Rabu, 04 Desember 2013

WARISAN KERIS PUSOKO (2)

Blog Punakawan Suroboyo
DAGELAN GORO-GORO :

Sangking sugihe ...
Opo-opo wae nduwe ...
Akeh sing podho awe-awe ...
Si-Petruk mung mecicil wae ...

Pengkerak-pengkerik koyok Rojo ...
Dada mbusung ora wedhi penduso ...
Opo sing diperintahno koyok sabdo ...
Poro jongos kepekso ngucap sendiko ...

Ora akur karo sedulur ...
Sedulur sing melarat uwis ora dicatur ...
Sakabehing mung isok kukur-kukur ...
Keserakahaning Petruk malah ora keukur ...

Sawah, omah tinggalane wong tuwo ...
Kabeh podho direbut kelawan pekso ...
Diwenehno dhulur mung kari keloso ...
Diwenehno dhulur mung kari deliko ...

................................................

Isuk iku..., Petruk ora budhal mergawe ...
Lungguh nyantai ngarep omah karo leyeh-leyeh ...
Sandingane wedhang kopi karo sak piring tahu isi ...
Moco koran..., berita dino sak iki ...

Gayane koyok politisi ...
Koran diwolak-walik golek berita sensasi ...
Isine berita ora onok sing nyenengno ati ...
Ora keroso tahu isi sak piring kari mung siji ...

Si-Petruk cangkeme menganga ....
Amergo onok prawan ayu liwat ngarepe omah ...
Jenenge Suliana anak Pak Lurah ...
Prawan ayu apene budhal kuliah ...

"Suliana ....!!"
Sopo si-Petruk nggawe swaro mesra ...
Alus...., lembut koyok juwawut ...
Ngalahno swarane bintang Sinetron nang TV ...

BERSAMBUNG