Jumat, 16 September 2011

PLONGA-PLONGO


NGUDO ROSO GAWE MENUNGSO SING ISOK NGE'RASA :

Panas-panas....
Cacing nang njero weteng mulai ganas...
Tanda wetengku uwis kerasa luwe...
Njaluk kiriman sego sak ngombene...

Mancal becak ngalor-ngidul...
Mung oleh duit limang ewu...
Opo cukup digawe tuku sego tiwul...
Gawe mangan bojo, anak lan putu...

Srenge'e uwis onok nang ndukur unyeng-unyeng...
Marak'no siraku tambah suwe tambah puyeng...
Oleh duit mung cukup digawe ngiseni sak wetheng...
Ora wani mulih omah amergo bojoku engkok mbecureng...

Nasib... nasib....
Gerutu mas Bagong sing lagi muter-muter nang ndukur becak'e....
Ngalor-ngidul Golek penumpang...
Ora oleh-oleh....
Penumpang sing uwis pada ora gelem numpak becak...
Amergo kalah karo murah'e kriditane sepeda...
Sak iki dewek'ne mung isok plonga-plongo....
Koyok kebo ngolek jeruman...
Lambe'ne mung isok ndowe kepanasan...
Kadang-kadhang nyengir koyok iwak mujaer...
Ngesak'no.....