KUNJUNGAN KE :

Selasa, 23 Februari 2010

PETRUK GOLEK WANGSIT SERI TELU



Sambungan : Petruk Golek Wangsit Sei Loro

Amergo ora onok sing wani nggrandong ngancani Petruk nang sendang deso Karang Tumaritis, akhir're Petruk budal ijen. Mek bondo sentolop ambek sarung memel nyampir nang gulune, Petruk nerabas dalan pinuju sendang deso jam setengah rolas bengi iku.

Gak lali mampir dhisik nang tokone Mak Cangik tuku menyan. Gak suwe, Petruk terus nerusno lakune nuju sendang deso. Sampek nang tengah dalan sing wis cidek ambek sendang "Arum Sari" sing terkenal angker ambek dikeramatno wong deso iku Petruk mandek jegreg. Moto'ne ngalor-ngidul nguwasi keadan'ne sendang.

Nurut cerito sampek dino iki, akeh wong sing tekok liyo deso podho nyekar nang sendang iku. Mboh kasil mbok gak khajat sing dikarepno uwong sing nyekar nang kono iku, tapi jare-jarene mbah-mbah sing tau urip nang deso Karang Tumaritis akeh khajat sekaran sing terkabul'lo khajat'te.

Sak wise mbukak pagar sendang sing digawe tekok empring, Petruk terus mlebu nang pinggirane sendang ngisor uwit trembesi.

Rodok setengah ragu-ragu si-Petruk melangkah nang uwit trembesi iku sebab ngelingi cerito'ne konco-koncone mau nang gerdu, lek uwit ambek sendang iku onok sing njogo yaiku Genthong Mengkurep.

Opo bener tah ? Koyok opo seh wujude Genthong Mengkurep iku ? Ayo konco kabeh saiki ndelok nang TKP (Tempat Kedadean Perkoro)...

Petruk :
"Lha kok petheng'e koyok ngene sendang iki lek bengi ...!! (ngomong njero ati)
Waduh..., opo bener tah onok sing nungguk sendang iki ?! Ah...!! Moso bodho'o sing penting aku kudhu oleh nomer sing siip ben meneh isok oleh togel sing akeh ...!!"

Kalem tapi terus, Petruk mlangkah nyedeki uwit trembesi sing gedhene ora ukur iku. Tangan tengen'ne nyekel sentolop..., sing kiwo ngraba kesak celono njupuk menyan.

"Amit..., amiit... amiit Mbah ...!!
Aku gak niat ngganngu sampeyan... tulungono aku Mbah goleh sandang pangan ...!!
Weneh ono aku nomer sing methu meneh Mbah ...!!" (geremeng Petruk ambek tangan'ne mulai ngobong menyan nang ngisor uwit trembesi iku.

Sak wise menyan diobong, Petruk langsung longgo silo ngisor uwit koyok wong semedhi. Cangkeme mulai bolak-balik umak-umik ngrapal dungo.

Petruk :
"Mbel.. mbel sambel rawit...
Siro teko ora ndulit ...
Siro moro ngekek'i aku wangsit ...
Podho merinio ...
Poro danyang poro dedemit...
Sing mbau rekso sendang kene ...
Aku dhulur siro...,
Siro yoo dhulur ingsun ...
Ingsun apene mendayoh golek mulyo ...
Tompo'en kanthi rahayu selamet ...!!"

Dungo montro iku diwoco Petruk bolak-balik ambek terus tangan tengene nyepuri menyang nang obong-obongan'ne. Kiro-kiro oleh setengah jam oleh'e Petruk moco dungo jopo motro iku mau, ambek gak disadari oleh Petruk.

Nang ndukur're Petruk sing semedhi ngemal montro iku dadak onok jemedhul'le bayangan ireng sing ora okor gedhe'ne gelanthongan nang uwit trembesi iku.

Muncul'le bayangan ireng gedhe gak jelas rupane iku mau nambah howo adhem nang sendang tambah banter. Sampek-sampek si-Petruk sing isik terus moco jopo montro iku menggigil kadhemen...


BERSAMBUNG SERI TERUSANE DHULUR ...