Senin, 04 November 2013

MBELEH PITHEK (4)

Punakawan Suroboyo

BANYOLAN GORO-GORO :


Petruk :
"Kowe ndang nggodok banyu Gong ...!!"

Bagong :
"Iyoo ... Truk !! Tolong awasone pithek-ku yoo !!
Aku tak nggodok banyu ....!!"
(Karo nduding pithik'e)

Petruk :
"Sopo sing doyan mbadok pithek isik mentah kuwi Gong ...!!"
(Petruk mecicil motone)

Bagong :
"Lha ..., masih mati mentah yen digondol barang ora genah ....
Terus digowo nang pasar lak yoo lumayan tach Truk ...!!"
(Jare Bagong, melok-melok mecicil motone)

Petruk :
"Terus ...., kowe nuduh aku apene nggowo mlayu pithekmu ngono tach ?!
Sido tak sawat ungkal iki kowe Gong ....!!"
(Petruk ngeden-ngedeni 

Bagong :
"Sopo sing nuduh kowe Truk ...!!
Kok dadi salah pangerten karo aku ....?!
Aku mau lak ngomong ngene ....
Truk !! Tolong jogo'en pithek'e ....!! Aku tak nggodok banyu dhisek...!!
Mek kuwi thok !!"

Petruk :
"Yoo wis ndang nggodog banyu kono ....!!
Mumpung aku durung gregeten ....
Isok tak uncalno ndukur genteng pithekmu iku ....!!"

Bagong :
"Ojok Truk ...!!
Iku pithek gawe slametane Embok-ku engkok sore ....!!"

Bagong akhire, mlebu njero pawon nggodok banyu gawe mbubuti pithek'e sing mari dibeleh. Si-Petruk isik pethentang-pethenteng isik ora terimo , ngalor-ngidul karo ngomel koyok wong gendheng ngenteni godhok'an banyune Bagong mateng..... Ora nyono, si-Gareng teko karo nyangking gelangsing lan supit...

Gareng :
"Waduh ....!! Onok Juragan Petruk tibakne ?!"
(Sopo Gareng marang Petruk sing isik wae mbesengut)

Petruk :
"Koen Reng ....!! 
Mari tekok endi  kathek nggowo gelangsing ?! ..."
(Sindir Petruk ...)

Gareng :
"Biasa Truk ...!!
Golek koyo ngalor-ngidul ....
Gawe nguripe anak-bojo nang omah ....!!"
(Sahut Gareng enteng ....)

Petruk :
"Lha kowe arep lapo mlebu pekarangane Bagong ?!"

Bagong :
"Biasa Truk...!! Golek bekakas sing uwis ora kanggo...
Mbok menowo Bagong mbuwak bekakas sing isok tak lelesi ...!!"

Petruk :
"Golek barang bekas..., mosok sampek tumekan pekarng mburi omah koyok ngene Reng..!!
Kowe iku golek rosok'an opo mung golek-golek ...?!"

 Gareng :
"Jangkriik....!!
Cangkeme iku ngomong opo Truk ?!
Mbok pikir aku apene njupuk bekakase Bagong tach ...?!"
(Gareng mulai mecotot motone sing kero)

Petruk :
"Lho...., sampeyan kok mulai sewot ...?!"

Gareng :
"Tuduhanmu iku sing ora kepenak dirungokno kuping ....!!"

Petruk :
"Biasane lak yoo ngono toch Reng...?!"

Gareng :
"Mbokne amblek ...!!
Koen kiro aku pek pinek barang'e uwong ...
Ora mbadok ora opo-opo Truk ..!!
Timbangane aku nyolong..., luwih becik anak bojoku tangisan ora mangan koyoku ...!!
Jogo'en cangkeme iku ...!!"
(Sahut Gareng karo nduding congore Petruk)

Kerungu swara koyok uwong gegeran nang njaba omah, Bagong sing lagi ngodok banyu onok  pawon sak-kal jekekal  mencolot koyok Jet Lee ...


BERSAMBUNG .....