Sabtu, 26 April 2014

WARISAN KERIS PUSOKO (5)

"Piro Kang Gareng....??"
GORO-GORO BANYOLAN :

Kerungu saurane Gareng...., atine Petruk mulai ciut.
Gareng yen mulai mecicil matane medheni uwong ...
Ojok maneh si-Petruk...., Kucing sing lagi enak-enak klesetan ngisok kursi podho semburat ...

Petruk :
"Lha.... pi... piye karep tujuanmu lek ngono Kang Petruk ?"
Petruk mulai keder....

Gareng :
"Tekanku mrene.... adoh-adoh tekan ndeso ...
Kelingan karo wekasane Romo Semar nalika isik Gesang ....!!
Amergo aku dhulur sing paling tuwo diwenehi wasiat karo Romo ...
Nalika Swargi apene mangkat menyang khayangan ...
Yaiku wujud Keris pusoko ....!!"

Petruk :
"......keris pusoko.....?? 
Terus Pusoko iku digawe opo ...??"
Petruk mulai kalem ....

Gareng :
"Jenenge Keris Sambung Roso ....
Nang ndunyo mung onok siji iki wae ...
Khasiate wis ora usah isok disepelekno maneh ....
Isok digawe sembarang kalir ....
Utamane digawe uwong sing dhurung omah-omah malah jos khasiate....!!"

Petruk :
"Lha ...., terus....!!
Karepmu pusoko iku diwasiatno Romo Semar gawe aku ngono tach....??"

Gareng :
"Lho.... ojok salah pikiranmu ....
Nalika Romo mbagi wasiat....
Bagos diwenehi sawah, wedhos, lan sapi ....
Kowe njaluk duit wae..... terus dituriti karo Romo Semar....!!"

Petruk :
"Iyo... pancene aku njaluk duit.....
Tak gawe usaha mbukak usaha....
Aku isik iling....!!"

Gareng :
"Lha...., aku minongko dhulur sing tuwo ngalah karo adik-adikku....
Akhire yoo ditinggali keris iki karo Ramo Semar ....!!
Berarti.... Keris iki khan bagianku toch Truk....?!"

Petruk :
"He'e......!!"

Gareng :
"Bagong..... sak iki sukses.....
Dunyone akeh......
Sawah, sapi, lan ingon-ingone tambah akeh.....!!
Bojone ayu....., awake lemu .... Anak wis telu.....!!"

Petruk :
"Wis suwe ora tau ketemu kabare adikku si-Bagong !"

Gareng :
"Kowe sak iki yoo dadi wong sukses..... 
Malah paling sugih ketimbang Bagong ...
Cumak kowe durung wae diencloki wong wedhok ...!!
Percuma dunyo sak arat-arat tapi awakmu isik wae melarat bathin....
Ora onok bojo lan anak-anak sing isok digawe hiburan tentreme bathin...!!"

Petruk :
"He'e.....!!"

Gareng :
"Tak akoni.....
Aku pancene dhulur sing ora nduwe.....
Tapi kowe lak weruh dhewe....
Bojoku telu..... anakku onok pat belas.....!!
Tapi aku lak yoo urip rukun-rukun wae sak anak bojoku....!!"

Petruk :
"He'e.....!!"

Gareng :
"Iku amergo cekelan warisan Kerise Romo iki ...!!
Keris Sambung Roso......"

Petruk :
"Lha terus karepmu piye Kang Gareng ??"

Gareng :
"Amergo kowe dhulurku sing durung nduwe anak lan bojo ....
Keris iki tak silihno marang awakmu.....
Supoyo awakmu cepak lan cepet jodohne....
Opomaneh yen wis onok bocah wadon sing wis cocok marang atimu...
Khasiate keris iki isok digawe angeleremake bocah wadon kuwi supoyo gelem karo awakmu....!!"

Petruk :
"Temen tach iku Kang Gareng..... Kok gak masuk akal wae.....!!
Kene wis tak silihe kerismu iku....!!"
Petruk mulai kepincut atine.... iling marang Suliana anake Pak Lurah sing digadhang-gadhang rino wengi...

Gareng :
"Engkok dhisik.....
Nyilih sih gampang wae....
Tapi yoo onok tumbal kosok baline....!!"

Petruk :
"Opo kuwi maksudte Kang.....??"

Gareng :
" Onok mahar sing digawe manjeri Keris iku yen awakmu niat nyeleh.....!!"

Petruk :
"Piro mahare nyilih keris iki .....??"
Petruk mulai metu pritungane ... 

Gareng :
"Limang Atos Juta.....!!"

Krungu Gareng nyebut regone sewo keris Limang Atos Juta, Petruk mulai mendelik matane....
Dasare wong medhit..... isik ora percoyo karo kerungune kupinge dhewe....

Petruk :
"Piro Kang.....??"

Gareng :
"Limang Atos Juta Truk....!!"

Bersambung .....