KUNJUNGAN KE :

Sabtu, 20 Februari 2010

BAGONG MBECAK SERI SIJI


Prolog Cerito :

Suroboyo, sore iku udan deres sedino sewengi. Banyu udan wis mulai ngecembeng nang dalan-dalan amergo ora isok cepet kesalur nang panggonane.

Pancene udan mau mulai isuk mau iku kerasan banget, ora onok mandek'e. Kuto sing sakben ndino gak tau sepi iku, keroso petheng dhedhet amergo diselimuti awan ireng ditambah mane kok ketepak'an lampu mati soko pusate listrik kono.

Semlorote lampu sepeda montor lan kendaraan liyane sing rodhok madhangi dalan kuto Suroboyo.

Uwong sing biasane patheng keluyur lalu lalang nang pertokoan, sak iki cumak isok diethong nggawe deriji. Kabeh podho males methu nang omah. Warung-warung kopi podho rame dienclok'i wong sing golek anget-angetan. Onok sing pathing gerumbul nang pos-pos kamling amergo ngiyop.

Seje maneh ambek uwong siji iki. Thengar-thenger ijen ambek nyedot rokok'e. Awak'e kemulan sarung abang sing uwis rodhok memet. Ngawe capil Hansip, kaos oblong werno mangkak. Diarani werno putih kok gak putih, diarani werno kelawu kok nggak klawu.

Athek longgo methimhkrang ndukure becak sing ditutup separo terpal lapisan plastik. Bolak-balik ngelusi rambute sing kedrodosan banyu udan sing ngembes soko trepal plastik'e.

Uwong iku bolak-balik ngewasi warung sing onok ngarepe. Tapi kok gak gelem moro mrono. Opo wethenge luwe, opo ora duwe duwik gawe marung. Sopo seh uwong iku ...?!
Sajak'e kok ngesakno tenan.

Ayo konco podho melok aku nyelidiki uwong iku mau ...
Melok nang endhi... (pitakonmu ...). Yoo podho melok nang TKP (Tempat Kedadean'ne Perkoro).

Bagong :
"Nasib..., nasib....!!
Wis sedino gak oleh penumpang ...!! Athek wetheng keroso luwe koyok ngene !!
Goro-goro udan iki opo ..., aku nggak oleh penumpang babar siji'o...
Athek dino Minggu pisan ... Tambah gak onok uwong sing ngeluyur tekok moleh kerjo.
Apes tenan aku dino iki ...!!" (ngudo roso ...)

Rupane sing nang njero becak ngiyop iku mau Bagong sing asale soko deso Karang Tumaritis. Kok isok Bagong nang kuto Suroboyo ... ?!
Opo dhewek'e merantau tah ... ?!
Opo pancen Bagong sak iki niat nyambut gawe nang Suroboyo ?!

Bagong :
"Ndelok uripe uwong-uwong iku cek enak'e ...!!
Isok patheng gemuyu nggak ngerasakno kebutuhan sing dipikul ?!
Olah opo aku athek melok-melok belajar mbecak nang Suroboyo ...!!
Kang Gareng sing ngajak aku nang Suroboyo yo uwis balik dhisik nang ndeso ...
Amergo bojo'ne ngelairno ...!!
Sak iki aku kijenan urip dhewe nang Suroboyo ...!!"

Gak sadar oleh'e ngudo roso nang njero becak'e. Onok wong wedhok sing mari mudhun tekok bemo langsung njawil Bagong.

Mince :
"Cak.. cak !!
Sampeyan iku mbecak opo ngelamun'ae please dech ...?!
Ayo anter'no Mince nang jalan Irian Barat sak iki Cak ...!!"

Bagong :
"Ekh..., iiyoo ..., monggo kulo ether'ake Jeng ...!!" (kaget ...)

Mince :
"Jang ..Jeng ..jang-jeng....!! Celuk'en ae aku Nona Mince ...!!"

Bagong :
"Monggo Non Mince..., kulo eteraken panjenengan ...!!"

Mince :
"Nah..., gitu lho please dech ah ...!!" (ambek njiwit bokong'e Bagong sing metu tekok becak'e).

Bagong :
"Badhe tindak pundhi wau Non Mince ...?!"

Mince :
"Idih..., ojok gaya sampeyan Cak athek gaya ora kerungu barang !!
Opo njaluk Mince jiwit maneh tah ...!!"

Bagong :
"Kulo tasik dereng lami dateng Suroboyo, dadhos dereng pathek apal dalanan kuto meriki Non Mincve ...!!"

Mince :
"Oh... gitu toh !! Bilang dong ama Non Mince dari tadi ...
kalau loe orang baru di Surabaya,.... iih !!" (ambek njiwit lengen'ne Bagong sing tengen).

Bagong :
"Akh..., aduuh...., iki wong wedhok kok tenagane koyok wong lanang ?!
(pikir Bagong njero ati ...)

Mince :
"Tolong Cak ..., antar Mince nang jalan Irian Barat sak iki..., ngert kagak ?!"

Bagong :
"Ngge Non Mince ...!! Tapi sampeyan sing menehi weruh arah ipun ngge ?!"

Mince :
"Beres Cak ...!!"

Akhire, becak'e Bagong nglinding ngalor amergo oleh penumpang. Bagong sing anyaran nang Suroboyo ora ngerti lan isok mbedak'no antarane uwong wedhok ambek bencong. Koyok opo cerito terusane dhulur ...
Monggo kanthi sabar ngentosi cerito sak lajeng ipun ....

BERSAMBUNG NANG SERI LORO