Senin, 05 Mei 2014

WARISAN KERIS PUSOKO (7)

"Kulo Nuwun .....!!"
BANYOLAN GORO-GORO :

Sakwise Gareng metu saka regol omahe, Petruk mulai isok ambekan gedhe...
Olehe mbesosol mari eker-ekeran karo kakange si-Gareng perkoro keris akhire oleh khasil....
Pikirane sing ruwet malah tambah mbambet sak tekanne Gareng.....

Gak suwe, Petruk rodhok adhem atine....
Sak wise nyosrop kopi adem isuk mau sing uwis cemepak nang ndukure mejo ....
Karo selonjoran sikil lan  nyendenno awak'e nang  kursi.....

Petruk :
"Kang Gareng athek pokal gawe coro sing koyok ngono.....!!
Dipikir aku isik arek cilik tach.....
Kathek nggawe akal sewo keris sing isok gawe nyepakno jodoh....!!
Prekethek......., mbelgedes dedel duel lek aku sampek kepincut nyewo keris amoh kuwi....!!"

Petruk :
"Wis ora masuk akal babar pisan.....!!
Mosok regane sewone keris amoh tinggalanne Romo Semar sampek Limang Atos Juta.....?!
Dasare wedhos...... yoo tetep wae wedhos Kang Gareng kuwi.....!!
Bolak-balik nyelih duit wis ora tau dibalekno.....
Kathek pokal gawe golek utangan ambek coro sewo keris barang.....?!
Kang Gareng......., Kang Gareng........!!
Ilmu ngapusanmu isik kalah karo ilmuku.....!!"
(Sumbar Petruk njero atine.......)

Lagi enak-enak olehe nentremno pikir.....
Onok wong gundek methekel angok-angok njabane regol lawang.....
Motone sing ombo bolak-balik jelalatan nggambar omahe Petruk....

Bagong :
"Kulo Nuwun........!!
Truk.......!! Kang Petruk.......!!
Opo nang omah tach uwong iki......?!
Truk......!! Nuwun........!!"

Petruk sing isik lagi lenger-lenger.....
Sak-kal jenggirat kaget krungu onok uwong bengok-bengok ngarep omahe....
Sikile sing lagi selonjoran ngisor kursi, ora ngiro ngincaki buntut'te kucing sing lagi enak-enak delosoran ngimpi ngrokototi ndase iwak pindang....
Sak kal......

Kucing :
"Meoooooong.......!!
Gerrrrrrr........ Ngeonggg......!!"
(Artinya = Matamu picek tach Truk.......!!)
Karo nyakar sikile si-Petruk sing gudiken......

Petruk :
"Wuaadhoh........!!
Jangkrik.......!! 
Kucing mesakat......!!
Sikilku dicakar......!!
Awas lek mrene maneh....!!
Tak cemplungno blumbang kowe engkok....!!"
(Ancam Petruk, karo nggosok sikile sing wis mari digambari cakare kucing.....)

Bagong :
"Kang Petruk....!!
Piye kabare.....?!
Suwe awak'e dewe ora tau  ketemu.....!!"
(Sopo Bagong sing uwis mlebu serambine omahne Petruk)

Petruk :
"Kowe Gong tibak'ne.....!!
Tak pikir sopo.....?!"
Jawab Petruk, karo mbesengut cucuk'e....

Bagong :
"Kenek opo sikilmu Truk.....?!
Kok koyok'e ngecap setempele cakare kucing....?!"
Guyon si-Bagong....

Petruk :
"Iyo.....!!
Mari dicakar kucing sikilku.....!!
Kaget karo bengak-bengokmu mau.....!!"
(Saut Petruk rodhok kecut.....)


BERSAMBUNG .....