Selasa, 22 Januari 2013

UWONG TUWO ....

Blog Punakawan Suroboyo

NGUDO ROSO :

Wong tuwo....
Senadjan turune ngowo...
Senadjan cucuke dowo....
Senadjan cangkeme ombo...
Iku ngono wong tuwo...

Sing  ngawe awake dewe ono...
Sing ngukir jiwo lan rago...
Sing ora perduli luwe lan loro..
Sing ora lilo lan mentolo...

Ndelok uripe anak-anakke sengsoro...
Ndelok uripe anak-anakke  kelunto-lunto...
Ndelok uripe anak-anakke kena gudho...
Ndelok uripe anak-anakke ketiban rekoso...

Isine mung ndungo rino lan wengi...
Memuji - ngabekti marang Gusti...
Ora lali teker-teker golek rejeki...
Sampek umure dadi kaki lan nini...

Gawe anak-anakke sing podho pethitha-pethithi...
Gawe anak-anakke sing ora nduwe wedhi...
Gawe anak-anakke sing podho njaluk komisi...
Gawe anak-anakke sing gak ngerti balas budi...

Yen uwis dadi kaki lan nini...
Anak-anakke  padho lali...
Wayahe ngenteni tekane pati...
Anak-anakke uwis ora perduli...

Kelakon wong tuwo uwis mati....
Ora onok sing gelem nyelameti...
Kelakon uwong tuwo uwis mati...
Ora onok sing gelem ngaji...


(see again tommorow...)