Kamis, 28 November 2013

WARISAN KERIS PUSOKO (1)

Blog Punakawan Suroboyo
DAGELAN GORO-GORO :


BEBUKA NAWALA :
Omah gedhong magrong-magrong
Omah onok pinggire embong ...
Ngarep regole dipasangi gong
Kiwa-tengene omah ditanduri lombok terong ...
Uwoh buahne pathing keloyong ...

Omah paling gedhe sak Kabupaten..
Omah ora keukur gedhene  kelase Pak Raden ...
Sopo sing mlebu bakalan kewedhen
Amergo sing njogo omah podho nggowo ganden ...

Sing nduwe omah wonge bengis ..
Lagak lagune koyok uwong Inggris
Ora tau gelem meringis ...
Amergo atine kaku koyok linggis ..

Si-Petruk Juragan Tong ...
Wethenge gedhe sampek mbethotong ...
Kakean mangan sego golong iwake kalong ...
Wong paling sugih bondo dunyo ora amergo nyolong ...

Sakben ndino cekelan duit ...
Wonge mleki atine pait ...
Ora onok sing wani ndulit ...
Sing podho liwat ngarepe kudhu ngomomg amit ...

Babune onok wolu ...
Onok sing kuru ...
Amergo kurang turu ...
Onok sing lemu ... 
Amergo seneng ngombe jamu ...
Podho pathing kemayu ...
Pecuca-pecucu karo mangan roti keju ...
Isik prawan tur ayu-ayu ...

Prawan saka  ndeso kesa-keso ...
Nekat budhal golek kerjo nang Suroboyo ...
Amergo wong tuwo nang ndeso uwis podho rekoso ...
Ngopeni anak cilik akeh mangan mung godhokan telo ...
Akhire tego lan  legowo ...
Ngelilakno anake kerjo golek koyo nang Suroboyo ...


 
BERSAMBUNG