Kamis, 15 April 2010

BAGONG MBECAK SERI LORO


Sambungan : Bagong Mbecak Seri Siji

Becak sing rodhok kempos eban'ne iku akhire ngelinding arah ngalor. Bagong sing bebetan sarung abang memet iku mancal terus becak'e. Gak perduli gerimis sing dhurung mari-mari nelesi dalanan.

Mumpung oleh penumpang pikire. Sing penting ndang dieterno nang tujuan'ne..., oleh duwek ..., titik.

Ngliwati dalan Diponegoro sing petheng dhedehet amergo lampu kuto podho mati. Bagong ambek cengar-cengir mancal becak'e.

Dasar uwonge cilik bunder methekel, sikil'le rodhok ora gayok ambek pedhal'le becak. Bagong rodhok kangelan mancal becak'e ...

Mince :
"Eng...., ngomong-ngomong uwis pirang ulan sampeyan mbecak Cak ?!" Ujug-ujug takok Bagong.

Bagong :
"Petang ulan kurang Non Mince ...!!"

Mince :
"Lha..., uwis lumayan suwi ngono nang Suroboyo ...!! Mosok isik nggak apal dalan ?!"

Bagong :
"Soale..., biasane mlaku ngulon Non ...!!"

Mince :
"Dalan iki terus'ae Cak...!! Ora usak menggok-menggok sampek tekok setopan kono !!"

Bagong :
"He'e... Non !!"

Mince :
"Sampeyan jeneng'e sopo Cak ...?!"

Bagong :
"Bagong ..., Non !!"

Mince :
"Sopo ...?! Bogang ...!!"

Bagong :
"Bagong ..., Non !! Sanes Bogang !!"

Mince :
"Oh...., Bagong toh ?! Iihh, koyok jeneng'e dagelan'ne wayang sing dikeplek-keplek'no iko ...!!"

Bagong :
"Yoo..., aku iki uwong'e Non ..." (Jawab'be Bagong njero ati ).

Mince :
"Bagong nang wayang iku uwong'e cilik methikil, tapi gendut awak'e. Moto'ne ombo, cangkeme ndoweh ..., paling mbethik sak dhuluran'ne ...!! Lak yoo ngono tah gambarane Bagong iku Cak ?!"

Bagong :
"Matamu suwek iku..., yoo iku aku sing mancal becak iki wet..., cerewet !!" (Sahut Bagong sing ngerundel njero ati).

Mince :
"Sampeyan seneng ndelok wayang kulit tah Cak Bagong ?!"

Bagong :
"Mboten natih ningali wayang kulo Non ...!!"

Mince :
"Iih..., bohong dech !! Mosok ndelok wayang'ae nggak tau sampeyan ?!"

Bagong :
"Ndeso kulo jarang wonten ingkang nanggap wayang Non ...!!"

Mince :
"Idiih..., mustahil dech ah !! Mosok wong ndeso ora seneng nanggap wayang !! Cak Bagong tekok ndeso endhi sih ?!"

Bagong :
"Ndeso Karang Tumaritis Non ...!!"

Mince :
"Mosok yoo..., ora onok sing seneng wayang kulit Cak Bagong ?! Lha lek onok wong nduwe gawe... Koyok sunatan ambek mantenan terus nanggap opo hayoo Cak ?!"

Bagong :
"Sing paling kathah nggeh nanggap tayop-Ledek, ndangdut, kale pilem... kathah-kathah'e tiyang mriko lek ngadah damel ... Non !!"

Mince :
"Iihh.., sama aja ama orang kota Surabaya nih ...!! Udah ninggal'no budoyo bongso ...!! Sak iki seneng hiburan sing ora pokro-pokro"

Bagong :
".... iyoo gak pokro koyok uwong model'le koyok koen ..." (pikir Bagong)

STOPAN Jl. Dr. Sutomo

Bagong :
"Lampu stopan mangke belok kiwo nopo tengen Non ...?!" Gak keroso Bagong mancal'le uwis tekok setopan.

Mince :
"Yaa menggok kiwo Cak ...!! Lek nengen iso nang kebon binatang iki engkok !!"

