Kamis, 21 Januari 2010

AKAL BULUS SERI TELU


Sambungan Akal Bulus Seri Loro ...

Gareng :
"Wis Yuk Lembok...
Piro kabeh bayar duek'e ?!"

Lembok :
"Boo... aboo!! Kok kesusu'ae Peno ngopine Cak Gareng...?!
Opo'ae sing wis Peno pangan Cak Gareng ?!"

Gareng :
"Aku ambek koncoku Petruk totale....
Kopi loro ..., jajan wolulas...., ambek keropok rong blek !!"

Bagong :
"Uwiikk ...., iki menungso opo buto ?!
Entek jajanan sak mono akehe !!
Cilik wong'e..., gedhe tandon'ne..., ck..ck..ck !!"

Lembok :
"Kopi duek... rong ebuh...tak iye !! (Rp. 2000,-)
Jajan wolubeles ... sangang poloh lima ebuh ...!! (Rp. 95.000,-)
Rong ebuh tambah sangang poloh lima ebu... (Rp. 2000,- + Rp. 95.000,-)
Dadhi sangang poloh tujuh ebuh...!! (= Rp.97.000,-)
Krupuk duek blek empat poloh ebuh...!! (Rp. 40.000,-)
Total kabih...,
Sangang poloh tujuh ebu tambah empat poloh ebu... (Rp.97.000,- + Rp. 40.000,-)
Dadhi'nya seratos telok poloh tujuh ebuh..!!" (= Rp. 137.000,-)

Gareng :
"Piro Yuk Lembok... Satos telung poloh pitu ewu ...!!"

Petruk :
"Wis Reng...., aku'ae sing mbayar !!"

Gareng :
"Koen ojok ngenyek aku loh Truk...!!
Koen kiro aku gak isok mbayari tah !!
Tak tekhek endhi... mau duwekku !!"

Petruk :
"Wis Reng... tak bayarane....!!
Timbangane koen odos-odos sarungmu sing blawuk'en iku...
Ambuh'ne mabol-mabol Reng....!!
Iki-loh... aku onok duwek tebasan makelaran sepeda wingi... Reng !!"

Gareng :
"Jangkreek... koen yoo Truk !!
Diomongi cangkem sik melok-melok ngremeng'ae...!!
Koen iku tamuku...!! Aku sing ngejak awakmu ngopi nang kene !!
Dadhi... kudhu aku sing mbayari Truk !!"

Bagong :
".... odos-odos terus sarungmu Reng !!
Sarung memet koyok ngono sik digawe'ae...!"

Gareng :
".... nang endhi'se duwek-ku mau....!!"

Petruk :
"Oalaah Reng...!! Wis nggawe duwek-ku dhisik'ae gawe mbayar...!!"

Gareng :
"Koen ojok ngenyek aku maneh lho Truk !!
Sido tak pancal endasmu koen engkok....!!"

Petruk :
"Lho..., Reng !!
Ngomong sing enak lho...!!
Athek ngomong ape'ne mancal endasku....!!
Koen kiro aku wedhi tah ambek rai-mu iku...!!"

Gareng :
"Koen gak trimo tah Truk...!!
Lek koen gak trimo ayooo... gegeran nang kene ?!
Sido tak keprok dengklik iki koen engkok...!!"

Lembok :
"........... akh...ihh !!"

Petruk :
"Juampoooot...!! Cangkem-mu lek ngomong toto'en Reng !!
Tak banting merotoli balungmu koen engkok...!!"

Bagong :
"Stop...!! Stop....!!
Ora usah gegeran Reng....!!
Truk....eling....!! Anakmu isik cilik-cilik...!!
Reng...!! Bojomu meteng tuwek lho yoo...!!"

Gareng :
"Koen... ojok melok-melok loo Gong !!
Wis... gak opo-opo lek aku mbok keroyok....!!
Ayooo.... keroyok'en aku....!!
Koen kiro aku wedhi mbok keroyok !!"

Lembok :
"........iiih....ekh...!!"

Petruk :
"Sidho ketiban tanganku coplok motomu koen... engkok !!"

Bagong :
".....Reng !! Sabar...., sabar.... Reng !!
Petruk lak yooo adikmu dhewe sih Reng...!!"

Gareng :
"Gak sabar-sabaran....!! kudhu mbacok Petrok lek ngene awak-ku !!"

Lembok :
"...bbb....bbboo...abbbooo !!
Aduh...., aduuh... lek sampeyan geger-gegeran ojok nang kene...!!
Isok ambrok kabih warong engkok...!!
Kono...!! kono....!! Mon... tuker nang lon-alon kono gih....!!"

Gareng :
"Heee Petrok !!
Lek pancene koen wong lanang temen....
Tak tantang bacok'an ....!!
Tak enteni rai-mu nang prapatan alon-alon kono...!!
Lek koen gak wani nekani tantanganku iki....
Meneh nggawio rok'e bojomu yooo....!!"

Petruk :
"Yooo... ayo tak terimo tantangamu....!!
Ayoo... saiki budhal nang alon-alon...!!"

Gareng :
"Ayooo budhal saiki....!!"

(Loro-lorone wis ninggalno warung'e Lembok)

Bagong :
".....hiiii !! Koyok ngono Gareng lek ngamuk...!!
Moto'ne mendelik koyok apene coplok....
Ambeg-ane kembang-kempis koyok iwak mujaer kepancing...!!
Cangkeme mbesosol koyok sepur dosol...!!
Hiiii.... wedhi dhewe aku...!!"

Lembok :
"....hiii!! Engkok yoo wedhi Gong !!
Atine engkok rasan'ne koyok apene logrog...!!
Tangan..., sikil engkok gemeteran kabih... Gong!!"

Bagong :
"Sopo sing gak wedhi Yuk Lembok...!!
Ndelok Gareng ambek Petrok gegeran koyok ngono...!!"

Lembok :
"Coba be'en dhelok Gong !!
Mlayu nang endhi oreng duek mau...!!"

Bagong :
"jajal tak delok'e yoo Yuk Lembok wong loro mau...
Sidho bacok'an tak enggak...!!"

Lembok :
"....cepetan sosol sana Gong...!!"

(Bagong melok-melok melayu nututi wong loro mau...)

BERSAMBUNG ...