Jumat, 15 November 2013

MBELEH PITHEK ( 7 )

Blog Punakawan Surabaya

GUYONAN GORO-GORO :

Udan mudun ricik-ricik ...
Mbuyarno lelakon ...
Srengenge ndelik  singitan...
Kisinan ndelok tingkah polahe wong telu sing isik wae eker-ekeran...

Sore iku ...
Wayahe bancakan sewune  Mbok'e si-Bagong ...
Keloso wis podho dibeber omboh ...
Latar uwis resik bar di sapu ...


Poro undangan isik wae durung onok sing teko ...
Mbok menowo podho aras-arasen kabeh ...
Amergo udan tambah suwe kok tambah deres ...
Podho wegah metu jeblok-jeblok ...

Petruk, Gareng, lan Togog uwis silo ndhisiki ...
Madhep mantep cedhak sandingan sing uwis cemepak ...
Pringas-pringis mbayangno wethenge warek lek engkok uwis melok mangan sego tumpeng ...
Wong telu kuwi iku sing dijaluki tulung Bagong rewang ...

Jam wis muter nang ongko limo ...
Bagong bolak-balik mlebu metu ...
Ngenteni dayoh undangan liyane sing durung teko ...
Ora suwe Adzan Maghrib bakalan ...

Petruk :
"Dimulai wae lho Gong acarane ...?!
Jam piro sak iki delok'en talah ...!!"

Gareng :
"Iyoo Gong !!
Podho jam karet kabeh uwong-uwong iku ...!!
Undangan jam setengah papat molor sampek apene Maghrib durung podho teko ...!!
Opo podho ora doyan bancakan tach ....?!"

Togog :
"He'eh .... Gong !!
Aku yoo apene sembahyang nang langgar !!"

Petruk :
"Ngundang wong piro sich Gong koen iku ...?!"

Bagong :
"Uwong patang puluh jare Truk ....!!"

Petruk :
"Uwong patang puluh ..., lha kok sing teko mung uwong telu ...!!
Opo yoo tumon lelakon koyok ngene ?!" 

Bagong :
"Lha ... ora weruh aku... Truk ...?!
Sakabehing uwis tak pasrano lek undang-undang uwong ...!!"

Petruk :
"Sopo sing mbok kongkon undang-undang uwong Gong ...?!"

Bagong :
" Cak Mbilung ....!!"

Petruk, Gareng, lan Togog :
"Hah.....!! Mbilung .........??!!"


Petruk :
"Owalah Gong-Gong ....!!
Lach sing mbok kongkon iku Mbilung ...!!
Mboh kelaksanan mboh ora  kuwi ....?!"

Bagong :
"Kenek opo Mbilung .... Truk ?!"

Gareng :
"Kowe opo ora kerungu tach Gong ...?!
Lek Mbilung mari kecekel Polisi ...!!"

Bagong :
"Mbilung kecekel Polisi ....?!
Kapan iku ....?!
Lha pekoro opo Reng .....?!"

Bagong mulai bingung ....
Tolah-toleh ngiwo nengen ...
Plonga-plongo koyok Pak Ogah ...
Lholak-lholok koyok uwong goblok ...


BERSAMBUNG ......