Minggu, 21 Februari 2010

PETRUK GOLEK WANGSIT SERI LORO


Sambungan : Petruk Golek Wangsit Seri Siji

Dino tambah suwe tambah peteng. Bulan wis awe-awe lingsir onok lor, pertondo wayah'e sirep jalmo. Tapi wong papat (Petruk, Gareng, Bagong, Mbilung) isik betah methangkring nang njero pos ronda.

Bagong :
"Uwis ketemu nomer piro enak'e meneh lek tombok Truk ...?!"

Petruk :
"Lek tak itung-itung meneh ongko sing kuat yoo enem ambek pitu Gong ...!!
Mongsone limo, telu, ambek siji...!!"

Gareng :
"Wah..., isok ketemu akeh nomer iku engkok yoo Truk...?!"

Petruk :
"Yoo iyoo Reng ...!! Lek mbok 'eret nomer iku yoo akeh ...!!
Dhurung maneh lek diwolak-walik engkok ...!!"

Gareng :
"Waduh..!! Isok tombok tak nggak meneh aku !!"

Bagong :
"Radiomu lak yoo isok mbok gadhek'no tah Reng !!"

Gareng :
"Sido dipancal bojoku aku engkok Gong !!"

Bagong :
"Repot ...!! Bojomu iku buak'en ae ...!!
Mosok uwong lek meringis'se lek sing lanang nyekel duwek thok ?!"

Petruk :
"He'e...!! Lek isok kathut gadek'no ae Reng ...!!"

Gareng :
"Koen seneng lek onok koncomu sak'ben bengi turu melungker kademen ...!!"

Bagong
"Bojo nyengit'te koyok Mak Lampir ngono'ae mbok ingon'ni Reng ...!!
Lek dadi bojoku ...., yoo wis suwi kathut tak rombeng'no ...!!"

Gareng :
"Rombeng'no dengkolmu coplok iku Gong...!!"

Petruk :
"Hehehe ...., malah eker-ekeran !!
Koen ketemu piro Lung itung-itungan'mu ?!"

Mbilung :
"Iki lho baru nomer siip Truk !!
Biasa'ne mari metu tiga dua (ulo) mesti metu sing hubungan'ne ambek banyu ...!!"

Gareng :
"Lha sing hubungan'ne ambek banyu iku opo Lung ?!"

Mbilung :
"Yoo isok kali..., sumur..., ambek ompol'le anak'mu lak yoo isok...!!"

Gareng :
"Juangkriik ...!! Ditakoni genah-genah malah dislewar'no koen iku Lung ...!!"

Mbilung :
"Hehehe ....!!"

Petruk :
"Berarti songo pitu, ambek telu pitu lek gak salah ...!!"

Mbilung :
"Iyoo bek'e..., aku yoo gak apal gambar'e nomer togel iku Truk !!"

Bagong :
"Wah..., kudhu ndelok buku kamus tombok'an dhisik iki !!"

Gareng :
"He'e..., kudu ndelok buku tombok'an Gong !! Cek nggak mbleleset !!"

Petruk :
"Wis..., ora usah bingung...!!
Yak opo lek awak'e dhewe ngrandong'ae nang sendang deso ...!!
Gawe nguat'no angka ikut nomer meneh...!!
Sopo ngerti dikek'i nomer sing siip ambek danyang kono koyok Wak Jo wingi...!!"

Gareng :
"Koen wani tah Truk ?! Sendang iku angker lho Truk !!"

Bagong :
"he'e...!! Koen wani tah Truk ...?!"

Mbilung :
"Ojok Truk ..., isok kesurupan koen engkok !!"

Petruk :
"Olah opo athek wedhi...!! Petruk nggak tau wedhi rek !!"

Gareng :
"Ojok sombong koen Truk...!!
Jare embah-embah biyen..., sing nungguk sendang deso'e dhewe iku wong'e gedhe dhukur rambut'e nggimbal...!!"

Bagong :
"Iyoo..., nggimbal'le koyok rambut'te bojomu Reng...!!"

Gareng :
"Oh..., wedhos iku !! Ijik ngece uwong'ae !!"

Mbilung :
"Bener Truk...!! Jarene mbahku jeneng'e dhanyang'e Genthong Mengkurep ...!!"

Petruk :
"Hehehe...!! Danyang kok kok jeneng'e Genthong Mengkurep...!!
Ahh...!! Gak wedhi aku rek !! Lek koen kepingin oleh togel yoo kudhu setuju !!"

Gareng :
"Lek koen wani yoo gak opo-opo Truk !! Tapi aku gak wani...!!
Engkok'ae melok koen lek wis diekek'i nomer sing siip yoo Truk ?!"

Petruk :
"Oooh... kethek iku !! Golek enak'e ae koen Reng !!"

Bagong
"Aku yoo ngethut'no koen'ae lek wis oleh nomer Truk !! Aku gak wani...!!"

Petruk :
"Podho'ae koen Gong...!! Wetheng'ae gedhene sak gerdu..., tapi atimu cilik !!
Lha koen Lung ?!"

Mbilung :
"....eee !! Awak'ku rodhok meriang he Truk !!"

Petruk :
"Podho'ae gocik koen Lung !! Gocik kabeh tibak'e... !!
Cangkeme'ae sing gedhe...!! Tapi atimu sak jenthik'e kukuku kabeh !!
Wis aku tak budhal ijen ...!!"

Bagong :
"Koen nggoeo opo Truk nang kono ?!"

Petruk :
"Ngowo duwek rong koper Gong...!!
Yoo..., nggowo menyan ambek kembang Gong...!!
Ngono'ae kok takok !! Seneng'ane danyang iku menyan utowo kembang !!
Plo... koplo...!!"

Gareng :
"Panchene Bagong iku guoblook kok Truk...!!"

Bagong :
"Goblok endhi ambek paman-mu Reng ...?!"

Petruk :
"Uwis..., podho guuoblook'ke kabeh...!!"

Mbilung :
"Budhal'lo sak iki Truk...!! Uwis jam setengah rolas bengi lho...!!
Dhurung perjalanan'ne mrono...!!"

Petruk :
"Yoo..., aku tak budhal...!!
Koen kabeh entheno'no aku nang gerdu kene yoo...?!"

Wong Telu :
"He'e Truk ...!!"

Gareng :
"Semoga berhasil yoo Truk..!!"

Petruk :
"Yoo..., dungak'no ndang diekek'i nomer ambek Genthong Mengkurep...!!"

Akhire Petruk sing kemendhel ninggalno ketelu koncone. Dhewekne budal ijen apene ngrandong nang sendhang deso. Opo oleh hasil tah usaha'ne Petruk iku ?! Monggo ngenthosi sambungan ipun dateng seri tigo ...

BERSAMBUNG ....