Bagong :
"Iyoo...., ambek ngandang'no koen cek nggat takok'ae koyok jalak uret..." (Jare Bagong njero atine).

Mince :
"Tapi..., Mince ndelok-delok..., sampeyan pancen mirip karo Bagong sing onok nang wayang kulit iko he' Cak ...!!"

Bagong :
"Oh..., juangkriik iku. Isik ngecembeng'no aku'ae uwong iki ..." (Bagong mulai mangkel athine).

Mince :
"Idiih..., Pancene sampeyan persis he' Cak !! Ndelok'en gak onok sing gak persis ambek gambare Bagong nang wayang kulit iko ?!
Wah melok'o daftar ngelawak Cak..., nang dalang-dalang kondhang sing biasane ngawe lawak'ane Bagongan ...!!
Cek gak cumak diisi mas Kirun ambek mas Bagio thok'ae sing macak model Bagongan !!
Sing paling pas ..., iyoo sampeyan sing dadi Bagong nang lawak'an Pagelaran Wayang Kulit iku Cak...!!
Pancen sampeyan mirip pleg..., gak isok dibedak'no ambek gambare ...!!"


Sangking pegel'le athine Bagong sing mulai mancal becak tekok Pasar Kembang sampek tekok prapatan Dr. sutomo iku, kuping'e grisi'en ngrungok'no penumpang'e ngecembeng'ae sing ditujuk'no nang awak'e ....
Akhire Bagong mencolot soko ndukure becak'e ....
Terus dhewek'ne melayu mbalik arah ....

Becak ngelinding dhewe ...
Mince, bencong Irian Barat sing cerewet iku ora sadar...
Lek becak sing ditumpak'i iku uwis ditinggalno sing mancal...
Kok njelala dalanan pas njojlok mudhun...

Tambah suwi playune becak tambah banter ...
Mince, isik ngecembeng'ae nang njero becak sing ditutupi terpal plastik iku ...
Uwong-uwong sing onok nang dalanan podho jemlerit bengok-bengok ...
Karepe menehi weruh uwong sing onok nang njerone becak melaku dhewe ...
Tapi, sing nang njero becak pancen kuping'e rodhok dublek ...
Gak kerungu lek uwong sak embong podho bengak-bengok menehi weruh ...
Cangkeme mince isih nerocos koyok kompor gas sing nggebros ...

Gak suwe..., kiro-kiro onok rong atus meter tekok anjlok'e Bagong soko becak mau ...
Becak sing nggelinding dhewe tanpo sopir iku akhire nyungsep nabrak rombong'e bakso sing diparkir pinggir dalan. Amergo ditinggal bakul'le ngiyop nang warung kopi.

Becak'e Bagong malek jempalik'an..., sing ngisor dadi ndukur...., sing ndukur dadi ngisor...
Rombonge bakso korat-karet ... pathing kececer mie ambek isine rombong dadi sak pasar...
Kabeh numplek blek koyok sego bosok ditumplek nang tempeh...

Mince, bencong Irian Barat iku mencelat tekok panggonan'ne ...
Ngelundung jungkir walik..., sampek akhire nyungsep nang ngisore genthong warong kopi sing onok pinggire dalan ...
Awak'e babras kabeh ...
Tapi dhewek'ne isih bengong koyok sapi ompong amergo dhurung sadar ...
Mince tenger-tenger bingung sendhenan...
Dhewek'ne isih gak sadar lek mari ciloko ...
Klambine blethok'an kabeh ...
Barang'e sing dikempit tangan kiwo'ne dhedhel duwel ...

Sing paling nggawe nguyune uwong sak warung kabeh yoo iku ...
Gelung'ane sing palsu sak kecepot iku mau ngelendhing dhewe... mboh nangdhi parane ...

Ditambah gemuyune uwong sak warung tambah banter amergo ndelok...
Longgo'ne Mince sing ndelosor nje'bablah kethok kathok'e abang sing methol amergo onok lontong'e...
Pancene dasar bencong ... Pikire uwong sak warung.

Kerungu nguyune uwong sak warung iku ...
Mince mek isok plolang-plolong ...
Ambek nyekeli endas'se sing mari kebruk'an genthong ...


TAMAT