Sabtu, 23 Januari 2010

AKAL BULUS SERI PAPAT


Sambungan Akal Bulus Seri Telu

Lembok :
"Boo... abooo!! Apes-apes dino iki....!!
Warung sedino'an wis gak oleh pelaris...
Oleh pelaris wong telu'ae sing loro apene gegeran...!!
Kabeh wis podho mangan jajan ambek nggombe wedhang..., tapi...tapi...
Podho gorong onok sing mbayar...!!
Boo... abooo...!! Engkok kok tambah goblok koyok ngene...
Weelah daaalaaaah... Obuuh!!
Gareng...., Petruk...., Bagong.... lak yoo isik dulur..!!
Lho mon ketiga'na oreng anak Kyai Semar.... obuuuh !!
Sina la sina....!! Boo... abooh !! Engkok kenek bojok ...!!
Engkok kejar be'i mon katiga oreng lakek tadi tai'ye...!!

(Ambek nyijing jarik..., Lembok gendadapan nguber playune wong telu sing mari andok nang warung'e mau...)

BABAK IV ALON-ALON TUMARITIS

Gareng :
"Hehehe...., awak'e dhewe berhasil Truk !!
Pancene akal bulusmu perlu dipelihara Truk...!!"

Petruk :
"Gak percuma koen duwe dulur aku Reng...
Saiki koyok opo....
Opo kurang warek wetengmu Reng ?!
lek durung warek...., ayoo golek maneh warung sing liyane !!"

Gareng :
"Wis warek wetengku Truk !!
Delok'en....!! Cacing-caing nang jero wetengku podho royok'an sembako sing tak pangan mau.. hehehe !!"

Petruk :
"Pancene Yuk Lembok itu rodhok goblok...!!
Gampang percoyo ambek sinetron'ne awak'e dhewe...!!
Kapan-kapan isok dipindhoni maneh Reng...!!"

Gareng :
"Setuju Truk...!!
Kapan-kapan'ae lek wong'e wis lali kedadian iki....!!"

Petruk :
"Delok'en Reng....!!
Alon-alon iki rame'ne koyok ngene....!!
Onok bakol emi..., bakol es campur..., bakol soto..., sate..., gorengan..., wis pokok'e macem-macem karek meleh...!!
Meneh.... isok dadi sasaran empuk akal bulus'se awak'e dhewe yoo Reng....!!"

Gareng :
"Aku setuju-setuju'ae Truk....!!
Tapi ojok nyobak nang bakol sate iku....!!"

Petruk :
"Kenek opo Reng...., koen gak gelem ambek bakol sate iku ?!'

Gareng :
"Wong'e kereng Truk !!
Lek konangan awak'e dhewe isok disundhuk'i gawe bakalan sate Truk...!!"

Petruk :
"Olaah opo wedhi Reng....!! sing penting lak yoo akal'le dhewe meneh !!"

Gareng :
"Ojok... Truk !! Aku nggak melok lek sasaran'ne bakol sate iku....!!"

Petruk :
"Weleh...weleh Gareng...!! mesti koen tau dhuwe utang ambek bakol sate iku tah ?"

Gareng :
"Dhuduk iku Truk....!!"

Petruk :
"Lha... opo lho Reng ?!"

Gareng :
"Anak'e bakol sate iku jeneng'e Endang Plekenut... yoo gendak'anku Truk !!
Isok dikethok-kethok aku engkok ambek anak'e Truk !!"

Petruk :
"Oooalaah...!! Iku tah masalah'e...!!
Reng.... Reng !! Athek akal-akal dhuwe gendak'an barang !!
Konangan bojomu isok dikongkon turu pasar koen engkok...!!"

Gareng :
"Hehehe...., ojok kondho-kondho Mbakyu-mu lho Truk...!!
Lek aku duwe gendak'an...!!"

Petruk :
"Sing penthing lak yoo... komisi'ne tah Reng...!!"

Gareng :
"Komisi....?! Komisi opo maneh....?!"

Petruk :
"Yoo... komisi gawe nutupi cangkemku iki..., cek gak kecut terus...!!"

Gareng :
"Beres Truk... lek cumak rokok'ae...!! Piro...?! Sak..ler cukop..?!"

Petruk :
"Gawe opo Reng..., rokok sak-ler iku....!!
Minimal yoo sak gros...!!"

Gareng :
"Sak gross... bathok'mu ambleg iku...!!
Kene'ae gak nyambot gawe...., apene mbok jaluki rokok sak gross!!
Sidho dhodholan bayek aku iki ngengkok...!!"

Petruk :
"Yoo wis...!! Tak kek'i keringanan....!!
Koen sedino kudhu setor rokok sak-pak'ae wis cukop !! Yak opo Reng... ?!"

Gareng :
".....em .....ehem !! Dasar konyok koen Truk...!!
Yoo wis gak opo...!! Sing penting akau lek onok duwek lho yoo !!"

Petruk :
"Kudhu diusahakno....!!
Mboh koen dhodolan celono...!!
Mboh koen njalok-njalok nang prapatan...!!
Mboh koen nyolong nang omah'e tanggamu....!!
Sing penting kudhu onok rokok sak-pak mbok setor-no aku...!!"

Gareng :
"Wis... Truk !!
Patheno-no aku pisan'ae Truk...!!
Ooooh.... bedhes iku...!!
Dijar-jarno tambah kurang ajar koen Truk !!"

Petruk :
"Lek koen gak gelem...yoo wis Reng....!!
Ojok salah-no Petruk...., lek meneh isuk bojo-mu nyangking buntelan moleh nang ndesane !!"

Gareng :
"Oalaah..., lapo aku mau cerito nang Petruk !!
Dasar bolos..., yoo... tetep'ae bolos koen Truk !
Yoo wis aku setuju...!!"

Petruk :
"Nah...!! Yoo kudhu ngono rek !!"

Gareng :
"Kudhu ngono matamu picek iku...!!"

Petruk :
"Hahaha..., gak kualik tah Reng...!!
Wis ngomong setuju kok isik ngremeng'ae...!!"

Gareng :
"Iyo... iyo...!! Aku setuju Mas..Petruk.... Den bagus !!
Wong sing nggantheng'e sak alon-alon....!!

Petruk :
"Hehehehe.....!!"

Gareng :
"Juaamput koen yoo Truk ...
Awas enthenono balesan ku meneh...." (Gareng mangkel nang njero athine)

Petruk :
"Lha... iko... iko Reng !!
Bagong nyosol awak'e dhewe....!!"

BERSAMBUNG