Kamis, 11 Februari 2010

BAGONG NJALUK SUNAT SERI SIJI



BABAK I

Prolog :

Moto'ne ombho,lambe'ne rodhok njeber ombo, awak'e cekak, lemu koyok genthong... Lek mlaku megal-megol sopo maneh lek gak si-Bagong. Sore iku lagi enak-enak tengok-tengok njero gerdu ambek ongkang-ongkas sikile. Jaket levis, ngawe kalong rante bandul gambar tengkorak.

Tangan kiwo nyekeli rokok kretek..., tangan tengen bolak-balik otak-atik HP. Moto'ne jelalatan nguwasi uwong nang embong sing lalu-lalang nang dalanan deso Karang Tumaritis. Ndodok'no lek dewek'e wis mulih tekok Suroboyo, sak iki wis podho karo wong kota.

Mari lungo nang Suroboyo kerjo nguli bangunan sepoloh ulan'ae. Gaya'ne Bagong wis koyok wong kota'ae. Pachakan'ne aneh banget. Athek sak iki thitik-thitik nggawe boso nasional Suroboyo cak..., cuk.... jaancuk...!! Jarene uwong-uwong sing tau kenal Bagong sak durung'e lungo nang Suroboyo.

Bagong sak iki sombong. Mentang-mentang isok tuku sepeda montor..., gaya'ne wis koyok bos. Jare uwong liyane. Lek numpak sepeda gak nduwe aturan... bolak-balik mbleyer ngaget-ngageti wong nang sawah. Gak gelem nyopo koncone sing gak nduwe...
Poko'e sombong Bagong sak'iki. Jare uwong sijine maneh.

Gareng :
"Mosok sih... Bagong koyok ngono sak iki ?!"

Mbilung :
"Lek... koen gak percoyo ceritoku ...
Takok'no Togog !!"

Gareng :
"Iyo koyok ngono tah Gog..., Bagong sak iki ?!"

Togog :
"He'e Reng...!!
Opo maneh sak iki gumbulane ambek si-Petruk korak'e Pasar Paing ...
Wah ... tambah bejat'ae si Bagong !!"

Mbilung :
"Iyoo ... lek gak tambah !!"

Gareng :
"Tambah opone ...?!"

Mbilung :
"Tambah Bagong sing nularno kenakalan'ne nang si-Petruk ...!!"

Gareng :
"Waduh ...!! Percuma Bagong biyen athek belajar ngaji nang kyai Semar ?!"

Mbilung-Togog :
"He'e...!!"

Togog :
"Percuma Bagong biyen pinter ngaji ...
Lha wong sak iki wis dadi berandalan koyok ngono...!!
Delok'en dhewe lek bengi Bagong lak cekelan botol minuman ... Reng !!"

Gareng :
"Wah ...!! bener-bener gawat lek kedadian'ne koyok ngono iku !!"

Mbilung-Togog :
"He'e Reng ...!!"

Gareng :
"Cobak, engkok bengi tak delok'e koyok opo Bagong sak iki ...!!"

Togog :
"Aku melok ndelok yoo Reng ...?!"

Mbilung :
"Aku iyoo Reng ...!!"

Gareng :
"Yoo..., ayok bareng-bareng ngeling'no Bagong !!"

Mbilung :
"Awak'e dhewek lak yoo konco mulai cilik, konco ngarit, ambek anggon wedhos tah ...
Yoo kudhu isok ngeling'no Bagong ...!!
Sopo ngerti lek awak'e dhewek sing ngeling'no ..., Bagong dadi sadar ...!!"

Togog :
"Bener Lung ...!!"

Gareng :
"Wis..., sak iki aku tak ngarit suket dhisik. Ojok lali mari Maghrib paranono aku nang omah yoo ...!!"

Togog :
"Beres Reng !!"

Akhir're wong telu sing nduwe rencana apene nyadarno Bagong bubaran. Gareng budhal ngarit, Mbilung ambek Togog budal golek rencek gawe adhang. Koyok opo cerito terusane dhulur, monggo sedoyo mawon sabar ngentosi cerito sak lajeng ipun ...

BERSAMBUNG ...