Rabu, 10 Februari 2010

LURUH BUTUH SERI ENEM


Sambungan : Luruh Butuh Seri Lima

Srenge'e tansoyo abang kuning keemasan nang ndeso Karang Tumaritis. Sore iku kahanan deso Karang Tumaritis mulai rame pathing bengok, jemlerit, lan geguyu olehe warga deso sing podho leren lan geguyonan nang pinggir-pinggir dalan.

Ngono ugo bocah-bocah lanang sing mau pathing keluyur uber-uberan wis podho nggawe sarung siap-siap ape nang langgar. Siji-loro bocah isik onok sing rembes dhurung adus.Iku pratanda, bocah mau kurang pengawasan soko wong tuwone. Amergo, bapak-ibune isih enak-enak'an ongkang-ongkang sikil ambek jagongan karo tonggo'ne. Ugo isih akeh poro ibu-ibu sing rembes dhurung adhus sore amergo isih enak keblablasan ngerumpi rasan-rasan tanggone dhewe nang ngarep omahe.

Sejeh maneh ambek bojah sing wis rodhok gemedhe. Podo balik moleh nang omahe ambek mikul sak keranjang suket gawe ngopeni ingon-ingon'ne. Onok sing podho moleh ambek mikul kayu gawe adhang embok'e. onok sing balik moleh ambek nonton sapi'ne, wis pokok'e tumplek blek aktivitas wargo deso sore iku.

Liyo maneh karo wong loro iki. Kethok kadho'an wis pathing mbesengut ngethok'no sungu'ne. Rupane abang mberanang, mecicil moto'ne, kethok kesusu-susu mlakune ambek nyincing sarung'e wis gak nggubris wong kiwo-tengen'ne nyopo nang dalanan deso sing diliwati.

Teko ngarepe omah gedhe pinggir bulak'an kulon deso. Wong loro mau mandek jegreg, pathing cengkelak mengkerik. Ambekan'ne kerungu mengkas-mengkis, gak suwe ...

Bagong :
"Truk...!! Petruk...!! Methu'o awakmu Truk....!!" (Bengok nyeluki Petruk)

Togog :
" Trookk ....!! Petrook....!! Wedhoos iku ...!!" (Gak kalah banter ambek Bagong)

Bagong :
"Juangkrik ... iku !! Metu'o koen Truk ...!!"

Togog :
"Trook....!! Mas Puetruuk....!!
Truk ...!! Sini dong ...!! Tak kasih kathok bolong ...!!"

Rodhok suwe wong loro iku bengak-bengok ngarepe omahe Petruk gak oleh jawaban tekok njero omah. Sangking pegele Bagong njupuk watu terus di sawat'no gentheng omah'e petruk.

"Klotak...!! Klotak... klotak ... klotak ... blog !!"
"Klotak...!! Klutuk... klutuk ... klutuk ... blug !!"
"Klotak...!! Klitik... klitik ... klitik ... blig !!"

Omah disawati gentheng'e ping telu ambek Bagong ...
Yoo isih durung onok menungso sing metu soko omah iku.

Bagong :
Truk...!! Tak sawat gentheng'e omahmu... koen yoo gak gelem metu ...!!
Lek koen gak metu-metu tak sawat'ae koco omah'mu iku ...!! (Ancam Bagong)

Petruk sing ket bedhug wis turu melungker, sak wise dodolan wedhos nang Togog.
Sak kal tangi kerungu Bagong ambek Togog bengak-bengok nyeluki'i dhewekne.
Amergo rumongso duwe kesalahan, Petruk kewedhen, apen-apen turu maneh.
Tapi naliko kerungu koco omahe sing ape disawat Bagong. Sak kal jekekal Petruk langsung mencolot metu omah.

Petruk :
"Ojok... ojok mbok sawati koco omah'ku Gong ... !!
Iki ngono koco anyar Gong !!"

Togog :
"Lha iku Petruk methu omah'e Gong ...!!"

Bagong :
"Lek gak diwedhen-wedheni koyok ngene...!!
Gak ngiro Petruk wani methu Gog ...!!"

Togog :
"He'e Gong ...!!"

Petruk :
"Sepurane sing akeh yoo aku Gong ...!! Aku keturon jare ...!! (Golek alasan)

Bagong :
"Endhi sak iki duwik'e wedhosku sing mbok tuku mau isuk ...?!

Petruk :
"Yoo..., koen njaluk'o-ae duwik'e nang Togog sak iki Gong ...!!"

Togog :
"Duwek ndasmu ambleg iku Truk ...!!
Wis ero duwik'ku nang Bagong isik limang atos seket ewu...!!
Iku yoo duwek kekuranganku mbayar wedhos nang awak'mu ...!!
Tapi koen isik durung mbayar duwek wedhos nang Bagong sak ripis'so Truk...!!"

Bagong :
"Ayoo.. endhi duwik'e wedhos'ku sak iki Truk ...?!
Tak antemi nang kene koen engkok athek kakean pola mbujuki aku maneh...!!"

Petruk :
"Duu... duu ... duwik'mu...Gong...?!"

Bagong :
"Iyoo..., kene bayaren duwek'ku Truk sak iki...!!"

Petruk :
"Iki...iki ... mek onok satos selawe Gong...!!
Kekurangane sing limang atus seket...
Jaluk'en nang To... to... Togog... yoo Truk ...!!"

Togog :
"Oh... dasar akal wedhooss koen Truk !!
Koen mau isuk lak wis tak bayari telung atos ewu...!!
Lha kok mbok bayar'no Bagong cumak satus selawe...!!
Lha... endhi duek'ku sing satus pitu lima ewu sisa'e...?!"

Petruk :
"Lho... iku lak yoo bathiku ngedolno wedhus'se Bagong tah Gog...!!
Sak iki lak yoo wis enthek tak sangok'no morotuwaku moleh mau awan !!"

Bagong :
"Bathi ngedol'no wedhosku gundulmu iku Truuk ...!!
Sopo wong'e sing ngongkon koen ngedol wedhosku ...
Lha wong wedhusku mbok tuku ngono mau ...!!
Sing bener iku..., iku mau bathine koen mbujuki aku....!!
Oohh... Wedhooss iku...!!"

Petruk :
"Hehehe...., sepurane sing akeh yoo Truk !!
Sepurane sing akeh yoo Gog...!!"

Bagong :
"Sepurane... sepurane...., awas lek mbok pindho maneh....!!
Kene'ae direwangi luruh butuh golek opo sing isok dipangan dino iki...
Koen malah enak-enak'an golek bathi tekok susahno uwong ...!!"

Petruk :
"hehehe....!!" (Cengar-cengir)

Togog :
"Koyok opo sak iki enak'e Gong ?!"

Bagong :
"Ngene iki berarti, pek-pok Gog...!!
Utangku wis ke bayar ijol ambek duwek wedhos sing mbok tuku tekok Petruk !!"

Togog :
"He'e...., impas lho yoo Gong !!
Wis... sak iki ayo podho nang omah'ku kabeh...!!
Bagong ambek Petruk...!!
Ayoo...tulung rewang'ono aku bengi iki jagongan melek'an nang omahku...
Meneh aku lak apene nyelameti patang puluhe embahku...
Sesuk isuk, koen kabeh tulung rewang ngono aku mbeleh wedhuse Bagong sing ngawe pekoro iki !!"

Bagong-Petruk :
"Ayoo...Gog budhal sak iki...!!"

Togog :
"Lek diundang slametan'ae podho banter-banteran...
Tapi lek nyaur utang'ae podho mengkeret gak wani methu...!!

Bagong-Petruk :
"Hehehehe ........!!"


T A M A T