Rabu, 23 Oktober 2013

MBELEH PITHEK (2)

Mbeleh Pithek

BANYOLAN GORO-GORO :

Pithek Jago sing wis dicekel Bagong isik wae bengak-bengok njaluk diuculno...
Opo maneh ditambahi unine "paduan suara" babon, piyek lan konco-koncone Pithek Jago iku nambahi ramene geger petarangane Bagong ...

Tapi Bagong ora ngreken...
Pithek Jago sing marahi Bagong gulung koming, dikempit pinuju Si-Petruk sing lagi umek karo gelatine ...

Petruk :
"Ndang digowo mrene Gong ?!
Tak qiqah'ne pithek jagomu... !!"
(Awe tangan  si Petruk nang pojok'an )

Bagong :
"Iki lho Truk pitheke ...!!
Tak tinggal nggodok banyu gawe mbubuti pithek iki engkok ...!!"
(Bagong ngelungno pithek jago sing dikempit nang Petruk)

Petruk :
"Lha .... Terus sing ngerewangi nyekeli pithek'e sopo Gong ...!!
Embah-mu tach ...?!"

Bagong :
"Oh ... Iyo Truk !! 
Jaremu tanganmu telu ...!!
Lak yoo isok nyekeli dewe toch Truk ...!!"

Petruk :
"Tanganku telu... dengkulmu kuwi anjlok !!"
(Sahur Petruk ambek ngangkat tangane gantian kiwo-tengen)

Bagong :
"Lha telu... ngono lho Truk ...?!"

Petruk :
"Endhi si-Gong ....!!
Siji ...., loro ..... ngene lho !!
Dasar...., kowe  mbok'ne amblek ...!!"
(Petruk mendelik moto'ne)

Bagong :
"Lha sing methungul iku ora kowe ethung Truk ....!!"
(Tangane Bagong nduding barang sing methungul nang jepitane Petruk si lungguh ndodok...)

Petruk :
"Oh.... dasar Bagong mesakat ...!!
Iki ngono jimatku ....!!"

Bagong :
"Hehehe ...., iku ngono jimatmu tach Truk ...!!
Layak..., mulai mau kok melok awe-awe wae ...!!"
(Jare Bagong tambah ngece)

Petruk :
"Awe-awe amergo durung koen wenehi sarapan Gong ...!!
Isuk-isuk uwis mbok jaluki tulung mbeleh pethek ...!!
Yoo koyok ngene iki akibate ...!!"

Bagong :
"Mangkane talah ....
Jimat mung siji kudhu sregep kowe rumat Truk ...!!
Delok'en rambute dowone sampek dawul-dawul koyok ngono ...!!"

Petruk :
"Jangkriiik .....!!
Tak tinggal moleh koen engkok Gong ....!!
Belehen dewe pithekmu lek ngono ...!!"

Bagong :
"Peace ....peace .... Truk !!
Ngono wae kowe uwis nesu ...!!
Opo ora kepingin tach opah rokok sak sangune ...?!
Eman-eman lho ... lek tak wenehno wong liyo ...!!"
(Bagong ngrayu ....)

Petruk :
"Yo... ngene iki kelemahanku Gong ...!!
Lek krungu jenenge rokok .....
Semangatku mbalik seger maneh ...
Hehehehe ....
Ayooo ...., cekelono dhisek pitheke tak belehe ...!!"

Bagong :
"Lha ... ngono lak yoo kepenak uripmu Truk ...!!"

Gak suwe, pithek jagone si-Bagong akhire klepek-klepek ...
Sak uwise gelati sing dicekel Petruk nyambut gawe ...
Getih abang mancur mak crut mbelarah sak paran-paran saka polahe pithek  sing mari dibeleh ...


BERSAMBUNG