Selasa, 19 Januari 2010

AKAL BULUS SERI SIJI


BABAK I : CANGKRUK'AN

Petruk :
"Sore-sore koyok ngene iki ... Enak'e mlaku-mlaku ngumba moto ambek golek cewek sing ayu...!! Sopo ngerti nasib awak lagi mujuur... Isok kenalan ambek anak'e sing dodol bakol tewol...
Jeneng'e Jumiaton..., arek'e lemu ... bunder apik, tapi gak koyok mbok'ne sing awak'e gedhene sak genthong mengkurep kae...!! Hehehe ...
Sayang'e bapak'ne ora setuju lek tak apek bojo...
Mergo'ne aku durung nyambot gawe !
Oooaalah ... stres ... stress ...!!
Isok stress aku iki engkok !!
Pancen'ne soro tenan dadi wong pengangguran koyok aku iki...!
Kepingin jajan'ae nggak duwe duwek ...
Kepingin ndelok bioskop'ae... yoo aku kudhu dodolan celono dhisik...
Kepingin opo'ae.... akeh sing podho gak keturutan !!
Olah opoo aku biyen nggak nurut ambek tuturan'ne ebes Semar!!
Aku dikongkon nerus'no sekolah nggak gelem ...
Malah aku seneng milih uber-uber layangan'ae ...
Dikongkon ngaji...., aku malah milih ngedhu keong'ae...
Saiki'ne yooo gethon mburine...
Oaalaah enak'e opo ngene iki...
Malam minggu yooo gak cekelan duwek sak ripis'so ...!!"

Gareng :
"hehehe ...olaah opo koen ngomel dhewe koyok wong kesurupan ngono Truk ?!
Longgo sendephel ambek senggowang nang kenthongan'ne gerdu iki...
Opo koen mari ketempelan Gendruwo wit juwet iko tah Truk ?!"

Petruk :
"Huusss!!
Ngomong kok gak diatur !! Ketempelan gendruwo bathokmu iku Reng!!
Wong aku ngenteni tekan'ne Jumiaton... mbok ulok'no ketempelan gendruwo...
Delok'en dandananku iki... gak koyok dapurmu sing rembes koyok sikate jedheng ngono !!"

Gareng :
"Hahaha... Petrok nesu !! Hehehehe ... guyon...guyon Truk !!
Ngomong-ngomong malam minggu koyok ngene iki enak'e lapo yoo Truk ?!

Petruk :
"Enak'e yoo... mangan warek !!
Isok rokok'an ... ambek nggandheng cewek Reng...!!"

Gareng :
"Opo koen nggandheng cewek iku uwis cekelan duwek tah Truk ?!"

Petruk :
"Mangkane iku Reng ...
Aku sumbangen dhuwek saiki !! Lha aku ora duwe duwek sak ripiso Reng!!"

Gareng :
"Gak cekelan duwek'ae athene kepingin mangan warek...
Isok rokok'an..., sisiran ambek Jumiaton...!!
Sido kenek'an dugang Jumiaton koen enggkok Truk !!"

Petruk :
"Lha koyok opo carane Reng ... Awak'e dhewe isok mangan warek..., isok rokok'an ambek aku isok sisiran karo Jumiaton kuwi tanpo bondho duwek sakripiso ?!

Gareng :
"Bener pikiranmu Truk....!!
Podho karo sing tak karep'no...
Koyok opo carane awak'e dewe iki...
Isok mangan warek..., isok rokok'an jebal-jebul...
Ambek nggandeng cewek sing ayu.... Yooo ?!"

Petruk :
"Hehehe... aku wis nemok'no akal Reng....!!"

Gareng :
"Cepet temen olehmu mikir Truk ?!"

Petruk :
"Lha wong aku kok... Reng...!!
Mbok padhak'no rai'mu sing super ndohoo...!!"

Gareng :
"Jangkeek iku...!!
Ngulok'no aku super ndohoo !!
Wong awak'e dhewe podho gak sekolah'e Truk...
Koen ambek aku lak yoo podho-podho medhot sekolahe nang kelas loro... !!
Goro-goro aku ambek koen nduwe utang ambek bakhol kreco... iko !!"

Petuk :
"Hehehe ...!!
Koen isik eleng'ae nostalgia jaman rekoso iko Reng !!"

Gareng :
"Yoo isik eling Truk !!
Opo koen lali tah, sing ngewangi koen ditawor arek ndeso sebelah goro-goro koen mlinteng kenek'an bathuk'e arek ngeseng nang kali iko... !!
Terus koen dikeroyok wong kampung kono...
Lha... sopo sing keplayon dhisik iku... hayoo ?!"

Petruk :
"Hehehe...., yoo aku sing keplayon dhisik iko Reng !!"

Gareng :
"Lha... koen eling.... saiki !
Goro-goro iku..., aku sing pincang nggak isok melayu banter sing kecekel...!!
Aku digepuki ambek kayu, yooo watu.... wesi....!!
Pokok'e macem-macem alat sing dicekel tangan'ne warga kampung sebelah iku digepuk'no awak-ku Truk...!!
Timbangane aku remek... Akhir'e tak akoni'ae lek aku sing mlinteng arek ngeseng iku Truk !!"

Petruk :
"Huahahaha....!!
Pancene wong goblok yoo tetep guoblook kotyok koen iku Reng !!
Yooo... syokoor rasak'no dhewe... hehehe !!"

