Rabu, 30 April 2014

WARISAN KERIS PUSOKO (6)

"Keris amoh........"
GORO-GORO BANYOLAN :

Kerungu Gareng nyebut jumlahe duit Lima Atos Juta....
Matane Petruk mendelik koyok apene coplok ....
Dasar sifate medhit......
Pait.....
Buntut urangen.....
Sak-kal buyar niat lan lamunane Petruk nyeleh kerise Gareng digawe ngenekno Suliana ....

Petruk :
"Keris opo sewone sampek jutaan iku....?!"

Gareng :
"Lek koen gak percoyo yoo gak opo-opo Truk.....!!
Aku mung nolong karo awakmu.....!!"

Petruk :
"Iku gak nolong jenengen kang Gareng....
Tapi onok iwak peyek njerone blumbang....
Onok karep liyane sing mbok gawe tujuan.....!!"

Gareng :
"Maksudmu aku onok karep gawe ngapusi kowe....
Ngono tach.....!!"

Petruk :
"Yoo jelas kang Gareng.....
Kowe onok tujuan liyo......
Kathek pokal gawe nyilihi keris.....!!"

Gareng :
"Lek kowe gak gelem yoo ora opo-opo Truk....!!
Tapi ilingo.....?!"

Petruk :
"Ilingo opo....??"

Gareng :
"Ora sudi maneh aku sak wayah-wayah  lek keris iki mbok seleh maneh....
Mboh kapan....., kowe mesti bakalan butuh karo keris sing mbok enyek iki...!!"

Petruk :
"Ora sudi aku.....
Ora bakalan aku nyeleh keris bosokmu iku.....!!
Wis kono ndang digowo balik kono....
Barang ora mbejaji wae apene mbok gawe ngapusi aku....!!"
 
Gareng :
"Jangkriik iku......
Lek ora sido nyeleh yoo ora usah ngenyek keris iki.....!!
Uripmu bakalan ora slamet....!!"

Petruk :
"Preeet.........!!
Tai'ne wong mencreet....!!
Ora nggugu...., ora percoyo sak pucuk'e kuku.....!!
Wis ndang digowo minggat kono barang rosokanmu....!!"

Gareng :
"Lho..... Astaghfirullah hal adzhim.... kok isik onok umat koyok ngene iki....
Iki ngono tinggalane Romo..... Bapakmu lho Truk....!!"

Petruk :
"Masih tinggalane Romo arep digawe opo ??
Wis ndang digowo nyingkrih kono Kang Gareng....!!
Kadhung gregeten ....., tak uncalno keris amoh iki nang embong......!!"

Gareng :
"Oh..... ngono yoo kowe Reng....!!
Awas kowe......!!"
Titenono lek koen onok butuhe karo keris iki.....!!"

Karo ngomel-ngomel......
Gareng akhire pamit ninggalno si-Petruk sing mbedhedek atine....
Metu njabane regol omahe Petruk ora diterno sing nduwe omah.....
Mlaku mbesosol arah ngalor .....


BERSAMBUNG .....