Kamis, 22 Mei 2014

WARISAN KERIS PUSOKO (8)

Petruk Mari Kecakar Kucing Sikile

BANYOLAN GORO-GORO :

Petruk mbesengut cucuke....
Mari kecakar sikile karo kucinge dewe...
Ngecap stempele cakare kucing....
Perih rasane.....

Bagong sing ora weruh asal muasale....
Mung ndomblong plolang-plolong...
Melu katutan kenek mbesengute Petruk ....
Didayohi dulur tekan adoh ....
Si-Petruk kok ora sumingrah sambutane...

Bagong :
"Kang Petruk ....!!
Piye kabare ....?? Suwe ora tau ketemu Kang ?!"

Petruk :
"Podho apik Gong....!!
Ngowo buntelan opo kowe tekan ndeso....?!"

Bagong :
"Senenganmu biyen Kang ...!!"
Sahut Bagong karo ngentul-ngentulno bontotan'ne.

Petruk :
"Opo iku....??"
Petruk mulai penasaran.

Bagong :
"Biasa Kang ...., pete karo kangkung....!!"
Saur Bagong alus ....

Petuk :
"Adoh-adoh saka ndeso..... kowe mung nggowo pakane wedos iku thok....!!"

Bagong :
"He'e......., lha mung iki hasile panenku wulan iki jare Kang....!!"

Petruk :
"Oh.... walaa Gong....!! Gong....!! 
Wis ora tau ketemu onok limang taun.....
Sambang dulur kok mbok gawakno bekakas koyok ngene....!!
Jarene kowe wis sukses dadi uwong nang ndeso.....
Krungu-krungune kowe sak iki wis dadi Juragan....!!
Lha kok mung iki sing mbok gowo toch Gong....!!"

Bagong :
"Lho...., iki lak senenganmu biyen toch Kang Petruk....!!"

Petruk :
"Wis .....!! Ora usah mbok odol-odol nang ndukur mejo....
Gowo'en moleh maneh wae bangkelanmu iki Gong....!!
Aku wis ora kekurangan lek bekakas koyok ngono iku....!!"

Bagong :
"Lho kang....!! Kowe sak iki kok emosian koyok ngene....!!
Opo nduwe darah tinggi tach sampeyan sak iki Kang....??"

Petruk :
"Darah tinggi bathokmu sempal amblek kuwi....!!"

Bagong :
"Ditekani dulur adoh-adok.....
Kangen karo peno......, lha kok sambutanmu koyok ngene....!!"

Petruk :
"Terus tekanmu mrene iki onok karepe opo ....!!"

Bagong :
"Aku kerungu yen kerise Kang Gareng apene disilihno awakmu....!!
Mangkane tak uber mrene iki mau.....!!
Lha endi barange apene tak tukune....?!"

Petruk :
"Ijik tas wae .... wonge balik moleh.....!!
Opo ora barengan tach budhale mau.....?!"

Bagong :
"Ora....!! Mangkane iku tak uber mrene sak cepete...!!
Lha endi sak iki barange Kang....??"

Petruk :
"Barang dengkulmu kuwi.....!!
Sopo sing sudi sewan keris ora mbejaji regane limang atus juta....!!
Gawe opo....??"

Bagong :
"Oaaallaaah.....!! Cek guoooblok'ke peno iku Kang Petruk.....!!"

Petruk :
"Jangkrik.....!! Kowe katek wani-wani ngoblok-ngoblokno wung tuwo ....!!"
Petruk mulai mecicil matane.

Bagong :
"Gak goblok koyok opo.....!!
Mung bondho Limang Atos Juta wae.... kowe ora gelem....!!
Padahal regane keris kuwi Limang Triliun.....!!
Akeh cukong lan bandar gedhe sing podho nggoleki....!!"
Bagong njelentreh oleh negesno....

Petruk :
"Preeeeet.....!! Keris nggak mbejaji koyok ngono mosok regane sampek Limang Triliun...?!
Kowe ojok awu-awu lho Gong.....!! Isok tak pecok gegermu....!!"
Petruk ora percoyo....

Bagong :
"Kang Petruk....!! Kang Petruk....!! 
Opo kowe ora tau kerungu kabar berita tach....?!
Kerise tinggalane Romo Semar iku sak iki dadi uber-uberane poro Kolektor...!!
Mangkane akeh sing podho kepincut kepingin nduweni keris iku....!!"

Petruk :
"Khasiate opo kerise Romo iku....?!"

Bagong :
"Wis ora isok tak sebutno siji-sijine keistimewaanne keris iku.....
Ora tutuk yen diceritakno nang postingan blog iki....!!
Pokok'e wuakeh banget.....!!
Salah sijine...., Wong sing isok ngeramut keris kuwi uripe bakalan mulyo....!!
Isok dadi Rojo mnang Tanah Jawa iki.....!!
Mangkane sak iki dadi royok'ane para pejabat sing podho Nyapres tahun iki....!!"
Cucuk'e Bagong mulai lemes njelentrehno perkoro... 

Petruk :
"Uwiiiik......!!"
Petruk mulai keracunan pikirane...


BERSAMBUNG ....