Rabu, 16 Januari 2013

GERIMIS ...

Blog Punakawan Suroboyo
NGUDO ROSO :

Gerimis ricik-ricik ....
Dino Kemis iku becik...
Jarene Pak Cilek ...
Sing rambute brintik...

Akeh menungso sing...
Podho wegah metu omah ...
Ora gelem ucul saka sarange....
Padho nglumpuk sak anak bojone...
Ora gelem ucul saka sarunge...
Pathing klumbruk sak kucing-kucinge ...


Pada enak-enakan ndelok acarane TV...
Pringas-pringis karo nyocop wedang  kopi...
Nyanding gegorengan tahu isi...
Sing gedhene sak kepelane polisi...

Tinimbang metu yoo ora onok konco sing nglumpuk...
Ora onok sing gelem diajak cangkruk...
Kabeh podho nyekukruk...
Kemulan sarung motone ngantuk...

Tiwas metu omah klambi isok kepleh...
Paling wuenak yoo leyeh-leyeh...
Cangkem ben ora ndoweh....
Nyandak piring mangan jangan lodeh...

Kabare TV...
Wuakeh daerah sing podho banjir...
Wuakeh omah sing podho kintir 
Para petani podho ora isok icir....
Para koruptor  podho balapan  ngacir...
Bayi lagi lair akeh sing dipluntir....

Amit-amit jabang bayi...
Komat-kamit ngrapal aji...
Kok onok kelakuan sing ora mbejaji...
Aku mung isok ngondeli ati...

(empreeettt.....!!!)