Gareng :
"Oh.... dasar wedhooss koen iku Truk !!
Ditolong malah nggak duwe roso terima kasih !!"

Petruk :
".....emangnya gue pikirin !! Hehehehe ....!!"

Gareng :
"Lha saiki koyok opo akalmu Truk....?!"

Petruk :
"Akal sing opo Reng ... ?!"

Gareng :
"Yooo akalmu sing gawe isok mangan warek mau lho Truk...!!"

Petruk :
"oh..., iyoo Reng !!
Kene..., mrinio tak bisik'i kopengmu Reng !!"

Gareng :
"Olah opo athek bisik-bisik iku....?!"

Petruk :
"Mrenio... Reng !! Tak bisik'i kupengmu iku...!!
Cek nggak kerungu wong sing riwa-riwi nang embong kene !!"

Gareng :
"Oh... iyo yoo Truk !!"

Petruk :
"Ngene lho Reng.....!!
...... ssst !! .......pssst....ssst .....awak'e dhewe engkok .....ssst...pssst !!"

Gareng :
" Hebat... hebat Truk !! Akalmu pancen'ne tokcer Truk !!
Ayoo... gak usah kakean cangkem ayook budhal...!!"

Petruk :
"Ayoook Reng .....!!"

BABAK II : WARUNG'E YUK LEMBOK

Lembok :
"Boo...abooo !! Warung wis bukak sedino'an tapi isik dhurung oleh pelaris..
Kok yooo dhurung onok wong njajan siji-siji'o yoo ...yoo!!
Sing bolak-balik liwat ngarepe warung kok yoo wong ngemis ambek wong ngamen'ae !!
Pancene soro golok duwek nang Suroboyo iki...
Saingan'ne dhodolan yoo cek akeh'e....
Podho-podho golek sandang pangan'ne sik onok'ae sing podho pecical-pecicil matane ambek aku....!!
Opo wedhi lek kesaingan dagangan'ne tah !!
Kono dhodolan es dawet... aku dhodolan warung kopi...
Yoo... aku isik dianggep sangingane tak iyee ...!!
Gethon aku..., lek ngerti koyok ngene kedadian'ne...
Gelem-mo aku biyen dirabek'no mak Cangek...., oleh bakhol tebu...!!
Mestine uripku nggak rekoso koyok ngene !!
..... wis apene adzan isya' !! Kok yoo dhurung onok wong mampir ngopi yoo...?!"
Padahal jajan nang warungku uwis tak akeh'i....
Tak tingkat'no mutu kebersihan'ne...
Onok ote-ote..., tahu isi..., tahu pethis..., gedhang goreng..., peyek urang...,sate kerang....ambek onok tempe enjes..!!
Pokok'e komplit..plit...plit !!"

Petruk - Gareng :
"Kulo nuwun...!!"

Lembok :
"....wis pancet'ae wong loro iki sing ndisik'i mrene !!
Pancene gerombolan'ne tandak bedhes siji iki sing nggak duwe isin...
Bolak-balik ngebon lek nang warungku iki...
Sak iki athek ngajak-ngajak koncone maneh...!!" (= ngomel njero ati)

Gareng :
"Olah opo peno mbesengut'ae yuk Lembok ... !!
Wong dhodolan kok cucuk'e koyok conthong'e lengo gas ngono !!
Yooo sing andok nang warungmu podho wedhi ambek peno Yuk !!"

Petruk :
"Iyoo...Reng !! Ayook pindah warung'ae Reng...!!
Lha sing dhodolan kopi cucuk'e isok dikoncet ngono Reng !!"

Lembok :
"Boo.. aboo !! Wis kadhung longo kursi warungku athek mbalek...
Sido tak sawat uleg-uleg iki engkok sampeyan... !!"

Petruk :
"Wuaaduh...!!
Timbangan'ne endasku benjot...
Wis... ngopi nang kene'ae Reng!!"

Gareng :
"Ndang lunggu'o koen iku Truk...!!
Timbangan'ne endasmu benjot iki engkok !!"

Lembok :
"Ape pesen opo sampeyan Cak Gareng...?!"

Gareng :
"Eheem..., yoo biasane Yuk Lembok !!
Kopi'ae aku ...!!"

Lembok :
"Lha sithok'ne iki... pesen opo sampeyan ?!"

Petruk :
"...akh...akh....!!"

Lembok :
"Ditakoni uwong pesen opo kok malah... akh...akh...akh sampeyan !!"

Gareng :
"Wis podho karo aku Yuk Lembok... gawekno wedhang kopi'ae !!"

Lembok :
"Lha... lak yoo ngono !! Ditakoni pesen opo kok jawaban'ne akh... akh...ikh...ukh...ae sampeyan !!"

Gareng :
"Wong'e wedhi karo peno Yuk...
Wedhi... mbok sawat uleg-ulegmu mau iku...Yuk !!"

Lembok :
"Wedha... wedhii...!!
Lek wis mlebu warung'e uwong yoo kudhu longgo...
Athek akal-akal apene mbalik...!!
Entheni dhisik..., banyu'ne isih durung umep Cak Gareng !!"

Petruk :
"He...Reng !! Wong'e sing duwe warong kok jahat ngono Reng !!
Isok berhasil tah engkok rencana'ne awak'e dhewe ?!"

Gareng :
"Ojok kuatir Truk...!!
Beres... beres... opo jare engkok'ae !!"

Bersambung ...