Rabu, 27 Februari 2013

PETRUK NGUMBAR SWARO

Petruk Ngumbar Swaro

BAKOL BAKWAN

Ngudo Roso :

Bakol bakwan ...
Nduwe impen dadi jutawan ...
Budhale pendak awan ...
Puter-puter ngubengi bengawan ...
Arep-arep ditukoni perawan ...
Sing wonge ayu lan menawan ...

Budhal awan balik bengi ...
Rasane koyok melok kompeni ... 
Rekoso'e golek rejeki ...
Anak bojo kudhu diopeni ...
Bakulan akeh sing nyaingi ...
Olehe rejeki ora mesti ...
Gumantung Gusti sing maringi ...

Opo maneh bakwan setoran ...
Kudhu gelem podho  uber-uberan ...
Bakol bakwan opo kewan  jaran ...
Sing penting isok cukup disetor juragan ...
Juragan seneng bakol bakwan oleh bayaran ...

(Terus meringis ....!! hehehehe .....)