapo kok koen kesusu'ae...?!"

Petruk :
"Biasa Gog... morotuwo teko... luruh butuh...!!
Aku wayahe nyetori duwek...!!"

Togog :
"Pancet'ae morotuwomu iku Truk...!!
Mosok koen nggak wani ngracon'ae...!!
Cek gak bolak-balik njaluk'i awakmu duwek...!!"

Petruk :
"Lek morotuwo tak racun Gog...
Terus mati..., Aku terbukti sing mateni...
Terus aku digowo bapak polisi ...
Aku terus dilebok'no bui...
Sopo sing ngopeni ambek mangani bojoku...?!"

Togog :
"Tak openane aku dewe yoo... gelem Truk !!"

Petruk :
"Sidho tak keprok lenggis koen engkok Gog...!!"

Togog :
"Hehehe....!!"

Petruk :
"Cepet Gog...!! Endhi duwek'e ?!
Aku selak kesusu jare...!!"

Togog :
"Iyoo Truk... tak jupuk'e dhisik nang jero...!!"

Petruk :
"Enyoh... wedhuse gowo'en pisan...!!"

Togog :
"Wah... lemu temen wedhos iki yoo Truk ?!
His...his..., ayo melok nang mburi... hiiss...!!"

Wedhos :
"Embeek.... Mmbeeekk....!! Embeeeek........."

Petruk :
"Ojok diseret ngono tah Gog...!! Sing alus nggowo'ne !!"

Togog :
"..... cerewet koen iku Truk !!"

Akhire wedhos iku mau digowo Togog nang mburi omah. Mbayangno bakal oleh bathi duwek rodhok akeh, Petruk mesam-mesem dhewe ngentheni Togog njupuk duwek.
Gak suwe oleh nglebokno wedhos iku mau Togog metu nang ngarep lawang ambek ngegem duwek werno abang.
Ngerti Togog ngegem duwek abang-abang koyok ngono. Motone Petruk mendolo sak kal.

Togog :
"Iki lho Truk duwek'e wedhos...!!
Enyoh... tampanono...!!
Siji...., loro...., telu.... dhisik...!!"

Petruk :
"Lho...!! Lha kok mek telung atos ewu... Gog...?!"

Togog :
"Iyoo..., iku dhisik tampanono... Truk !!
Kurang limang atos seket ewu... duwekku !!"

Petruk :
"Lha... kapan kekurangan'ne koen bayar Gog...?!"

Togog :
"Engkok jam telu sore...Truk !!
Tak lunasi kabeh pembayarane...!!
Sak iki tak jupuk'e dhisik duwekku sing limang atos seket ewu iku... !!"

Petruk :
"Mbok jupuk nang endhi Gog...?!
Opo koen nyimpen nang kopersi deso ?!"

Togog :
"Yoo... tak jupuk nang omahe Bagong...!!
Lha wong Bagong nduwe utang aku limang atus seket ewu jare Truk...!!
Janjine sore iki engkok dibayar...!!"

Petruk :
"Opo Gog...!! Bagong nduwe utang koen ?!"

Togog :
"Iyoo... Truk !!"

Petruk :
"Moodiii...aarr !!"

Togog :
"Modiar opone Truk ?!"

Petruk :
"Gak...!! Gak opo-opo kok Gog...!!" (Petruk clingak-clinguk kecut atine)

Togog :
"Wis ndang moleh kono...!!
Jarene dientheni morotuwomu...!!
Aku apene adhus dhisik...
Selak ndang atene nagih utang nang omahe Bagong...!!"

Petruk :
".......!!***###$$$*****......!!??" (Ambek ngluyur ninggalno omahe Togog ambek bolak-balek cengar-cengir kecut, bingung sing dipikir)

Bersambung ...