Rabu, 05 Juni 2013

GORO - GORO BUNTELAN

Story by : Soelistijono, S.Pd
Moment : "Perpisahan Siswa Kelas VI 
SDN Kedungdoro III/308 Surabaya
Tahun Pelajaran : 2012 - 2013
----------------------------------

PETRUK        :  
“Kang Gareng ….!!
 Adem-adem koyok ngene iki enak’e lapo yoo…??”

GARENG        :  
“Wuenake yoo Truk …!!
Lungguh metingkrang …
Sarapan sego pecel ….
Ngombe wedang kopi …
Terus jedal-jedul rokok’an …!!”

PETRUK        :  
“Cocok pancene Kang …!!
Tapi duit tekok endi …??
Awake dewe podho-podho ora nyambut gawe …!!”

GARENG        : 
 “Yoo … golek utangan dhisik Truk ….!!”

PETRUK        :  
“Terus sing digawe nyaur dengkulmu yoo Kang …?!”

GARENG        :  
“Dengkulmu dewe Truk …!!”

PETRUK        :  
“Oaallaah……. Cek soro’e yoo dadi uwong gak nyambut gawe …
Kepingin mangan sego sak emplok’an wae gak keturutan …
Mbegal ora wani wedi ditembak mati …
Ngedarno narkoba engkok dikeroyok massa …!!”

GARENG        : 
 “Uwis…. Ora usah ngersulo wae Truk !!
 Lek ketemu kucing utowo asu …
 Ayok dibeleh gawe sarapan ….!!”

PETRUK        :  
“Wueeek….!!
Badhogken dewe Kang Gareng ….!!”

GARENG        :  
“Lha… kuwi Truk….
Romo Semar moleh tekok seminar ….?!
Atek nggowo buntelan….!!”

PETRUK        : 
“Seminar opo ….
Paling mari karipan ndelok wayang mau bengi….
Sing digawo iku …
Paling Buntelane  dalang sing keri digawo…!!”

------------------------------

SEMAR        :  
“Bregeget uget-uget ….
Dukun Pijet mangan suket …!!
Kok isik podho ngelumpuk nang kene …?!
Opo ora podho mergawe tach…??”

PETRUK        :  
“Mergawe opo ….??

SEMAR        :  
“Salahe dewe kowe ora gelem sekolah …
Akhire podho ora nduwe ijazah …               
Yoo ayok podho nggarap sawah wae …

PETRUK/GARENG    :  
“Wegah Mo…  lek nggarap sawah…!!
Awak kesel kabeh…
Hasile gak sepiro ….”

SEMAR        : 
 “Pancene podho methel kabeh …
 Lha nang endi adikmu Bagong ….??”

GARENG        :  
“Koyok gak tau weruh Bagong’ae …..
Biasane jam sak mene uwis sobo nang kali golek iwak …!!”

SEMAR        :  
“Sregep arek iku ….
Gak koyok kowe kabeh …
Penggaweanmu  mung turu ambek mangan wae…!!”

GARENG/PETRUK    : 
“Hehehehehe …..!!”

GARENG        :  
 “Nggowo opo iku Mo….??
 Kok sawangane koyok emplok-emplokan…!!”

SEMAR        : 
 “Mambu’ae irungmu Reng… lek pekoro badhogkan…!!
Iki onok jajan diwenehi Panitia ….
Di andum sing roto ojok sampek royokan …!!”

PETRUK        :  
“Kene Mo … aku wae sing mbagi …?!”

GARENG        :  
“Ojok ngono Truk… Kowe mesti ora adil ….!!
Aku wae sing mbagi… Aku lak dulur paling tuwo …
Mesti adile lek mbagi jajan …!!”

PETRUK        :  
“Ora percoyo lek kowe adil mbagi jajane…
Mesti timbangane abot sisih …!!”

SEMAR        :  
“Astaghfirullahal ‘adziiiim ….!!
Kok ijik onok urip-uripan sing koyok ngene …??
Pekoro mbagi jajan sak kotak wae isik eker-ekeran …!!”

GARENG        : 
 “Jajan mung sak kotak opo yoo warek  ….??”

SEMAR        : 
 “Uwis ngene wae ….
Antarane Gareng ambek Petruk kudhu tanding ngedu ilmu….!!”

PETRUK        :  
“Tanding ngedu ilmu …. Koyok opo carane Mo ….??”

SEMAR        :  
“Tanding ilmu mbisu …
Sopo sing ngomong utowo ngguyu disek berarti kalah …!!
Jajane keduwe sing menang ….!!”

GARENG        :  
“Wah…. Aku setuju lek tanding koyok ngono …!!”

PETRUK        :  
“Aku yoo setuju …. Ayo kapan di mulai Mo …!!”

