Sabtu, 23 November 2013

MBELEH PITHEK ( 8 )

Punakawan Suroboyo

DAGELAN GORO-GORO :

Bagong isik wae bingung ...
Undangan sing dikarepake uwis padho methungul jam papat iku ...
Lha kok meh arepe Adzan Maghrib durung podho teko ....
Njelalah sing uwis podho silo ngarep tumpeng sing gumelar nang tengah gelaran keloso ...
Yaiku Petruk...., Gareng....., lan si-Togog .

Telu-telune urip-uripan iku uwis ora sabar kudhu nyaplok wae tumpeng sing  wis ketata apik ...

Gunungane tumpeng lek diukur onok setengah meter luwih ...
Athek diubengi endok godhok, tahu, tempe, peyek, lan ceker petek sing koyok ane podho awe-awe ngece ...

Kiwa-tengene tumpeng, muter bubur lan jajanan pasar sing uwis siap gawe balapan mangan wong sing diundang bancak'an ...

Tapi digawe opo ...?? Lha uwong undangan podho durung podho teko...
Pikire Bagong sing isik wae ngadek ngarep lawang ngenteni tekane dayoh ambek jedhal-jedhil rokok'an Dji Sam soe ...

Petruk sing uwis ora sabar olehe ngempet luwene wetheng mbukak swara ...
Ngongkon Bagong ndang ngawiti acarane slametan ...
Namung..., si-Bagong isik wae ora gelem ngawiti mbukak acarane ...
Ngenteni tekane dayoh ...

Sak uwise Gareng melu urun bengok'an ndukung si-Petruk ...
Bagong mulai bingung ....
Ora percoyo lek dikabari para dayoh podho ora teko ...
Amergo undangan slametane Mak'e Bagong durung kesebar rata  nang wong kampung ...
Goro-goro si-Mbilung kecekel polisi ...

Bagong :
"Mbilung kecekel polisi kuwi perkoro opo Reng....?!"

Gareng :
"Pekoro Togel.... Gong !!
Kowe lak yoo uwis weruh ..., lek Mbilung kuwi penggaweane Nogel !!"

Togog :
"He'eh Gong ....!!
Mesak'ke Mbilung...., digawe bal-balan polisi wingi kae !!
Kecekel nyetat togel, tapi ora gelem ngaku ...!!
Sido remek.... diwasuh ngalor-ngidul ..."

Bagong :
"Lha ...!!
Terus..., acara slametane Embokku piye rek ....?!"

Petruk :
"Uwis... !!
Kowe ora usah bingung sak iki Gong ...!!
Sopo sing onok iki lak yoo ngatasi ngentek'no tumpeng kuwi ...!!"

Gareng :
"He'eh .... Gong !!
Olah opo koen sampek susah koyok ngono ...!!
Wetenge uwong telu iki ....
Ditambah karo wethengmu podho karo wethenge wong sak kampung !!
Beres khan ...!! Dijamin..., tumpengmu pasti amblas ...!!"

Petruk :
"Lek ... kowe ora setuju ...!!
Ayok Reng...!! Karo kowe Gog ...!!
Celuk'no tonggo kiwo tengene omahe Bagong iki wae ...!!
Golek'no uwong sing uwis tuwek...
Utowo uwong sing loro-loroan ora doyan karo panganan yoo ...!!"

Gareng :
"Setuju lek ngono aku ... Truk ...!!"

Togog :
"He'eh...., Cocok kuwi ...!!"

Bagong :
"Setuju..... bathok'mu iku Reng...!!
Cocok ...., Mbokne amblek kabeh ....!!"

Gareng :
"Lha ...., terus piye Gong ?!"

Bagong :
Kowe kabeh warek mangan tumpeng ... ?!
Mbok'ku nang kono tangisan Cino ....
Lha uwong pithek'e uwis kadhung kebeleh gawe slametan jare ... !!"

Petruk :
"Terus karepmu piye... Gong ?!"

Bagong :
Niate slametan iki ...
Gawe njaluk dungo wong patang puluh ....
Lha kok oleh dungo mung wong telu ...
Athek pikirane badhok'an tok sing onok nang endase ...!!
Apes....!! Apes ....!! Aku dino iki ...
Goro-goro Mbilung kabeh ....
Slametan iki muspro ....!!"

Petruk :
"Ora muspro ... Gong !!
Lek tumpeng iwak'e pithek iki kepangan sampek entek ....!!
Lak yoo ngono toch Reng ....?!"

Gareng :
"He'eh .....!! 
Ora muspro ....!!
Lha wong pithekmu uwis munggah suwargo ...!!
Hehehehhehe ......!!"

Bagong :
"Oh.... bedhes iku ....!!
Yoo uwis Truk ...!!
Ayo ndang di mulai selak keburu Maghrib ....!!"

Petruk :
" Lha ....!!
Ngongkon mbukak  slametan ket mau lak yoo kepenak ....!!"

Gareng :
" Hehehehe .....
Nasib loe kali Gong ....!!"

Bagong :
"Jangkriiiiik ..........!!" 
 (Njerone  atine .... mangkel, nggrundel, mbesesek ....!! Mboh karo sopo ....!! Nyalahno sopo...)


T A M A T