Rabu, 06 Maret 2013

GARENG NGUMBAR SWORO

Gareng Ngumbar Swaro

"KORBAN MUTILASI"

Ngudo Roso :

Aduh Gusti ...
Kang ngrajani isine bumi ...
Kulo nyuwun pangaksami ...
Agawe teteping iman kang suci ..

Olehe ndelok berita nang tipi ...
Onok uwong wedhok dimutilasi ...
Awake dikethok-kethok dadi limang iji ...
Diecer-ecer koyok panganane sapi ...

Opo iki kelakuane menungso ...
Sing ora wedhi marang deduso ...
Kelakuan olo nggawe goro-goro ...
Opo kepingin diobong nang  neroko ...

Sopo kowe sing tego mentolo ....
Uwis mateni uwong isik di-pulosoro ...
Nyowoe kowe balekno ...
Rogoe isik mbok tugel dadi limo ...

Mugo-mugo kowe kenek karmo ...
Uripmu soro mati gak diterimo ...
Gusti Allah ora sudi menehi sepuro ...
Kowe bakal njerum saklawase njero neroko ...

Aduh Gusti ...
Panjenengan paringi pangaksami ...
Dumateng si-korban mutilasi ...
Koyok ngene kejeme menungso jaman sak iki ...

Ayo Bapak Polisi ...
Ndang dicekel uwong koyok ngene iki ...
Ora usah dilebokno bui ...
Langsung wae ditembak mati ...

(Usul Petruk : "opo maneh dipreteli sikile ambek tangani dhisik ...
Seminggu maneh dikethok kupinge ambek dicongkel matane dhisik ...
Terus meneh'ne kari nugel gulune ...!!
Impas .... Lorone si-korban mutilasi ")

 (Jarene  si-korban mutilasi : "Betul ... betul ... betul ....!!
Cocok iwak endok ...!!:)

 See you tommorow againt ...!!