Selasa, 11 Desember 2012

GORO-GORO BADHOGKAN

Punakawan Suroboyo
BANYOLAN DHISIK :

Bengi iku....
Koyok biasane podho ngelumpuk methangkring nang nduwur gerdu poro dedengkot Desa Karang Tumaritis koyok si-Petruk, Bagong, Gareng, ambek si-Togog...

Ambek obong-obong larakan gawe anget-angetane awak...
Pancen mari udan mulai sore mau...
Hawo adem pada semilir keterak angin terus  nyungsep mlebu jerone balung...

Gareng kemulan sarung memete....., meringis kademen...
Petruk kebal-kebul rokok-e...., gawe nyingkirno ademe awake...
Bagong besual-besuel ngentekno badogkan....
Si-Togog bolak-balik  ngejoki kayu gawe nggedekno geni obong-obonge...

"Pancene....onok enak gak enak'e lek uwis wayah udan koyok ngene....!!" Petruk mulai mbekur....

"Lha.....!! Enak'e opo ? Gak enak'e iku opo Truk....?!"  Bagong nimpali...

"Enak'e lek adem-adem ngene omben-omben sampek mendem....!!" Jare Petruk setengah mendelik.

"Lha...gak enak'e opo Truk...??"  Bagong ora sabar.

"Gak enak'e lek badhogkan sak kresek iki mbok entekno ijen....!!" Sahut Petruk tas-tes.

"Hehehehehe.......!!" Bagong meringis kecut.

"Pancene Bagong nggak nduwe warek kok Truk....!!
Tak delok-delok  ket mau sore nggiling'ae koyok molen sing digawe ngecor bangunan...!!" Jare Gareng.

"Delok'en Togog iku.....!!
Sregep obong-obong larakan.....!!
Gak koyok raimu....
Nyelep'ae penggaweane...
Uwis gak melok uron duwek.....!!
Malah ngentek-ngenteki jajan sak kresek....!!"  Petruk mulai nerocos nyeneni Bagong.

"Truk.....!! Truk....!! 
Aku mek mangan entek rolas jajan'ae  uwis mbok omeli koyok ngene...!!" Jawab Bagong. 

"Rolas jajan iku sing ke-itung.....!!
Durung sing kelalen ngitung'e....!!" Timpal Gareng.

"Lek wetengmu durung warek Gong....!!
Iki onok kentongan lek gelem krokotono....!!" Jare Togog.

"Oh..... Jangkrik iku....!!
Aku mbok kongkon ngrokoti kentongan.....!!
Coba kek ono contoh dhisik carane ngrokoti....!!" Bagong mulai mecicil gak trimo.

"Carane gampang Gong....!!
Cobo mangapo maneh cangkemmu...., engkok tak ewangi nglebokno kentongane....!! Jare Petruk.

"Bedhes kabeh pancene koen kabeh.....
Aku kok ket mau sing dimungsuh.....!!
Opo salahku toh yooo.....!!" Bagong mulai ngersulo.

"Koen gak nduwe salah kok Gong !!" Jawab Gareng.

"Iyo...!! Pancen koen ora nduwe salah....!!" Sahut Togog negesi jawabane Gareng.

"Lha....!! Uwis podho ngerti toch lek aku ora nduwe salah....!!" 
Mosok pekoro mangan jajan adem-adem koyok ngene dianggep salah....!! Jare Bagong.

"Koen gak nduwe salah kok Gong......!! Ora onok sing nganggep koen iku salah....!!
Tapi onok sing nggawe mangkel  koncomu kabeh nggangep koen nduwe kesalahan....!!"  Timpal Petruk.

"Nduwe salah.....!!
Jarene nggak nduwe salah....!!
Opo maksude Truk....!!
Aku kok dadi bingung dewe ngrungokno cocotmu Truk.....!!" Bagong nggobloki.

"Salahmu iku ngentekno badhogkan sak tas kresek atek nggak melok urun.....
Iku thok titik......!! "  Terang Petruk

"Hahahahaha......!!" Kabeh podho ngguyu ngakak.

Kari Bagong kokor-kokor endasi gatel campur kisinan.........


See You Tommorow ....