Minggu, 10 Maret 2013

SEMAR NGUMBAR SWARO

Semar Ngumbar Sworo

PEPELING GAWE ELING

Ngudo Roso :

"Bregeget uget-uget ..
Onok suket diujet-ujet ...
Dukun bancik ora gelem mijet ...
Oaalaah tole-tole ...?!"

Piye iki ....
Opo sing digoleki ...
Aparat Kepolisian  podho ditembaki ...
Bangunan negoro kok dirusaki ...

Opo podho ora sadar ...
Urip podho kesasar ...
Opo kepingin negoro iki bubar ...
Lha wong kowe pegawai sing dibayar ....

Opo podho kelalen ...
Karo sejarahe negara iki biyen ...
Gendero werno gulo aren ...
Sing di bangun gak nggawe  leren ...

Ora bondo dunyo thok dadi korban ....
Ugo nyowo sing di gawe totoan ...
Kuat amerga ananing  persatuan ...
Berdaulat amergo dadi Tuan ...

Cong  !! Anak-anakku kabeh ...
Ora usah golek waleh ...
Sing penting ayok podho sing sholeh ...
Rakyat seneng masiyo mangan jangan lodeh ...

Aparat negoro podho rukun ...
Rakyat cilik mergawe tambah tekun ...
Negoro tansoyo adem tentrem ...
Atine rakyat cilik podho ayem ...

Iku sing dadi panjalukku ...
Kudhu gelem mbok gugu ...
Sing ora bener ojok ditiru ...
Ben dalanmu ora keliru ....

( Bagong, Petruk, Gareng = "akurrrr......!!")

See you tommorow again
 ....