Kamis, 21 Februari 2013

BAGONG NGUMBAR SWARO

Bagong Ngumbar Swaro ...

KELAKUANE MENUNGSO

Ngudo Roso :

"Ndelok kelakuane menungso akhir tahun iki kok koyok demit ...!!
Menungso sak iki kejem-kejem.....!!
Serakah .....!!
Adigang.... adigung .... adiguna ....pokok'e...!!
Menghalalkan segala cara ...!!
Sing penting wetenge dewe warek ...
Isine dunyo isok dikeruk ijen ....!!"

"Pokal gawene akeh cem-maceme ... !!
Mulai tumekan seneng omben-omben ...!!
Perjudian...., perzinaan...., tawuran masal...., kebut-kebutan....
Curanmor ..., perselingkuhan...., perkosaan...., aborsi ....
Pembunuhan...., mutilasi...., narkoba.... , korupsi...., terorisme ...!!
Lan sak panunggalane.... !!"

 "Ck....ck....ck.......ck......!!
Pancene motone podho pichek ....!!
Bleg.... bleg.... bleg ....!!
Kupinge podho dubleg ....!!
Tos...tos.....tos.....!!
Atos atine koyok watu.....!!"

"Pituture agomo ora digugu.....!!
Dawuhe negoro ora dianggep...!!
Ngugu sak karepe udele dewe....!!
Brangasan ngumbar howo nafsune ...!!"

"Koyok opo nasibe negoro rong puluh tahun meneh ...??
Piye ...., anak putune awake dewe sesuk....?!
Opo isok kelakon unen-unen ...
Negoro tentrem kerto raharjo ... ?!
Opo isok tumekan negoro adil lan makmur ...
Gemah ripah loh jinawi ....?!"

"Jawabane mung embel ...
Mblegedes ... kiwer-kiwer ....!!
Yen kelakuane menungso isik koyok bedhes ...!!
Isik kemanjingan sukmane Doso Muko ...!!
Pancet ngiblat danyange setan Iblis laknat ...!!"

"Opo bener yoo unen-unen ngene iki ...?!
Menungso iku ....
Yen rino dadio singo ...
Yen bengi dadio pendeta ...!!"

"Bingung aku ....?!
Yen mikir lan ngotak-ngatik sifate menungso ...
Sing ora isok dadi wong belajar  bener ....!!
Ora gelem pinuju sebutan insan kamil .... !!
Opo maneh nekuni Maghrifat marang Gusti ....!!"

"Isine mung ....
Royokan dunyo bondo....!!
Cakar-cakaran rebutan jabatan.....!!
Seneng karo ujub dunia lan nyombongno diri ...!!

"Oaallaaah .....!!
Menungso-menungso ....!!
Lapo biyen Gusti Allah nggawe awakmu ...!!
Yen akhire mung dadi obong-obongane Neroko ....!!"

"Tobat.... tobat....
Ayok dhulurku kabeh .....
Mumpung isik urip ....
Ayok podho tobat.....!!
Nyuwun pangapuro marang Gusti Allah .....!!
Amiiinnnnn .......!!"

(See you tommorow again Cak Bro ....!!).