SEMAR        : 
 “Sak iki Gareng ngadek nang kono ….
Kowe nang kene Truk …!!”

GARENG/PETRUK    :    (TAPA MBISU …..)

SEMAR        :  
“Tobat-tobat …., nduwe anak kok ora isok rukun….
Uwis tak tinggal nang sawah sak iki ….!!”

----------------------------

BAKUL JAMU    :  
“Assalamu ‘alaikum ….
Mas Gareng jamune mas ….!!
Mas Petruk …. Ayo jamune ….!!
Onok opo kok podho mbidek kabeh iki….!!”

BAKUL JAMU    : 
“Mas Gareng ….
Sak iki wayahe mbayar utang lho yoo…
Sampeyan nduwe utang ngombe  jamumu 15 gelas…
Opo sak iki ape mbok lunasi tach ….?!”

BAKUL JAMU    :  
“Mas Petruk sing ganteng…
Ojok atek pringas-pringis ….
Sampeyan yoo nduwe utang lho yoo …
Jamu 5 botol ambek ote-ote 12 mas ….!!”

BAKUL JAMU    :  
“Onok opo iki ….?!
Kok podho ora gelem semaur ngomong…
Podho mbisu koyok patung ….
Opo keracunan jamuku wingi yoo …??
Luwih becik tak tinggal ider wae timbangane ngomong ijen …
Koyok wong gendeng ….!!”

-------------------------------
SALES        :  
“Permisi …..
Mas Gareng dan Mas Petruk …!!
Saya mau menawarkan barang …
Sampeyan berdua pasti tertarik …!!”

SALES        :  
“Ini ada sarung anti kedinginanr lho mas Gareng…!!
Dapat untuk hujan-hujan keluyuran cari utangan …!!
Buat mas Petruk…, ini ada kacamata anti keculek …!!
Murah lho mas ….!! Hanya empat puluh ribu saja …!!

SALES        :  
“Mas Gareng ….!!
Kok diam saja sich tidak seperti biasanya…!!
Mas Petruk …!!
Kamu kok ikut-ikutan diem …!!
Ck..ck…ck …. Tambah ganteng aja nich …!!”

SALES        :  
“Ada apa yaa … kok semuanya diam membisu …?!
Lebih baik aku pindah tempat lain saja ….
Dari pada ngoceh sendiri tak ada sahutan …!!”

------------------------------               

PENAGIH UTANG    : 
 “Nuwooon ….!!
Lha…. Uwis podho puk - klumpuk nang omah tak iye ….!!
Jok cem-macem be’en  ....!!
Wayahe yar  mbayar utang sak iki sampeyan … !!”

PENAGIH UTANG    :  
“Atek yu… mlayu kabih … !!
Tak sawat pacul sampeyan …!!
Ayoo …. Gareng !! Be’en utang selawe ebu ….
Uwis sebulen …
Kapan Be’en lunasi tak iye ….?!”
Obuuuh ….!!
Engkok cak ngocak terus…, Be’en tak ngocak …!!
Bisu yoo sampeyan ….!!”

PENAGIH UTANG    : 
 “Truk ….!!
Be’en utang Engkok lima belas ebu … tak iye …!!”
Opo Be’en bayar utang sak iki ….!!”
Obuuh nak kanak …
Podho dublek kabih …!!”

PENAGIH UTANG    : 
 “Engkok … doh adoh nagih utang …!!
Be’en kabih su… mbisu koyok reco …
Awas sampeyan kabih ... !!
Engkok laporno Bapak polsek sampeyan …!!”

------------------------

BAGONG        :  
“Kang Gareng ... Kang Petruk ...!!
Onok opo sampeyan podho mbecureng iku ...!!
Wetengmu loro tach Kang ....?!
Loro weteng kok barengan ...
Wetengmu luwe tach Kang ...?!
Podho wetengku yoo luwe Kang ...!!
Mancing mulai isuk sampek bedhog ora oleh iwak...
Mboh nang endi kabeh iwak-iwak iku ...
Krungu-krungune...
Podho ndelok Perpisahane arek kelas VI SDN kedungdoro 3 ...!!”

BAGONG        : 
“Kang Gareng ...?!
Diajak ngomong kok meneng’ae ....
Kang Petruk ...?!
Sampeyan yoo melok-melok meneng ...
Nduwe kesalahan opo hamba iki Kang .....?!”

BAGONG        :  
“Lha... dalah Jagat Dewo Betharo....
Buntelan opo iki ....?!
Sampek dirubung laler koyok ngene ...!!”

BAGONG        :  
“Buntelanmu tach Kang Gareng ...?!
Meneng wae ...!!
“Buntelanmu tach Kang Petruk ...?!
Ora disauri ....!!
Berarti buntelan iki ora onok sing nduwe ....!!
Hehehehe ...... coba tak bukak’e opo isine....!!”

