Senin, 17 Maret 2014

WARISAN KERIS PUSOKO (4)

Warisan Keris Pusoko
GORO-GORO BANYOLAN :

Petruk isik wae kokor-kokor rambute....
Cucuk'e lincip isok dikuncit...
Goro-goro disepelekno karo Suliana...
Anak tunggale Pak Lurah....

Atine isik durung isok trimo...
Ngecembeng dewe koyok blumbang sapitank sing mari keisen....
Mangkel campur bawur isine dadane....
Utek'e mulai muter koyok "ding-dong" sing saiki dadi larangane Negara...

Golek coro lan akal piye isok ngenekno Suliana ...
Anak Pak Lurah sing isik Kuliah ...
Bocah Ayu rupane ora onok sing ngasorno sak kabupaten....
Kembang desa sing lagi semerbak ambune....
Kesuwur ayune  tumekan bakol bubur  sampek wong ndukur.....

Bocah isik lugu.....
Mumpung durung kesaut uwong ...
Mumpung durung dicekok'i "rayuanne gombal" lanangan....
Mumpung durung kenal "asmara"....
Petruk sing kesuwur dadi "Bandhot" sing sugihne sak blang gentak....
Sampek ngiler-ler... Yen nyawang keelokane Suliana ....

Petruk isik wae muter utek'e....
Golek akal piye carane Suliana isok "jatuh cintrong" karo dewekne....
Lungguh kursi karo sendakep ...
Ora keroso srengenge wis mulai panas....
Atine Petruk tansaya tambah kobong ....

Njelalah lamunane si-Petruk dikagetno tekane Gareng ....
Sing isik dulur tunggal "Pawon" karo dewekne...
Mlebu omahe si-Petruk wis ora kathek permisi.....
Karo nggowo buntelan saka gombal amoh.....

Gareng :
"Truk.....!! Jam sak mene kowe wis koyok wong bingung....
Tenger-tenger ijen koyok wong Kampiran demit wae....!!"

Petruk :
"Kowe toch Kang Gareng ....?!"
Lirik Petruk koyok ora seneng kedayohan Gareng.

Gareng :
"Onok opo Truk....?? 
Kok sawangane pikiramu rodhok ruwet ....?!"
Cletuk Gareng mulai ngregetno ...

Petruk :
".....wis ora usah basa-basi Kang...?!
Kowe mrene onok gawene opo....??"
Sahut Petruk rodhok kecut olehe keluruk...

Gareng :
"Kowe kok mulai sewot ngonoTruk.....!!
Ditekani dulur adoh-adoh saka ndeso....
Kok sawangane kowe ora seneng....!!"
Sindir Gareng ngerumangsani ...

Petruk :
"Karepmu piye Kang Gareng ....?!
Lha wong aku takon wis genah...
Perlumu opo....??
Njaluk duit tach....?!
Opo kurang tach tak wenehi duit rong karung wulan wingi iku...??"

Gareng :
"Oh.... ngono tach...kowe sak iki...?!
Wis ora sudi ketekan dhulur....
Opo wis ora nganggep aku iki cacakmu...!!"
Gareng mulai mendelik mripate sing kero sisih ...

Petruk :
"Paling-paling tekamu mrene apene golek utangan.....?!
Wis ora usah utang... 
Tak wenehi wae .....  percuma ora tau mbok sauri.....
Sak iki kowe butuh piro....??"

Gareng :
"Oh....ngono yoo kowe sak iki....
Wis nganggep dhulurmu sing ora nduwe iki koyok wong ngemis....
Durung weruh maksud tekanku mrene...
Kok wis mbok arane aku ngemis golek utangan....!!
Mentang-mentang kowe dhulur sing sugih...
Sak wiya-wiya marang dhulur sing ora gablek....!!
Gareng mulai Emosi Jiwa....


Bersambung ....