Jumat, 08 November 2013

MBELEH PITHEK (6)

Blog Punakawan Suroboyo

GUYONAN GORO-GORO

Disendekno ngisor uwit jambu, Bagong meringis kelaran ...
Tangan'ne bolak-balik nguyek garesi sing mulai aboh ...
Petruk lan Gareng sing isik ora percoyo ndelok Bagong ciloko mung godag-godeg ambek setengah njengah-ah cangkeme kudhu ngguyu ....

Bagong :
"Aduh Biyung ....!!
Sikilku loro kabeh ....
Cekot-cekot rasane ....
Bangkek'anku rasane koyok kepluntir ....!!"

Gareng :
"Olah opo Gong ....
Kowe athek gulung koming koyok ngono Gong ...?!"
(Takon Gareng mbukak swara ...)

Petruk :
"Hehehehe ....!!"
(Meringis setengah ngece ....)

Bagong :
"Opo podho picek kabeh ...
Uwis onok uwong tibo kesandung ...
Isik wae ditakoki kenek opo ...??"
(Sahur Bagong sewot ...)

Gareng :
"Sabar wae lho Gong ...
Wong jenenge molo ...
Tekone yoo ora ketoro ...
Mak mbejedul koyok ngono ....?!"
(Gareng ngedem-ngedemi Bagong ...)

Bagong :
"Iki goro-goro koen kabeh ...!!"
(Duding Bagong nang Petruk lan Gareng)

Petruk :
"Lha... kok nyalahno aku ambek Gareng ...
Piye nalare Gong ...?!"
(Saut Petruk ora terimo)

Bagong :
"Kowe eker wae koyok uwong gegeran ....
Aku kaget ... sak kal mencolot ...!!
Kuwatir lek onok-onok karo pithek jagoku ...!!"

Petruk :
"Hahahaha ....!!
Dasar uwong kedunyan ...
Iko lho.... pithekmu isik mbatang ngisor kombong ...!!
Sopo uwonge sing apene gelem nggondol ...!!"

Bagong :
"Lha .... kowe apene lapo Reng ?!
Undangan kendurene lak engkok bengi ...
Isik isuk uwis kelutusan nang pekaranganku ...!!"
(Ganti Bagong curiga nang Gareng)

Gareng :
"Uwis weruh Gong ....
Yen undangan kendurenmu iku engkok bengi ...!!
Lha... wong sak iki jamku mergawe golek barang bekas jare ...!!"

Bagong :
"Golek barang bekas kok sampek mlebu pekarangan mburi omahku ...
Hayoo ...!! Kowe ape golek-golek yoo ?!"

Gareng :
"Sundel Bolong ...!!
Pikiranmu kok podho karo Petruk ....
Opo mbok kiro aku apene golek-golek yoo ...?!
Opo mbok pikir aku apene pek-pinek barange wong liyo ...?!
Opo mbok pikir aku geleman colong ngono tach ...?!"
(Saut Gareng mangkel ketuduh Bagong)

Petruk :
"Mangkane kuwi sing dadi eker antarane aku ambek Gareng ...!!
Olah opo golek barang rosokan sampek mlebu pekarangane mburi omahe uwong !!
Lek gak golek-golek yoo Gong ...!!"
(Imbuh Petruk ...)

Gareng :
"Asu iku ...!!
Koen isik wae melok ngompor-ngompori Bagong ... Truk !!
Tak antem gak nggawe tangan .... perotol awakmu Truk ...!!"

Petruk :
"Oh..... Tak idoni awakmu .... Sido bosok kowe Reng...!!"

Bagong :
"Sik...sik... engkok dhisek...
Kowe kabeh opo ora mambu barang gosong tach ...?!"
(Bagong nyela eker-ekerane Petruk karo Gareng)

Gareng :
"Eeehmmm ..., iyo kok koyok mambu gosong ...!!"

Petruk :
"Lha...., iku ngono godhokan banyumu Gong ...!!
Opo uwis mbok patheni tach ....."

Bagong :
"Oh..., iyo Truk...!!
Durung tak patheni komporku ...
Ndang pathenono komporku....
Tulung Truk.... cepetan ....!!"

Petruk langsung mak - per mlebu nang pawoni Bagong ...
Ndelok banyu sing digodhog Bagong uwis sat ngletek ...
Pancine sampek ireng dadi areng kesatan banyu ....

BERSAMBUNG ...