BAGONG        : 
“Uwiiiiiiik ........!! Isine jajan tibakne ....!!
Onok gedang, ote-ote..., ambek aqua ....
Rejeki....., moleh mancing nemu buntelan ....
Asyiik..., isok gawe ngiseni weteng !!”

BAGONG        :  
“Sech tak incipane .... wuenakkkee ....!!
ngene iki uwong lek nggak nduwe duso ...
Rejekine... teko-teko dewe .... !!
Gelem Kang Gareng .....?!
Pancet meneng wae .....
Ngincipi tach  Kang Petruk ....?!
Ora gelem semaur ....
Yoo tak entekno dewe .... aem !!”

BAGONG        :  
“Kari ote-otene iki ...
Tak caplok’e pisan ..... wuaaa’eem ....!!
Wuuueeenak tenan ....!!
Sampek kesereten Kang ....
Ombeni aqua wae ...!!
Cruuuut ....!! Segere rek...rek...!!”

GARENG/PETRUK    :  
“Haaah....!!
Jajan sak kotak mbok entekno ...!! “
(Keduanya menjewer telinga Bagong)

GARENG        :  
“Ngeragasmu gak mari-mari sech Gong ...!!
Buntelan iku ngono jajan ku ....!!”

PETRUK        : 
 “Oh.... Bedhes iku ...!!
Nyaplok buntelan sak karepe dewe ...
Besual... besual nggedek’no wetheng ...!!”

BAGONG        : 
“Lho ..., salah apa hamba ...?!
Aku bengak-bengok ora onok sing ngreken ...!!
Ditawani jajan ... podho mbidek kabeh ...!!
Sak iki jajan uwis tak entekno ...
Podho ngamuk ... Njewer kuping...!!”

PETRUK        : 
“Iku ngono jajan kotakanku Gong...
Gawe sajen’ne aku ambek Kang gareng ngedu ilmu ....?!”

BAGONG        :  
“Ngedu ilmu opo ....?!”

GARENG        :  
“Tapa mbisu ...
Gawe ngrebut jajan sing mbok emplok iku Nyuk Munyuk...!!”

BAGONG        :  
“Owaallaaah.... Ora weruh aku...!!
Hehehehehe .....!!”

PETRUK        :  
“Moo ... Romo ...!!
Onok maling ngentekno buntelan ... Moo !!”

-----------------------------

SEMAR        : 
 “Oaawaallaaah ....!!
Tobat-tobat Gusti Pangeran ....
Bregeget ... uget-uget ....
Bolongan irung kelebon pacet ...!!
Opo podho ora weruh ...?!
Yen Romo lagi  nyirami tanduran  Tole ....!!
Onok opo meneh ... kok isik podho eker wae ....!!”

GARENG        : 
 “Jajan kotakan sing Romo wenehi mau di emplok Bagong...!!”

PETRUK        :  
“He’eh Moo .... dientekno Munyuk iki ...!!”

BAGONG        :  
“Lha... aku ora weruh jare Moo ...!!
 Lek iku mau jajan’ne Kang Gareng ambek Kang Petruk ....!!
 Ditakoni uwong podho mbisu kabeh ...!!
 Timbangane buntelan iku kemleler di rubung laler ....
 Yoo tak ma’em  Moo ....!!”

SEMAR        :  
“Tobat-tobat ....!!
Isik wae pekoro jajan kotakan toch ....?!
Mangkane Nala Gareng ambek Petruk ....
Onok rejeki titik yoo di pangan titik ... !!”

Bagong        : 
 “Betol ....!!”

SEMAR        :  
Onok rejeki akeh yoo podho dipangan akeh ...
Sing penting kudhu bersyukur marang Gusti Allah ...!!”

BAGONG        :  
“Betol ...!!”

PETRUK        :  
“Meneng’o cocotmu iku Gong ...!!
Tak jejeli sandal koen engkok ....!!”

SEMAR        :  
“Uwis ora usah nyeneni Bagong ...
Bagong ora salah opo-opo ....!!”

BAGONG        : 
 “Nah....!! Apa dosa hamba ....?!”

SEMAR        :  
“Uwiiiss.....!!  Ayook Tole kabeh ....
Timbangane eker-ekaran luwih becik ...
Podho mangkat ngewangi Romo  nggarap sawah ...!!”

GARENG/PETRUK    :  
“Ayook Moo ....!!”
 (SEMAR – GARENG – PETRUK bergantian keluar, tinggal si-Bagong)

BAGONG        :  
“Romo Semar budhal nang sawah ...
Kang Gareng ambek Kang Petruk melu nututi ...
Lha aku.... wuenakke budhal klesetan ah ....!!”


---------------------------------------------     The end ---------------------------------------
 Story by Soelistijono,S.Pd