Kamis, 15 April 2010

PETRUK GOLEK WANGSIT SERI ENEM


Sambungan Petruk Golek Wangsit Seri Limo

Sak wise nyurup extra joss sak plastik. Ambekane Petruk rodhok kalem. Dodone sing kembang-kempis wis rodhok mari. Keringet sing netes soko awak'e rodhok gareng keterak adheme angin sing silir-silir nang gerdu iku.

Mbilung :
"Uwis rodhok enak tah Truk awakmu ... ?!"

Petruk :
"He'e Lung...., rodhok entheng mari nyocop es iku mau...!!"

Bagong :
"Yoo iyo rek..., sopo sing gak seger !! Lha wong es sak plastik mbok sesep ijen !!"

Gareng :
"Cerewet koen iku Gong ...!!"

Petruk :
"Pancen'ne cangkeme Bagong iku njaluk disuwek Reng !!
Uwong kok senengane ngiri ambek kesenangane konco ...
Cobak wani tah koen mlebu sendang deso iku...!!
Gak ero tah mata'mu lek aku sampek keplayon-playon koyok ngono iku...!!"

Bagong :
"Sak iki lhak yoo uwis seger tah Truk ...!!"

Petruk :
"Oh..., wedhos iku !! Diomongi uwong tambah mecicil ...!!
Isok tak culek koen engkok !!"

Mbilung :
"Uwis gak usah eker-ekeran'ae ...!!
Sing penting koen lak yoo selamet tah Truk !!"

Petruk :
"Mangkel aku Lung..., ambek Bagong sing cerewet... wet... koyok wong wedhok iku !!"

Bagong :
"Guyon..., guyon Truk !! Ngono'ae mbok gawe pekoro ...!!"

Gareng :
"Ssst..., uwis menengoh congor'mu iku Gong !! Isok gak di diwenehi wero nomor tombok'an nang godhong'e iki engkok...!!"

Bagong :
"Glek..., gek ...!!" Mingkem sak'kal cangkeme Bagong ambek ngelek idu.

Gareng :
"Wis Truk lha ndang dibukak ...!! Nomor piro sing diwenehi Mbah Genthong Mengkurep iki mau ?!"

Petruk :
"Yoo tak bukak'e yoo rek !! Tapi...."

Gareng :
"Tapi opo maneh Truk ?!"

Petruk :
"Tapi..., onok syarate sing dipesen ambek Mbah Genthong Mengkurep iku mau !!"

Mbilung :
"Syarat'te opo sih Truk ...!!"

Bagong :
"Kake'an rengkek ....!!" Bagong sewot.

Gareng :
"Hus...., isik ngecembeng'ae cocokmu...!!"

Bagong :
"Obol opos....!!" Ambek nyebek'no lambe'ne.

Petruk :
"Syarat sing kudhu awak'e dhewe kerjak'no ..., yoo iku lek uwis oleh nomer togel lan tembus iki engkok ....!! Awak'e dhewe kabeh kudhu ngirim wedhus nang sendang deso gawe sesajen'ne Mbah Genthong Mengkurep !!"

Mbilung :
"..... kudhu ngirim wedhus lek uwis oleh tombok'an !!"

Gareng :
"Yoo..., urunan'ae gawe tuku wedhus'se engkok lek nomer're uwis mbledos !!

Bagong :
"Dipangan dhewe opok'o lak yoo enak !!"

Petruk :
"Koen seneng ..., awak'e dhewe mari mangan iwak wedhos terus bengi'ne ditekek ambek Genthong Mengkurep...?!"

Bagong :
"Lek panchene teko nang omah'ku..., yoo tak suguhi wedhang kopi lak yoo beres tah !!"

Petruk :
"Beres pathak'mu iku Gong !! Isok digawe tumbal anak-bojomu iki engkok !!"

Bagong :
"Yoo... rabi maneh lak wis beres tah...!!" Bagong nyerekel terus.

Gareng :
"Gong..., isok meneng tah gak cocok'mu iku !! Lek gak isok meneng..., tak jejeli kelompen'ku iki engkok !!"

Bagong :
"...klep, klakep...!!" Cangkeme Bagong sak'kal nutup dhewe koyok diremot.

Mbilung :
"Lek kabeh uwis sepakat urunan lak yoo wis gampang Truk gawe syarat'te engkok !!

Petruk :
"He'e..., uwis podho sepakat yooo ....!! Sak iki tak bukak'e godhong iki !!"


Krungu Petruk ape'ne mbukak godhong pelem sing diwenehi Genthong Mengkurep. Sak'kal Gareng, Mbilung, lan Bagong podho ndusel nang awak'e Petruk. Kabeh kepingin weruh nomer piro gawe togel meneh sing methu.

Naliko godhong diwalik, kabeh uwong papat iku podho kaget sampek mencolot tekok longgone mau....

Gareng :
"Wuaaah.....!!"

Bagong :
"Panche oboool ooopooosss....!!"

Mbilung :
"Wah..., gak pokro temenan iki Truk !!"

Petruk :
"Juangkriiik....!! Isok tak kethok uwit trembesi pethangkringane Mbah Genthong Mengkurep iki engkok ...!!"

Gareng :
"Oaalah..., panchene danyang guoblook ...!! Rugi aku oleh'e methentheng ket mau sore !!"

Bagong :
"Obol opos.... podho kenek apusan kabeh !!"

Petruk :
"Lha yoo..., kurang ajar temen demit iku ...!! Mosok awak'e dhewe diwenihi nomer tombok'an sing unine ngene ..."

Tulisan Nang Godhong :
" OJOK TOMBOK'AN TOGEL TERUS ...
TOGEL IKU LARANGAN'NE AGOMO LAN NEGORO "


Mbilung :
"Mari nyantri nang endhi demit iku ...?!"

Gareng :
"Lek ... koyok ngene carane...!! Moleh'ae aku ket mau sore ngeloni anak-bojoku lak yoo enak ...!!"

Bagong :
"He'e...., panchene obol opos... yoo tetep obol opos...!!"

Mbilung :
"Ayook Gong..., Reng moleh'ae !!"

Gareng + Bagong :
"Ayok... ayok moleh'ae ...!! Wis gak percoyo ambek Petruk.

Petruk :
"Lha aku piye..., lek mbok tinggal kabeh iki engkok ...?!"

Bagong :
"Mlungkero nang gerdu kono'ae ambek ngeloni kucing ireng iku Truk ...!!"

Gareng + Mbilung :
"Huahahaha ......!! Iyoo Truk ... rugi ngumbuli awak'mu !!" Wong telu ngluyur ninggal'no Petruk nang gerdu ijen.

Sak iki karek Petruk sing tolah-toleh ijen ditinggal konco-koncone sing uwis podho rabi. Karek Petruk dhewe isih dhurung onok sing ngarep'no. Amergo Petruk methel ora gelem nyambut gawe. Senengan'ne kluyar-kluyur ambek klumbrak-klumbruk nang gerdu iku. Dhewek'ne apene moleh nang omah wedhi ambek bapak-emak'e. Kepekso bengi iku tenger-tenger ijen nang ndukur gerdu.

Petruk :
"Jangkriik kabeh uwong-uwong iku ....!!
Kono enak isok patheng plungker ngeloni bojone ...
Lha aku ...?! Mlungker dhewe ndukur gerdu ... !!
Uwis sarung teles kebhes..., wetheng luwe ...!!
Oalaah nasib... nasiib !!"

TAMAT