Jumat, 08 November 2013

MBELEH PITHEK (5)

Punakawan Suroboyo

GUYONAN GORO-GORO

Kerungu onok rame-rame koyok wong gegeran, sak kal Bagong sing isih nggodok banyu mencolot koyok Jet lee ...

Sangking kaget lan kemalane, pencolotane Bagong lha kok malah dadi molo ...
Sikile sing tengen uwis menclok nang ngarep lawang, lha kok sing sikil kiwo kesandung kusen'ne lawang ...
Sido jungkir walik gulung gemek Bagong nyosop nang lemah ....

Suarane :
"Gedubraaaak .....!!
Braaak .....!!
Klontang .....!! "

Bagong :
"Wuadoooh Biyooong ....!!"
(Jerite Bagong koyok asu kesawat..., nalika gulung koming)

Kontan swara publik pithek nang pekarangan sing keweden wedi melok kathutan kebeleh sorak-sorai rame .... Keplok-keplok...., nyokorno Bagong ...

Pithek Wadon :
"Syokooor ....!!
Jongooor ......!!
Bongko'o mesisan Gong ....!!
Pethok...pethok....gok....gok....gok ....pethok....!!"

Jago Clipir :
"Hahahahhahaha......
Kapokmu kapan kowe Gong ....!!
Ndelosor.... koyok bebek nyosor ....!!
Kruk.... kukukruk ... kerrrrr ....!!"

Gerombolan Pithek Piyek :
"Hihihihii.... ucu...ucu....!!
Mas Agong ucu yek....!!
Iba njelungup ....!!
Okor....okor.... !!
Salahe apak'ku dieleh ...!!"

Petruk karo Gareng mung isok ndelongop ndelok Bagong ndelosor gulung kuming ...
Ora nyono Bagong sing jarene nggodok banyu..., lha kok uwis nyungsep ngambong lemah ...

Petruk :
"Koen iku lapo'ae sih Gong ....
Bedigasan koyok ngono ...?!"
(Jare Petruk setengah meringis ....)

Gareng :
"Gong ....!! Latihan gontok (=silat) ojok nang kene gong ...!!"
(Imbuh Bagong ... ngguyu koyok tekek )

Bagong :
"Jaaancoook ....!!
Malah pringisan kabeh ...!!
Tulungono aku Truk ...!!
(Jaluk Bagong kelaran sikile ...)

Petruk lan Gareng langsung nyedaki Bagong....
Awak'ke Bagong diangkat wong loro koyok nyaugking kucing wae ..
Bagong diseret, digowo metu disenden'no ngisor uwit jambu ...



BERSAMBUNG ....