Rabu, 20 Januari 2010

AKAL BULUS SERI LORO


Sambungan Akal Bulus Seri SIJI :

Gareng :
"Truk ....!!
Yuk Lembok..., kethok'ane nakser ambek awakmu...!!
Sawangane kethus ngono motone delok'en lerak-lerik nang koen terus !!"

Petruk :
"..... jangkrik ojok ngomong sing gak-gak Reng !!
Wong'e sih manis Reng..., tapi.... awak'e sing gak kuat...
Lha wong awak'e gedhene koyok gajah ongkol ngono....
Isok-isok beras nang lumbung dientekno sedino'ae Reng...!!

Gareng :
"Hehehehe ...
Yoo.. gak beras tok sing entek Truk....!!
Kewan-kewan sing mbok inggu isok katutan ke-dol nggawe ngiseni weteng'e...!!"

Petruk :
"Iyo... Reng !!
Motone plerak-plerok ...., nglirik aku terus....
Tanganne ngudek wedang..., tapi moto'ne terus nglirik akau
Opo sebab aku ngganteng'e mirip To Ming Tze... tah ?!"

Gareng :
Koen iku nggak mirip To Ming Tze Truk....!!
Sing bener koen mirip koyok tomat bosok ....!!"

Lembok :
"Iki kang Gareng wedhang kopine Peno....!!
Sing iki wedhang'e koncone Peno...!!
Sing penthing ora oleh utang maneh lho yoo...!!"

Gareng :
"Beres... beres Yuk...!!
Iki loh kopimu Truk ....
Special nih yee... wedhang kopimu Truk !!
Khusus buat mas Petruk....!!"

Petruk :
"Juaampuuut... ojok ngecembeng'ae koen Reng !!"

Lembok :
"Aku tak njupuk radio nang njero dhisik kang Gareng...
Isok gawe rungok-rungokan nang kene...!!"

Gareng :
"Bener iku Yuk Lembok....
Warong cek gak sepi lha wong gak onok musik'e koyok ngene...
Bener'ae warungmu sepi Yuk...!!"

BABAK III : BAGONG TEKO

Bagong :
"Hai... kawan lama!!
Petruk dan Gareng.... lagi ngapai kalian di sini ?!"

Gareng:
"Gayamu...Gong...Gong !!
Koyok bakol tempe'ae sombong'e masya-allah...!!
Dadi opo koen saiki Gong...?!"

Petruk :
Iyooo!! Dadi opo koen saiki Gong...?!
Athek nyangking tas gedhe'ne koyok ngene iki ?!

Bagong :
"Masa loe pada kagak lihat gue...
Sekarang gue jadi apa'an hayoo...?!"

Gareng :
"Mosok aku yoo ero..., koen saiki dadi opo Gong !!
Sopo ngeri koen ape'ne minggat...!!
Lha tasmu iku'ae isok gawe ngadahi lemari...!!"

Bagong :
"Masa loe padhe kagak tau...?!
Gue sekarang jadi Bos...!!
Bos yang ngurusi bagian keuangan...!!"

Petruk-Gareng :
"Dadi Bos....!!"

Gareng :
"Hebat tenan kowe isok dadi Bos saiki Gong,,,!!"

Lembok :
"Ojok percoyo....!!
Ojok percoyo ambek cangkeme Bagong sampeyan...!!
Lha wong dadi Abang thethel'ae ngaku-ngaku dadi Bos....!!
Ojok melayu koen lho Gong....!!
Delok'en utang bon-bonanmu saiki wis piro ?!"

Bagong :
"Tenang... tenang nona Lembok...!!
Pasti gue lunasi semua hutang gue....kontan beserta bunga'nye!!
Sekalian hitung pula apa yang dimakan ame dua kecoak ini...!!"

Petruk :
"Waduh....!!
Bagong bener-bener dadi wong sing sugih saiki Reng ...!!"

Gareng :
"Iyoo...Truk !!
Opo Bagong mari oleh togel tah wingi sor...?!"

Petruk :
"Iyoo Reng...!!
Pastine Bagong mari oleh togel wingi sore...!!
Dewek'ne lak yoo seneng tombok'an togel...!!"

Bagong :
"Huusss ...!! Togal... togel.... ngomong'in apa itu..?!"
Apa loe padhe kagak pernah dengar ceramah agame hah...!!
Kate Ustadz Sanusi....
Togel dan segale macem bentuk perjudian dilarang ame negare...!!
Paham kagak loe padhe...?!"

Gareng :
"WEeelaah dalah ...!!
Gayane Bagong yoo koyok wong alim saiki Truk...!!
Mangkane pirang-pirang ulan iki... Bagong gak tau kethok !!
Mari meguru nang endhi dhewek'ne iku ...?!"

Petruk :
"Bener Reng....
Gong... Gong....!! Nang endhi'ae koen gak tau kethok pirang-pirang ulan iki ?!"

Bagong :
"Biase... Truk !!
Gue habis pulang dari konfrensi di Hongkong !!
Ade persoalan penting banget yang harus segera diselesai'in...!!"

Gareng :
"Masalah opo Gong..., kok sawangane berat koyok ngono iku ?!"

Bagong :
"Di konferensi itu, gue sebagai pembicare'nye membahas masalah proses pembuatan lonthong yang bahan baku'nye terbuat dari orang-orang penganngguran jelek seperti kalian ini padhe !!"

Petruk-Gareng :
"Juangkreek....keon iku Gong !!"

Gareng :
"....oooh dasar wong gendheng koen Gong..Gong !!
Dirunguk'no ngethu-ngethu... akhir'e mblendes omomganmu iku...!!"

Lembok "
"Boo...abooo, sing goblok iku yoo peno Kang Gareng...!!
Wong gendheng koyok Bagong... yoo sik peno tanggepi'ae !!
Sampeyan podho dibujuki Bagong....
Lha wingi sore kethok melungker nang ndukure bejak'e nang prapatan pasar kono !!"

Petruk :
"Oalaah Gong...Gong !! Atas'e mbecak'ae ngaku-ngaku dadi Bos...!!
Bos bagian keuangan....!! Sing pantes koen iku Bos....soookkk...!!"

Bagong :
"Hehehehe......
Tak bujuki koen kabeh...
Saiki yoo mbayar kopi'ne dhewe..dhewe...!! (nyengir kisinan).

Petruk :
"Reng...!! Tak biskik'e kene...!!"

Gareng :
"Opo Truk... he... sesuai rencana mau tah...?"

Petruk :
".....sst..pssst... saiki'ae....sett..psettt....."

Gareng :
"....ok..ok...lah kalau begitu Truk...!!
Rencana segera kita laksanakan...!!"

Bersambung