Rabu, 10 Februari 2010

LURUH BUTUH SERI LIMO



Sambungan : Luruh Butuh Seri Papat


Sore iku ...
Togog teko nang omahe Bagong nagih utang. Bagong sing ditagih utang'e isik kokor-kokor endase, bingung golek akal...

Togog :
"Opo koen wis onok duwek tah Gong...?!
Soal-le dino iki aku butuh banget duit iku ...!!"

Bagong :
".....Hmmm ?!! Yak opo yoo ......"

Togog :
"Janjimu lak dino iki, koen apene nyaur utangmu Gong ...!!"

Bagong :
".......?!!....."

Togog :
"Duit iku perlune gawe slametan'ne embahku he... Gong !!"

Nyai Bagong :
"Lha iki lho camilan'ne kang Bagong ...!! (Moro-moro metu soko njero omah)
Lumayan..., gawe kletik'an nang kene ambek jagongan ...!!
Cumak rodho kasin'nen...., kakean uyah olehe ngoreng....!!"

Bagong :
"Wis tekek'en kono Nyai....!!
Lha endhi banyu kendhi'ne ....?!"

Nyai Bagong :
"Iyoo..., lali aku !! tak jupuki sik Kang...!!
Ayo Gog..., diincipi gorengan karak'e lho yoo...!!"

Togog :
"Iyo... iyo Nyai.... engkok tak incipan'ne ...!!"

Nyai Bagong :
"Tak jupuk'e dhisik kendhi'ne sak iki ...!!" (Mlebu nang omah maneh ...)

Bagong :
"Ngene lho Gog ...!!" (Mulai bukak sworo maneh ambek tangan'ne nyawuk sak gegem gorengan karak)

Togog :
"Ngene... apa'ne Gong ?!" (melok-melok nyawok gorenan karak)

Bagong :
"Sak jane duekmu wis onok dino iki..., tapi ....!!"

Togog :
"Tapi, opo maneh Gong ...?!"

Bagong :
"Tapi...., duit'mu isik ngenteni bayaran tekok Petruk dhisik ...!!"

Togog :
"..... ngenteni Petruk ... ?!
Olah opo si-Petruk Gong ....?!" (Rodhok kaget)

Bagong :
"Ngene lho ceritane Gog....!!
Isuk mau aku lak budhal nang pasar rodhok kawanen...
Ape'ne ngedol wedhosku ...!!
Cek isok dadi duit..., gawe nyaur utangku nang awakmu...!!
Lha nang tengah dalan, prapatan kono..., aku ketemu Petruk !!
Wedhosku... akhire dituku dhewe ambek Petruk...!!
Cumak wong'e nggak nggowo duit...., kudhu njupuk dhisik nang omah'he...
Jarene-se apene teko saiki gawe nglunasi duit wedhos iku mau...!!
Sampek sore iki tak entheni ..., kok durung mrene-mrene si-Petruk ...!!
Lha wong duit wedhus iku jagane aku nyaur utangku nang awakmu...!!"

Togog :
"Juaangkrik temenan si-petruk iku ...!! (Mulai misuh ...)
Pancene bajingan anyar-anyaran dewek'ne iku ...!!
Mangkane teko nang omahku ambek pringas-pringis'ae...
Lha... wong apene oleh bathi akeh ...
Pancene Petruk iku wedhoosss.... yoo tetep'ae wedhooss ... !!"

Bagong :
"Opok'o Petruk Gog ...!!" (Bagong ndelongop bingung ...)

Togog :
"..... wis pancene pinter akale si-Petruk !!
Ngertio Gong....!! Petruk mau teko nang omahku ambek nyeret wedhos ...!!
Jarene wedhuse dhewe ...,ngert lek aku apene slametan ...
Wedos iku mau di dol nang aku wolong atus seket ewu ...!!
Lha... aku isik onok duit telung atus ewu tak bayarno dhisik ...!!
Kurangan'ne ngentheni sauran tekok awakmu...!!
Piro utangmu Gong ... ?!"

Bagong :
".... enem atos seket ewu Gog ...!!"

Togog :
"Iyo sak mono kurangan;ne duit'te wedhos sing diadhol Petruk ...!!"

Bagong :
"Petruk opo mblantik tah saiki Gog ...?!"

Togog :
"Gak'i ..., lha wonge lho sakben isuk uyel-uyel pethek'ae ...!!
Lek gak ngono ..., uyel-uyel manok...!!"

Bagong :
"Waduh...!! Opo ...., opo ... wedhus iku ....!!
Wedhus tekok aku mau isuk sing dituku Petruk heh Gog ...?!"

Togog :
"Yoo .. iyo paling'o Gong ...!!"

Bagong :
"Juancook tenan si-Petruk !!
Bener koen Gog ...!!
Pancene Petruk iku kelakuan'ne wedhoosss....!!
Pinter temen akale... lek mbujuk'i uwong...!!
Juangkriik ....!! Mangkane dientheni sampek garing gak teko-teko...!!
Lha.. wong leren ngumet'no wedhosku dhisik mau...!!
Juampuuut....!!" (Ganti Bagong sing bolak-balik misuh ...)


Nyai Bagong :
"Olah opo sampeyan kabeh bolak-balik misuh iku...
Sampek kerungu njero pawon kono ....!!"

Bagong :
"Wis... Nyai... !!
Ndang jupuk'no celorit sing teyengen njero adhah bekuthak iko ...!!
Tak labrak'e si-Petruk sak iki ...!!" (Motone mulai mendelik pecicilan)

Nyai Bagong :
"Ora usah gegeran yah Kang...!!
Dirunding sing apik lak yoo kenek tah ...!!"

Bagong :
"Wis gak perduli...
Uwong kok seneng'ane nggoblog'ki uwong'ae si-Petruk iku...!!
Lek gak diwaneni dino iki..., tambah suwe tambah ndodro kelakuane Petruk iku engkok ... !!"

Togog :
"Bener... Gong !!
Enak'e sak iki'ae digenah'no nang omahe kono ...!!"

Bagong :
"Ayo wis budhal sak iki...
anganku kudhu nabok'i cangkeme Petruk'ae sak iki ...!!"

Nyai Bagong :
"Wis... ora usah geger engkok Kang...!!
Dirunding sing apik... yak opo enak'e Kang Bagong...!!"

Bagong :
"Gak isok...Nyai..!!
Petruk kudhu dikek'i pelajaran dino iki...!!"

Togog :
"Ayoo wis budhal nang omahe Petruk...!!
Selak ngilang wong iku engkok...!!"

Bagong :
"Ayoo Gog ...!!"

Nyai Bagong :
"Ora usah gegeran lho Kang Bagong... !!
Kang..., ora usah gegeran lho yoo ...!!"

Bagong sing kadhung petheng athine, wis nggak nrungokno maneh peringatan'ne bojone.
Terus ngluyur budhal ambek nyincing sarung memet'te. Togog melok-melok mbededeg. Motone abang kudhu ngamuk.
Akhire..., wong loro iku budahal nang omahe Petruk...
Koyok menopo akhire cerito meniko..., monggo dhulur sedoyo tetap sabar mawon lan purun maos seri ingkang kawedar benjang ...


BERSAMBUNG ....