Kamis, 24 Oktober 2013

MBELEH PITHEK (3)

Mbeleh Pithek
GUYONAN GORO-GORO :
Pithek jago'ne Bagong akhire kebeleh ...
Solahe klepak-klepek sekarat ...
Jeritane pithek sing podho weruh kedadean iku malah tambah banter swarane ....
Jemlerit ndelok kekejemane bongso menungso ...

Pithek babon podho histeris kewedhen  ...
Ndelok lanangane sekarat ...
Eling karo jaman "Noroyono" biyen karo si-Jago ...

Sing Clipir podho tetangisan kelangan bapak ...
Ndrenginging karo nggiring adik-adike sing isik piyek, ndelik ngisore kombong ...
Lambene ora mari-mari  ngomel sesumbar karo menehi pitutur adik-adike :

Pithek Clipir Lanang : 
"Menungso ....menungso ...!!
Kejem-mu uwis ora keukur gedhene ...
Endogke bongsoku wis akeh sing mbok ceplok ... !!
Endogke bongsoku wis akeh sing mbok godhok ... !!
Endogke bongsoku wis akeh sing mbok badhok ...!!
Kukuruyuk....., yuk ....krrrr ...!!
Pancene tekek kabeh bongso menungso iku ...!!"

Pithek Clipir Wadon :
"Menungso .... menungso ....!!
Daginge bongsoku mbok emplok ....
Getih'ne bongsoku mbok gawe dideh ....
Wulu'ne bongsoku mbok gawe kemucing ....!!
Balungane bongsoku mbok pakak'no kucing ....!!
Kok ... kok.... kok.....kok ....kejem kowe yoo !!"

Pithek Piyek :
" Apak.... apak .... ba..... bapak ....ku ...!!
ati... bapak... ku ati...., bapak-ku mati .....!!
Piyek...piyek .....piyek .....!!"

Pithek Babon :
"Titenono yoo .... kowe bongso menungso ....!!
Sak iki aku uwis dadi rondo ....
Bojoku mbok rojopati ....
Kowe yoo bakale mati .... 
Pethok .... gok ..... gok ...gok ....pethok ...!!"

Ngono kuwi swarane bongso kewan ....
Sing isok ngartek'no mung Para Nabi, Para Wali, lan Para Kyai sing waskito sidik paningal ...
Weruh sak durunge winarah ...
Dudu para penjudi, para koruptor, para manipulasi, lan para begejil  koyok jaman saiki ...
Mung isok'e nggedek'no wethenge dhewe ...
Kemaruk karo isine bumi ....
Mbolo lan Ngiblat Danyange Dajal-Iblis Laknat-Mesakat .....


BERSAMBUNG ....