Selasa, 02 Maret 2010

PETRUK GOLEK WANGSIT SERI PAPAT



Sambungan : Petruk Golek Wangsit Seri Telu

Tambah bengi howo udara nang sekitar're sendang Sekar Arum tambah adem. Sangking adhem'me awak'e Petruk sampek kathuk'en. Obong-obongan menyan sing onok ngarepe nambah suasono tambah serem'ae.

Gak disadari, ndukuri Petruk oleh'e lunggo silo dumadak muncul mak be'jedul bayangan ireng remeng-remeng gedhe'ne ora ukur gemlanthong ndukuri uwit trembesi iku. Gak suwe awak'e Petruk sak'kal merinding.

Genthong Mengkurep :
"Huahahaha...., onok jalmo menungso wani-wani mlebu sendang kene....!!"
Sopo siro kisanak ?! (Njelala bayangan ireng gedhe iku nyuworo ...)

Kerungu onok suworo nang ndukure awak'e Petruk kaget banget. Ngerteni danyang sing nungguk sendang Sekar Arum wis teko, Petruk tambah merinding awak'e. Atine mulai ciut ero gedhene dedemit sing ngalah-ngalahi gedhene uwit trembesi iku.

Genthong Mengkurep:
"Kisanak...!! Ditakoni kok gak nyahuti....!! Opo siro dublek tah ...!!
Onok opo siro wani-wani mlebu sendang kene ambek ngundang ingsun ...?!"

Suworo gedhe sing tekok danyang sendang deso si-Genthong Mengkurep mbalik kerungu maneh nakoni keperluan'ne Petruk.

Petruk :
"....mbah..., embah..., simbah....!!" (Petruk mulai gemeroyo awak'e, gemeter'e tambah banter. Ngomong'e koyok uwong kewedhen. Gak suwe, amergo sangking wedhine Petruk sampek kepoyo nang kathok'e)

Genthong Mengkurep :
"Huusss...., ditakoni apik-apik kok tambah suwe siro tambah ora semaur sing apik...!! Keperluan siro mrene iku arep opo le...., cung...., cah.... bagus !!"
(Mulai mudhun soko uwit trembesi, ngadeg jegreg pas onok ngarepe si-Petruk)

Petruk :
".....mmmbaaah....., eeemmmbaah...., siimmmbaaah....!!" (Petruk tambah gemeroyo awak'e. Cangkem'me gemeter, apene ngomong gak isok mbukak sangking wedhi'ne)

Genthong Mengkurep :
"Ora usah wedhi kowe karu ingsun cah bagus ....!!
Teko'ku mrene lak yoo siro undang toh cah ...?!"

Petruk :
"...ngggiih emmbaaah.....!!" (Jawab Petruk mulai isok mbukak suworo...)

Genthong Mengkurep :
"Lha opo perlu'ne siro sak iki cah bagus...?!"

Petruk :
"... ni..ni...ni..kuu mbaaah....., ba... ba... dheee nyuuu...wuuun noo... noo..merrr tom...tom....bok'...an Mbaaah ....!!" (Sahut Petruk gemeter ...)

Genthong Mengkurep :
"Oalaaah...., siro apene njaluk nomer tombok'an tah !! Ngomong ngono'ae wis gak cetho siro cah bagus....!! Sopo jeneng siro cah bagus ?!"

Petruk :
"Kuuu...kuuu... loo.. Pet...Pet...Pet...."

Genthong Mengkurep :
"Pat-pet...pat-pet...., sandal jepit tah jeneng siro ?!"

Petruk :
"Peetruuk.... emmm...baaah....!! Saa...saa...nes sandal japit !!"

Genthong Mengkurep :
"Ohh..., si Petruk tah..!!"

Petruk :
"ngg...nggeeh ... emmm... baah...!!"

Genthong Mengkurep :
"Iyo..., iyooo !! Ingsun gelem ngeke'i siro nomer tombok'an ..., tapi onok syarat'te lho Truk ...!!"

Petruk :
"... syaa...syaa... syarat...tee me..noo...poo ...mmm...baah...!!"

Genthong Mengkurep :
"Syarat'te koyok ngene...!!
Siro lek wis enthuk tombok'an ojok sampek lali karo ingsun....!!
Sediak'no wedhos lanang-wedhok cancang'en wayah Jum'at Kliwon nang ngisor penengkringan'ne ingsun iki yoo... Truk !!"

Petruk :
"...ngan...daap... uuu...wwwiiit nii kiii nggeh... mmm...baah....!!"

Genthong Mengkurep :
"He'e... !! Ojok sampek lali siro....!! Isok tak tageh ijol meneh...!!"

Petruk :
"...ng...ngeeh... mmm...baah...!!"

Genthong Mengkurep :
"Pinter...!!
Wis..., ingsun selak onok rapat nang kecamatan dedemit...
Demit deso kene apene ngadak'no kegiatan sing kudhu tak garap bengi iki...
Poro dedemit deso sak kecamatan kabeh..., ape'ne demo njaluk mudhun'ne sembako...
Siro lak yoo ngert dhewe rego'ne sembako koyok opo...?!
Iki siro tak wenehi nomer sing ketulis nang walik'e godhong iki...
Ojok dibuka lek ingsun dhurung oncat soko kene...!!"

Sak wis'se ngekek'i syarat sing kudhu di eling-eling ambek Petruk, Genthong Mengkurep ngekek'i maneh putilan godhong jambu sing onok sandhing'e uwit trembesi iku. Gak suwe..., Genthong Mengkurep mundur sak langkah sak langkah... Akhire ilang nang petheng'e bengi sendang deso Sekar Arum iku.

Petruk sing gak sombot ambek sumbare... amergo kepoyo-poyo kewedhen ketemu langsung ambek demit Genthong Mengkurep mau akhir're melok melayu nggenthirit kejungkel-jungkel amergo kewedhen. Koyok opo cerito terusan'ne iku, monggo dhulur sedoyo mawon sami sabar ngenthosi kelanjutan cerito sak lajeng ipun...

BERSAMBUNG ....